Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 18 >> 

1(18:1-2) Sawisé Saul lan Dawud rampung enggoné omong-omongan, Dawud diangkat dadi pegawéné Saul lan wiwit ing dina kuwi, ora olèh mulih menyang omahé wong tuwané. Yonatan, putrané Saul, wis krungu enggoné padha omong-omongan mau, lan kepranan karo Dawud, sarta enggoné nresnani kaya marang awaké dhéwé.

2(18:1)

3Mulané Yonatan banjur sumpah bakal dadi kancané Dawud ing selawasé.

4Yonatan mbukak jubahé sing dienggo, banjur diwènèhaké Dawud, mengkono uga sandhangané perang, pedhangé, gendhéwané lan sabuké.

5Dawud maju perang lan tansah unggul menyanga ngendi waé enggoné kautus déning Saul. Mulané banjur diangkat dadi sénapati déning Saul. Déné Dawud ditresnani déning para prejurité kabèh sarta déning para kawulané Saul.

6Sawisé ngalahaké Goliat, wong Filistin, Dawud bali bebarengan karo para prejurit mlebu kutha. Para wong wadon padha metu saka kutha-kutha ing Israèl methukaké Raja Saul. Wong-wong mau padha menyanyi lan jejogèdan karo nabuh trebang lan clempung.

7Karo bungah-bungah wong-wong wadon padha menyanyi mengkéné, "Saul wis matèni mungsuh éwon, nanging Dawud puluhan éwon."

8Krungu mengkono mau Saul nepsu banget. Tembungé, "Dawud kokdiarani wis matèni puluhan éwon, mangka aku mung éwon waé. Sedhéla menèh dhèwèké mesthi didadèkaké raja déning wong-wong kuwi."

9Wiwit nalika dina kuwi Saul sengit marang Dawud.

10Ésuké Saul ana ing kamaré lagi nyekel tumbak, déné Dawud lagi main clempung kaya adaté. Dumadakan Saul ditekani roh ala sing diutus déning Gusti Allah, nganti ngamuk kaya wong édan.

11"Dawud, daktancebné ing témbok!" gagasané, banjur nlorongaké tumbaké nganti ping pindho ngancam Dawud. Nanging Dawud tansah bisa éndha.

12Saul weruh yèn Dawud tinunggil ing Allah, mangka dhèwèké dhéwé tinilar. Mulané dhèwèké dadi wedi karo Dawud.

13Saul banjur nglungakaké Dawud saka kraton, lan didadèkaké penggedhéné prejurit sèwu. Srana mengkono saben ana peprangan Dawud mimpin prejurité.

14Enggoné nindakaké kuwajibané tansah kasil, sebab tinunggil ing Allah.

15Bareng Saul weruh yèn Dawud tansah begja, Saul saya wedi marang Dawud.

16Nanging bangsa Israèl lan Yéhuda kabèh padha tresna, sebab Dawud dadi penggedhé sing akèh jasané.

17Saul ngrancang supaya Dawud dipatèni déning wong Filistin ing sajroning peprangan, dadi dudu dhèwèké dhéwé sing matèni. Ing sawijining dina Saul kandha karo Dawud, "Mérab anakku wadon sing mbarep bakal dakwènèhaké kowé, angger kowé gelem perang kagem Gusti Allah."

18Wangsulané Dawud, "Kula menika sinten, saha brayatipun bapak kula ing Israèl menika aosipun menapa, ngantos kula dados mantunipun Raja?"

19Nanging, bareng wis tekan wektuné, Mérab sing arep dijodhokaké karo Dawud mau jebul diningkahaké karo Adrièl saka Méhola.

20Nanging Mikhal, putrané Saul liyané, tresna karo Dawud. Bareng Saul krungu bab kuwi, banjur seneng banget.

21Pangunandikané, "Mikhal bakal daktawakaké Dawud, supaya Dawud kena ing bebaya lan dipatèni déning wong Filistin." Dadi Saul ngucap marang Dawud sing ping pindhoné, "Saiki kowé kena dadi mantuku."

22Saul banjur kongkonan punggawané supaya padha omong karo Dawud kanthi dhedhemitan, mengkéné, "Sang Prabu tresna dhateng sampéyan, mekaten ugi para punggawa sedaya. Dados samenika sampun wekdalipun kanggé sampéyan krama kaliyan putranipun."

23Nanging nalika wong-wong mau padha mrayogakaké mengkono marang Dawud, Dawud mangsuli, "Menapa sampéyan kinten gampil dados mantunipun raja? Kula rak tiyang mlarat saha asor."

24Wangsulané Dawud mau padha diaturaké marang Saul,

25lan Saul kongkonan wong-wong mau kandha marang Dawud, mengkéné, "Ingkang dipun kersakaken Sang Raja minangka mas kawin namung ikutipun tiyang Filistin satus, minangka pemales tumrap mengsahipun Sang Prabu." (Yaiki rancangané Saul kanggo ngulungaké Dawud marang tangané wong Filistin.)

26(18:26-27) Para punggawané Saul padha nerusaké welingan mau marang Dawud; déné Dawud nyaguhi dadi mantuné raja. Mulané sadurungé tutug wektuné, dhèwèké karo prejurité mangkat menyang wilayah Filistin, matèni wong Filistin rong atus. Ikuté wong-wong mau padha dijupuki lan diaturaké marang Saul cacahé genep. Sawisé kuwi Saul banjur ningkahaké Mikhal karo Dawud.

27(18:26)

28Mengkono mau Saul enggoné weruh kanthi cetha, yèn Dawud tinunggil ing Allah lan uga ditresnani déning Mikhal anaké wadon.

29Mulané Saul saya wedi karo Dawud lan selawasé gething karo Dawud.

30Saben-saben prejurit Filistin nglurug perang, Dawud enggoné numpes wong-wong Filistin luwih akèh tinimbang para penggedhéné Saul liyané. Mulané jenengé Dawud saya kondhang.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel