Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Petrus 3 >> 

1Para sedulur kang dakkasihi. Iki layangku sing kapindho marang kowé. Ana ing layang loro-loroné aku ngudi nangèkaké gagasan-gagasan sing murni sajroning atimu.

2Srana ngélingaké kowé marang pangandika sing biyèn wis kadhawuhaké déning para nabiné Allah, lan marang dhawuhé Gusti lan Juru Slamet lumantar para rasul marang kowé.

3Sing luwih dhisik kudu koksumurupi yakuwi mbésuk ing dina-dina wekasan, bakal ana wong-wong sing moyoki kowé; wong-wong kuwi uripé padha nuruti hawa-nepsuning daging.

4Pangucapé: "Jaré Gusti Yésus janji arep rawuh menèh? Lha endi? Wiwit nalika sédané para leluhur kita, tekan sepréné samubarang kabèh ajeg waé kaya nalika donya katitahaké!"

5Wong-wong kuwi njarag ora gelem ngakoni yèn wiwit biyèn mula wis ana langit lan bumi, sing katitahaké déning sabdaning Allah. Bumi kuwi dadiné saka banyu lan srana banyu;

6lan merga déning banyu uga, bumi sing biyèn kuwi disirnakaké, yakuwi déning banjir gedhé.

7Nanging déning sabdaning Allah uga langit lan bumi sing saiki iki, sing mbésuk bakal kasirnakaké klawan geni, kareksa nganti tekan dinané para wong duraka diadili lan ditumpes.

8Mung waé para kekasih, kowé aja kelalèn prekara siki iki, yakuwi ing ngarsané Gusti sedina kuwi ora ana bédané karo sèwu taun. Kagem Panjenengané loro-loroné padha waé.

9Gusti ora mblénjani janji sing diparingaké, kaya penganggepé sawenèhing wong. Satemené Panjenengané nyabari kowé, awit kersané aja nganti ana wong sing nemu karusakan, malah kabèh wong padha balia lan mratobata saka dosa-dosané.

10Nanging Dina rawuhé Gusti Yésus kang kapindho kuwi tekané kaya maling. Ing Dina mau langit bakal sirna klawan swara gumuruh nggegirisi lan pérang-pérangané jagad bakal kobong, semono uga bumi dalah saisiné kabèh bakal sirna.

11Sarèhné samubarang kabèh mau bakal kasirnakaké kaya mengkono, mulané saiba enggonmu kudu ngudi supaya uripmu suci lan mursid.

12Sajroné kowé padha nganti-anti lan nguwatiraké tekané Dinané Gusti Allah ngadili manungsa. Ing Dina kuwi langit bakal sirna merga déning geni lan pérang-pérangné jagad bakal lebur merga déning panasé geni mau.

13Nanging kita padha ngarep-arep marang langit anyar lan bumi anyar, sing kadunungan kayektèn, kaya sing dijanjèkaké déning Gusti Allah.

14Mulané para kekasih, sajroné kowé padha nganti-anti marang Dina kuwi mau kabèh, padha ngudia sakatogmu supaya kowé aja padha gawé dosa, malah padha tinemua tanpa cacad ana ing ngarsané Gusti Allah. Padha rukuna karo Panjenengané.

15Kesabarané Gusti kuwi anggepen kalonggaran sing kaparingaké marang kowé, supaya kowé olèh keslametan. Rak iya kaya mengkono surasané layangé sedulur kita kang kinasih, Paulus, sing nulis manut kawicaksanan sing kaparingaké déning Allah.

16Kabèh layang-layangé Paulus ngemot bab prekara kuwi. Pancèn ana prekara sawetara ing layang-layangé sing angèl dipahami, temah njalari sawenèhing wong, sing ora ngerti lan ringkih precayané padha salah enggoné napsiraké, ora béda karo enggoné kliru napsiraké pérangan-pérangané Kitab Suci liyané. Penggawéné wong-wong mau njalari karusakané dhéwé.

17Nanging kowé kabèh, para sedulur kang kinasih, wis padha sumurup bab prekara kuwi. Mulané padha diawas, supaya aja padha kèlu ing panasarané wong-wong sing padha ora ngerti karo piwulang sing bener, temahan keslametan sing kokgondhèli kuwi mrucut saka ing tanganmu.

18Padha saya mantepa enggonmu suméndhé ing sih-rahmaté Gusti, Juru Slamet kita Yésus Kristus, lan mundhaka kawruhmu bab Panjenengané. Sarta kaluhurna Asmané wiwit samengko nganti ing selawas-lawasé. Saka aku, Pétrus


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Petrus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel