Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 7 >> 

1Suléman uga yasa kedhaton kagem piyambak. Lawasé yasa telulas taun.

2(7:2-3) Ing kedhaton mau ana bangsal sing disebut "Bangsal Alas Libanon". Bangsal mau dawané 44 mèter, ambané 22 mèter lan dhuwuré 13,5 mèter. Ing kono ana cagaké telung larik, sing digawé saka kayu cemara Libanon; saben larik cagaké limalas. Usuké uga kayu cemara Libanon. Usuk-usuk mau ditutupi nganggo pyan, kang uga kagawé saka kayu cemara Libanon.

3(7:2)

4(7:4-5) Témboké bangsal mau kiwa-tengen ana jendhélané telung larik, adhep-adhepan Lawang-lawang lan jendhéla-jendhéla mau nganggo wengku pesagi dawa.

5(7:4)

6Suléman uga yasa "Bangsal Saka," dawané 22 mèter, ambané 13,5 mèter. Ing ngarepé bangsal ana èmpèré, nganggo payon lan cagak-cagak.

7Bangsal liyané yakuwi "Bangsal Dhampar," sing iya disebut "Bangsal Pengadilan". Bangsal mau saka jrambah tekan usuk-usuké dilapis nganggo kayu cemara Libanon. Ana ing bangsal kono Suléman ngadili wong sing padha prekaran.

8Pedalemané Suléman dhéwé digawé kaya gedhong-gedhong liyané ana ing samburiné "Bangsal Pengadilan". Kanggo garwané, putri Mesir, Suléman yasa dalem padha karo dalemé dhéwé.

9Gedhong-gedhong mau kabèh semono uga platarané digawé saka watu-watu sing apik banget. Watu-watu mau penggarapané diiras ana ing panggonané. Ana ing kana watu-watu mau dikethoki miturut ukuran sarta diratakaké ngarep mburi nganggo grénda.

10Mengkono uga watu-watu sing kanggo pondhasi digarap ana ing panggonané njupuk watu-watu mau, ana sing dawané telu setengah mèter, ana sing patang mèter.

11Sandhuwuré pondhasi dipasangi watu-watu liyané sing dikethok miturut ukuran, banjur dilapisi kayu cemara Libanon.

12Platarané kedhaton, platarané Pedalemané Allah lan èmpèran ngarep dikubengi témbok sing dilapis nganggo watu, saben témbok telung lapisan watu diselingi salapisan kayu cemara Libanon.

13Suléman utusan methuk wong lanang jeneng Huram saka kutha Tirus. Wong kuwi tukang ngukir-ukir barang-barang saka prunggu.

14Jenaté bapakné biyèn iya tukang ukir barang-barang saka prunggu ing Tirus lan ibuné wong saka taler Naftali. Huram kuwi wong sing ahli temenan lan akèh pengalamané ing babagan kagunan ukir-ukiran. Mula Huram didhawuhi ngepalani sakèhé pegawéan sing migunakaké bahan prunggu, lan Huram dhéwé iya saguh.

15(7:15-20) Huram nyithak cagak loro saka prunggu, siji-sijiné dhuwuré 8 mèter lan gedhéné 5,3 mèter; kandelé 7,4 sènti mèter. Cagak-cagak mau kothong, tanpa isi. Uga nyithak endhasé cagak loro saka prunggu, siji-sijiné dhuwuré 2,2 mèter. Endhas prunggu mau dipasang ing sandhuwuré cagaké, Pérangané endhas mau sing ndhuwur 1,8 mèter, direngga nganggo ukiran kembang bakung. Ing sangisoré direngga nganggo ukiran ranté sing dinam, lan woh dlima rong larik. Saben cagak endhasé ana ukirané woh dlima rong atus. Rerenggan mau kabèh kagawé saka prunggu.

16(7:15)

17(7:15)

18(7:15)

19(7:15)

20(7:15)

21(7:21-22) Endhasé cagak sing direngga mau dipasang ana ing sandhuwuré cagaké, sing dipapanaké ana ing ngarep lawang Pedalemané Allah. Cagak sing ana ing sisih Kidul dijenengaké Yakhin, lan sijiné, ing sisih Lor dijenengaké Boas. Sawisé cagak-cagak mau dipasang, penggarapé cagak-cagak wis rampung.

22(7:21)

23Huram banjur gawé kulah bunder saka prunggu, ukurané mengkéné: jeroné 2,2 mèter, garis tengahé 4,4 mèter lan ubengé 13,2 mèter.

24Sisih njabané kulah mau direngga nganggo ukiran woh labu, sing dicithak bebarengan karo kulahé.

25Kulah mau didokokaké ing gegeré rerékan sapi rolas saka prunggu, sing padha madhep metu, saben sapi telu madhepé padha.

26Kandelé kulah mau 75 mili mèter. Pinggirané kulah digawé kaya lambé cangkir, mlengkung metu, mulané rupané kaya kembang bakung sing lagi mekar. Kulah mau cukup diisèni banyu 40.000 liter.

27Huram uga yasa kréta sepuluh saka prunggu. Siji-sijiné dawané lan ambané 1,8 mèter, dhuwuré 1,3 mèter.

28Ing ndhuwuré ana blabag pesagi, nganggo wengku.

29Blabag-blabag mau direngga nganggo gambar singa, sapi lan malaékat-malaékat. Wengku mau ngisor ndhuwur ana gambaré singa lan sapi lan ana rerenggané ukiran kembang-kembangan.

30Rodhané kréta-kréta mau papat, digawé saka prunggu, semono uga indhèné. Ing pojok-pojoké kréta lan cagak sing nyangga payon, uga saka prunggu; sisih-sisihé dihias nganggo kembangan.

31Ing sandhuwuré cagak-cagak mau ana wengkuné bunder kanggo wadhah kuwali. Wengkuné dhuwuré 66 sènti mèter, sing 44 sènti mèter ing sandhuwuré blabag, sing 22 sènti mèter ing sangisoré. Wengku mau uga diukir-ukir.

32Rodhané dhuwuré 66 sènti mèter, kaprenah ing sangisoré blabag-blabag. Indhèn, rodha lan krétané dadi siji.

33Rodha-rodha mau rupané kaya rodha kréta perang. Wengkuné rodha, ruji, indhèn lan panggonané indhèn kabèh digawé saka prunggu.

34Saben pojoké kréta sisih ngisor ana cekelané papat, dadi siji karo krétané.

35Ing kréta mau sing ndhuwur, mubeng ana pinggirané, ambané rong puluh sènti mèter. Cagak sing nyangga lan blabag-blabagé kabèh dadi siji karo krétané.

36Cagak-cagak sing nyangga lan blabag-blabag kabèh endi sing sela, dihias nganggo malaékat-malaékatan, singa, lan wit palem, déné sakiwa-tengené diwènèhi kembang-kembangan.

37Kaya mengkono enggoné gawé kréta-kréta mau. Gedhéné lan wanguné padha kabèh.

38Huram uga gawé jembangan gedhé sepuluh, kanggo saben kréta siji. Jembangan mau garis tengahé 1,8 mèter lan amot banyu wolung atus liter.

39Huram ndokokaké kréta lima ana ing sakidulé Pedalemané Allah, sing lima ing saloré. Déné kulahé prunggu didokokaké ing pojok sisih Kidul-wétan.

40(7:40-45) Huram uga gawé kwali-kwali, penyodhok-penyodhok lan pengaron-pengaron. Sawisé kuwi mau kabèh rampung, pegawéané Huram wis rampung babar-pisan. Prabot-prabot sing digawé déning Huram kuwi daftaré mengkéné: Cagak gedhé loro. Endhas cagak loro, ditumpangaké ing ndhuwuré cagak loro mau. Ranté nam-naman ing saben endhas cagak. Dlima saka prunggu patang atus, sing dipasang dadi rong larik, saben larik ana dlimané satus ngubengi nam-naman ranté, sing ana ing saben endhasé cagak. Kréta sepuluh. Kwali gedhé sepuluh. Kulah prunggu. Sapi prunggu rolas sing nyangga kulah mau. Kwali-kwali, sorok-sorok lan pengaron-pengaron. Kuwi kabèh prabot kanggo ing Pedalemané Allah sing digawé déning Huram saka prunggu atas dhawuhé Raja Suléman, kabèh digosok nganti gilap.

41(7:40)

42(7:40)

43(7:40)

44(7:40)

45(7:40)

46Prabot mau kabèh dicithak manut dhawuhé Sang Prabu ana ing pangecoran logam, ing antarané Sukot lan Zartan ing Lebak Yardèn.

47Suléman ora dhawuh nimbang prabot mau kabèh, merga saka aboté. Mulané pira boboté barang-barang mau ora ana sing ngerti.

48(7:48-50) Suléman iya dhawuh gawé prabot saka emas kanggo Pedalemané Allah, yakuwi wujud: Mesbèh. Méja kanggo roti saosan marang Allah. Cagak lampu sepuluh, sing didegaké ing ngarepé Papan Mahasuci, lima ing sisih Kidul lan lima ing sisih Lor. Kembang-kembangan. Lampu-lampu. Japit-japit. Mangkok-mangkok. Piranti kanggo matèni lampu. Pengaron-pengaron. Anglo-anglo. Èngsèl-èngsèl kanggo lawangé Papan Mahasuci lan lawang-lawangé Pedalemané Allah sing sisih njaba.

49(7:48)

50(7:48)

51Sawisé Raja Suléman ngrampungaké sakèhé pegawéan sing kanggo Pedalemané Allah banjur nyimpen sakèhé slaka, emas lan barang-barang liyané sing disaosaké déning Raja Dawud, marang Allah ana ing gudhang-gudhangé Pedalemané Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel