Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 11 >> 

1Sawisé lelakon mau Nahas, raja Amon, ngumpulaké prejurité, banjur ngepung kutha Yabès ing wilayah Giléad. Wong-wong ing Yabès padha usul marang Nahas mengkéné, "Kula aturi damel prejanjian kaliyan kula, kula badhé teluk kaliyan panjenengan."

2Nahas mangsuli, "Aku gelem gawé prejanjian, nanging mripatmu sing tengen bakal dakcuplaki kanggo ngrèmèhaké wong-wong Israèl."

3Para pemimpining kutha Yabès matur, "Kula nyuwun inah dangunipun pitung dinten, supados kula saged nyebar kèngkènan dhateng tlatah Israèl sedaya. Menawi mboten wonten ingkang purun nulungi, kula sedaya badhé pasrah dhateng panjenengan."

4Sing padha dikongkon tekan Gibéa, panggonané Saul. Bareng padha dikandhani, bangsa mau nangis, sebab ora duwé pengarep-arep.

5Dhèk semana Saul lagi waé teka saka tegalané karo nggiring sapiné. Saul banjur takon, "Ana apa? Yagéné padha nangis?" Banjur diaturi kabar sing digawa déning kongkonan saka Yabès mau.

6Bareng krungu, Saul banjur ditedhaki déning Rohé Allah.

7Saul nepsu banget, banjur njupuk sapi loro, ditengkel-tengkel dadi akèh banget. Tengkelan mau banjur dikirimaké menyang ing satlatahing tanah Israèl kanthi préntah mengkéné, "Sapa sing ora mèlu nglurug perang mbantu Saul lan Samuèl, sapiné iya bakal padha ditengkel-tengkel kaya iki!" Gusti Allah ndadèkaké wediné bangsa Israèl, mulané kabèh padha nglurug bebarengan, ora ana sing kèri.

8Wong-wong mau dikumpulaké ing Bèzèk lan diétung: Ana wong Israèl 300.000, lan wong Yéhuda 30.000.

9Kongkonan saka Yabès banjur dituturi mengkéné, "Kandhakna karo wong-wong ing Yabès, yèn sésuk sadurungé tengangé bakal padha olèh pitulungan." Bareng wong-wong ing Yabès padha nampa welingan mau, atiné padha seneng banget.

10Aturé wong-wong mau marang Nahas, "Mbénjing-énjing kula sami badhé pasrah, nyumanggakaken sakersa panjenengan."

11Ésuké, ésuk banget, Saul mbagé wong-wongé dadi telung golongan. Wayahé byar ésuk banjur padha nrajang satengahing kémahé wong-wong Amon sarta nyerang wong-wong mau, sadurungé awan. Wong-wong Amon sing bisa lolos padha buyar pating slebar, nganti ora ana wong loro sing bisa mlayu bebarengan.

12Bangsa Israèl banjur padha matur marang Samuèl, "Wonten ing pundi tiyang-tiyang ingkang wantun criyos bilih Saul mboten pantes dados raja kita? Prayogi panjenengan pasrahaken dhateng kula, badhé kula pejahi."

13Nanging Saul kandha, "Siji waé aja ana sing matèni dina iki, sebab Gusti Allah wis mbébasaké bangsa Israèl."

14Samuèl banjur kandha karo wong-wong mau, "Ayo padha menyang Gilgal lan sepisan engkas ngresmèkaké Saul dadi raja kita."

15Wong-wong kabèh banjur padha menyang Gilgal, lan ing papan pangibadah kono Saul diresmèkaké dadi raja. Wong-wong padha nyaosaké kurban suci, déné Saul sarta bangsa Israèl kabèh banjur padha bungah-bungah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel