Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 14 >> 

1Ing sawijining dina Yonatan kandha karo pemuda sing nggawa gegamané, "Ayo, padha menyang pos Filistin ing sabrang kana!" Lungané mau ora pamit bapakné.

2Dhèk semana Saul lagi ana sangisoring wit dlima ing Migron, ora adoh saka Gibéa. Balané sing mèlu cacahé kira-kira wong nem atus.

3(Imam sing nggawa éfod, Ahiya, anaké Ahitub, yakuwi seduluré Ikabod. Ikabod kuwi anaké Pinéhas, lan Pinéhas anaké Èli, imamé Gusti Allah ing Silo.) Wong-wong iya ora weruh yèn Yonatan wis lunga saka kono.

4Supaya bisa tekan pos Filistin mau, Yonatan kudu ngliwati jurang sing diapit watu karang sing pating cringih loro; sing siji jenengé Bosès, sijiné Sènèh.

5Watu karang ing sisih Lor ngadhepaké Mikmas, lan ing sisih Kidul ngadhepaké Géba.

6Yonatan banjur kandha karo pemuda mau, "Ayo padha lunga menyang posé wong Filistin, wong kapir kuwi. Mbokmenawa Gusti Allah kersa nulungi kita, sebab Gusti Allah bisa maringi kemenangan, lantaran wong akèh utawa wong sethithik."

7Pemuda mau matur, "Menapa kémawon ingkang sampéyan tindakaken, kula tetep ndhèrèk."

8"Iya becik," tembungé Yonatan. "Sadurungé nyabrang, kita ngaton.

9Yèn wong-wong mau akon kita mandheg, ngentèni tekané kita bakal tetep ana ing panggonan kita lan ora sida nyabrang.

10Nanging yèn padha akon kita mrana, kita bakal mrana. Kuwi tandhané Gusti Allah wis maringaké wong-wong mau marang kita."

11Bareng wong loro mau padha ngaton, wong-wong Filistin banjur ngucap, "Delengen, ana wong-wong Ibrani sing metu saka guwa pandhelikané!"

12Banjur padha mbengoki Yonatan lan baturé, "Munggaha mréné! Kowé arep dakajar!" Yonatan banjur kandha karo pemuda mau, "Mèlua aku, merga wong-wong kuwi wis dipasrahaké déning Gusti Allah marang bangsa Israèl."

13Yonatan mbrangkang munggah dietutaké pemuda mau. Angger Yonatan mencungul, ngepruk wong Filistin nganti ambruk, pemuda ing mburiné sing matèni.

14Perang sing wiwitan kuwi, Yonatan lan pemuda mau matèni kira-kira wong rong puluh, ing wilayah sing ambané seprapat hèktar.

15Kabar mau nggègèraké wong Filistin ing kémah-kémah lan ing ara-ara. Wong Filistin ing pos pejagan sarta rombongan rampog padha wedi; malah buminé gonjing ndadèkaké huru-hara sing hébat.

16Dhèk semana prejurit pengarepé Saul ing Gibéa, ing wilayahé Bènyamin, weruh yèn wong Filistin padha bingung mlayu mrana-mréné.

17Saul banjur préntah marang prejurité, "Para prejurit étungen lan priksanen sapa sing ora ana!" Prejurité banjur padha nindakaké préntah mau lan padha weruh yèn Yonatan lan pemuda sing nggawa gegaman ora ana.

18"Éfodé gawanen mréné," tembungé Saul marang imam Ahia. (Ing dina kuwi Ahia nggawa éfod ing sangareping wong-wong Israèl.)

19Nalika Saul lagi omong-omong karo imam mau, wong-wong Filistin ing kémah saya gègèr, nganti Saul kandha karo imam, "Wis ora ana wektu menèh kanggo nyuwun dhawuh marang Gusti Allah."

20Saul lan para prejurité padha maju menyang ing peprangan.

21Wong-wong Ibrani sing manggon ing wilayahé wong Filistin, lan sing wis mèlu balané wong Filistin, banjur padha mbalik, mèlu Saul lan Yonatan.

22Mengkono uga wong-wong Israèl sing padha ndhelik ing pegunungan Éfraim, bareng krungu yèn wong Filistin padha keplayu, banjur padha mèlu maju perang.

23Enggoné padha perang urut dalan nganti ngliwati Bèt-Awèn. Ing dina kuwi Gusti Allah mitulungi wong Israèl.

24Merga saka luwéné, ing dina kuwi wong-wong Israèl wis ora duwé kekuwatan menèh: mangka Saul wis sumpah mengkéné, "Kenaa ing ipat-ipat sapa sing mangan apa waé ing dina iki, sadurungé aku males ukum marang mungsuhku." Mulané sedina muput ora ana sing mangan.

25Wong-wong mau banjur tekan alas sarta nemu madu akèh banget,

26nanging ora ana wong siji waé sing ngicipi, sebab wedi sumpahé Saul.

27Nanging Yonatan ora krungu yèn bapakné wis nyumpahi wong-wong kuwi; mulané tekené disogokaké ing talané sing isi madu, banjur dijupuk maduné lan dipangan. Wusanané banjur krasa luwih kuwat.

28Banjur ana prejurit matur marang Yonatan, "Kula sedaya sampun mboten gadhah kekiyatan malih mergi luwé. Nanging bapak sampéyan sampun ngajrih-ajrihi kula kanthi sumpah."

29Yonatan mangsuli, "Pancèn kebangeten sing ditindakaké bapakku. Delengen, sawisé mangan madu sethithik waé aku saiki dadi kuwat.

30Upama ing dina iki wong-wong kena mangan pangan sing dirampas nalika ngalahaké mungsuh, wong-wong Filistin sing kita patèni mesthi luwih akèh."

31Ing dina kuwi wong Israèl padha ngalahaké wong Filistin ing sauruting dalan saka Mikmas nganti tekan Ayalon. Nanging wong Israèl dadi padha kesel banget,

32nganti padha ngrebut barang rampasan saka mungsuh; wedhus gèmbèl, sapiné padha dijupuki lan disembelèh ing panggonan kono; daging sing isih ana getihé padha dipangan.

33Saul banjur diaturi mengkéné, "Sang Prabu, para kawula sami damel dosa dhateng Gusti Allah, sebab sami nedha daging kaliyan rahipun." "Kowé padha nglakoni piala!" pambengoké Saul. "Glundhungna watu sing gedhé mréné."

34Pangucapé menèh marang wong-wong sing nggawa kabar mau, "Para kawula padha konen mréné nggawa sapi lan wedhusé gèmbèl, disembelèha ing sandhuwuring watu iki lan dipangana ing kéné. Srana mengkono wong-wong padha ora mangan daging sagetihé lan ora gawé dosa menèh marang Allah." Ing bengi kuwi uga para kawula kabèh padha nggawa rampasané lan nyembelèh kéwan-kéwané ana ing kono.

35Saul banjur ngedegaké mesbèh kagem Gusti Allah; yakuwi mesbèh sing kawitan.

36Saul banjur kandha karo para prejurité, "Ayo kita padha nyerang wong Filistin bengi iki, banjur ngrampog lan matèni wong-wong kuwi tekan ésuk." Aturé wong-wong, "Mangga sakersa panjenengan." Nanging aturé imam, "Mangga langkung rumiyin nyuwun pitedah dhateng Gusti Allah."

37Saul banjur nyuwun marang Gusti Allah, "Menapa kepareng kula nyerang tiyang Filistin? Menapa tiyang-tiyang menika Panjenengan pasrahaken dhateng tanganipun tiyang Israèl?" Nanging ing dina kuwi Gusti Allah ora paring wangsulan.

38Mulané Saul kandha karo para pemimpining prejurité, "Mrénéa lan priksanen, dosa apa sing padha ditindakaké ing dina iki.

39Aku janji atas asmané Allah kang gesang, sing wis maringi kemenangan marang Israèl, yèn ana sing salah bakal diukum pati, senajan Yonatan, putraku pisan." Nanging ora ana siji waé sing wani mangsuli.

40Saul banjur préntah marang bangsa Israèl kabèh, "Kowé kabèh padha ngadega ing sisih kana, déné aku lan Yonatan ngadeg ana ing sisih kéné." Aturé wong-wong, "Mangga sakersa panjenengan."

41Saul banjur ndedonga, "Gusti, Allahipun Israèl, menapa sebabipun Paduka mboten paring wangsulan dhateng kawula? Gusti, mugi paring wangsulan lumantar séla-séla ingkang suci menika. Menawi kalepatan menika wonten ing kawula utawi Yonatan, mugi kaparingan wangsulan, Urim; nanging menawi kalepatan menika wonten ing umat Paduka Israèl, mugi kaparingan wangsulan, Tumim." Déné kang katuding déning Allah Yonatan lan Saul; yèn mengkono para prejurité ora salah.

42Pangucapé Saul, "Temtokna ing antarané aku lan Yonatan." Banjur Yonatan sing dianggep salah.

43Saul banjur takon marang Yonatan, "Apa sing wis koktindakaké?" Yonatan matur, "Kula sampun ngicipi madu nganggé pucuking teken kula; kula purun pejah."

44Pangucapé Saul marang Yonatan, "Yonatan, muga-muga yèn kowé ora diukum pati, aku diukum déning Allah."

45Nanging wong-wong padha matur marang Saul, "Menapa Yonatan kedah dipun ukum pejah? Mangka Yonatan ingkang miwiti damel kemenangan ageng menika? Mboten! Kula sami janji atas asmanipun Gusti Allah ingkang gesang, Yonatan mboten badhé kécalan rambutipun saler kémawon saking sirahipun. Mergi pitulunganipun Allah, piyambakipun saged unggul ing dinten menika." Srana mengkono Yonatan diuwalaké saka ukuman pati déning wong akèh.

46Sawisé kuwi wong Filistin banjur padha bali menyang wilayahé dhéwé, sebab Saul ora nututi wong-wong kuwi menèh.

47Sawisé Saul dadi rajané bangsa Israèl, banjur nganakaké peprangan nglawan mungsuhé Israèl kabèh, yakuwi wong Moab, wong Amon, wong Édom, raja-raja Zoba, lan wong Filistin. Ing peprangan ngendi waé Saul tansah unggul.

48Enggoné perang kanthi gagah prakosa lan ngalahaké wong Amalèk, sarta nguwalaké Israèl saka pangwasané rampog.

49Para putrané Saul yakuwi: Yonatan, Yiswi lan Malkisua. Déné putrané putri sing mbarep jenengé Mérab lan sing nomer loro Mikhal.

50Garwané jenengé Ahinoam, anaké Ahimaas; sénapatiné Abnèr, anaké Nèr, pamané Saul.

51Kis bapakné Saul, lan Nèr, bapakné Abnèr, kuwi padha anaké Abièl.

52Selawasé urip Saul tansah perang nglawan wong Filistin, mulané yèn Saul weruh ana wong kuwat utawa kendel, énggal-énggal didadèkaké prejurit.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel