Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 13 >> 

1Iki sing ping teluné enggonku arep nekani kowé. Ana ayating Kitab suci sing surasané: "Saben pandakwa kudu nganggo paseksiné wong loro utawa telu."

2Aku kepéngin ngélingaké menèh para sedulur sing dhèk biyèn padha nglakoni dosa lan uga kowé kabèh. Aku dhèk biyèn ya wis tau ngélingaké kowé, nalika aku nekani kowé sing ping pindhoné. Saiki senajan aku adoh karo kowé, aku arep ngélingaké sepisan engkas, supaya samasa mbésuk aku teka menèh, aku ora bakal ngéman sapa waé.

3Kowé bakal olèh sakèhing bukti sing kokkarepaké, yèn Sang Kristus nyata wis ngandika lantaran aku. Yèn Sang Kristus lelayanan karo kowé Panjenengané ora kaya wong sing tanpa daya, nanging bakal ngetingalaké pangwasané ana ing antaramu.

4Sebab senajan nalika disédani ing kayu salib Panjenengané nandhang kaapesan, nanging saiki Panjenengané gesang ngagem pangwasané Gusti Allah. Ana ing patunggilané Sang Kristus aku uga nandhang kaapesan, nanging ing bab urusanku karo kowé, aku uga padha urip karo Panjenengané nganggo pangwasané Gusti Allah.

5Titinen awakmu dhéwé, apa kowé padha urip sajroning precaya. Kowé mesthi ngerti apa Sang Kristus Yésus ana ing kowé apa ora, semono mau menawa precayamu ora luntur.

6Aku ngandel, yèn kowé bakal ngerti menawa precayaku padha ora luntur.

7Pandongaku marang Gusti Allah, supaya kowé aja padha gawé dosa. Ora koksupaya pegawéanku katon metokaké woh, nanging supaya kowé padha nindakaké apa sing bener, senajan aku katoné padha gagal.

8Awit prekara sing bener ora kena kita lawan, mung kudu kita turut.

9Aku padha bungah senajan apes, angger kowé padha rosa. Panyuwunku supaya kowé padha dadia sampurna.

10Yakuwi sebabé aku nulis layang iki sajroné aku isih adoh karo kowé, supaya menawa aku mbésuk teka, aku ora susah tumindak keras, lan nggunakaké pangwasa sing kaparingaké marang aku déning Gusti. Pangwasa mau ora kanggo ngrusak kowé, nanging kanggo mbangun.

11Wusana, para sedulur, karia slamet! Padha ngudia supaya kowé padha sampurna, lan padha mbangun-turuta marang pituturku. Sing padha nunggal ati lan padha rukun, temahan Gusti Allah Kang Mahatresna lan dadi sumbering pirukun kuwi bakal nunggil karo kowé.

12Padha sesalamana nganggo salam paseduluran.

13(13-12b) Para warganing pasamuwané Allah kabèh padha kirim salam marang kowé.

14(13-13) Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus, lan sihé Allah tuwin berkahé Sang Roh Suci kaparingna marang kowé kabèh. Saka aku sekloron, Paulus lan Timotius


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Korintus 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel