Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 12 >> 

1Yoas enggoné jumeneng raja ing Yéhuda kuwi nalika Yéhu wis jumeneng raja ing Israèl pitung taun. Suwéné Yoas jumeneng raja ana ing Yérusalèm patang puluh taun. Ibuné asma Zibya saka kutha Bèrsyéba.

2Merga saka panggulawenthahé Imam Yoyada, Raja Yoas selawasé tansah nindakaké apa sing ndadèkaké renaning penggalihé Gusti Allah.

3Mung émané, panggonan-panggonan sing dienggo nyembah déwa-déwa ora digempur, mula rakyat isih tetep gawé kurban lan ngobong menyan ana ing kono.

4Ing sawijining dina Raja Yoas nimbali para imam, didhawuhi nyimpen dhuwit olèh-olèhané pisungsung ing Pedalemané Allah, pisungsung kanggo kurban, lan pisungsung manasuka.

5Saben imam kudu tanggung jawab bab dhuwit sing ditampa saka wong-wong sing padha dilayani. Dhuwit-dhuwit mau sedhiyan kanggo ndandani Pedalemané Allah.

6Nanging selawasé Yoas dadi raja telulikur taun, para imam durung tau ndandani Pedalemané Allah sing rusak.

7Mulané Sang Prabu banjur nimbali Imam Yoyada lan imam-imam liyané, pangandikané, "Kénging menapa Pedalemanipun Allah kokmboten dipun dandosi? Wiwit dinten menika para imam mboten kénging nyimpen arta ingkang katampi saking rakyat. Sedaya arta kedah dipun klempakaken kanggé ndandosi Pedalemanipun Allah."

8Imam-imam padha nrima ora nyekel dhuwit pisungsung saka rakyat, lan ora diwajibaké ndandani Pedalemané Allah.

9Imam Yoyada mundhut pethi, tutupé ana bolongané; pethi mau disèlèhaké ing sacedhaké mesbèh, ing sisih tengené lawang. Kabèh dhuwit sing dipisungsungaké ana ing Pedalemané Allah dilebokaké ing pethi mau déning imam-imam sing padha tugas ana ing lawang, sing mlebu ing Pedalemané Allah.

10Yèn dhuwité ing pethi mau wis akèh, pethiné banjur dibukak déning sèkretarisé Sang Prabu, bebarengan karo Imam Agung. Dhuwité banjur diétung lan dibuntel.

11Banjur dipasrahaké marang para mandhor sing ngawasi pegawéan ndandani Pedalemané Allah, lan para mandhor sing mbayar para tukang kayu, tukang ngrancang,

12tukang batu lan tukang ukir. Iya mandhor-mandhor mau sing kejibah tuku kayu lan watu, sarta mrenata tanjané dhuwit sing diwetokaké kanggo dandan-dandan.

13Nanging dhuwit pisungsung mau ora ana sing dienggo gawé mangkok-mangkokan saka slaka, basi, slomprèt, bekakas lampu utawa prabot liyané sing saka emas utawa slaka.

14Kabèh dienggo mbayar tukang-tukang lan ditukokaké bahan bangunan sing dibutuhaké.

15Mandhor-mandhor mau jujur banget. Mulané ora tau dikon gawé lapuran bab tanjané dhuwit.

16Dhuwit pisungsung "ganti-rugi" lan dhuwit pisungsung "pangapuraning dosa" ora dilebokaké ing pethi pisungsung mau. Dhuwit mau diwènèhaké marang para imam.

17Ing wektu kuwi kutha Gad diserang déning Hazaèl, raja Siria, déné Yérusalèm iya arep diserang.

18Raja Yoas banjur ngirim hadiah marang Raja Hazaèl. Hadiah mau dijupukaké saka pisungsung kagem Allah sing diklumpukaké sadurungé Yoas jumeneng raja, yakuwi wiwit jamané Yosafat, Yoram lan Ahazia jumeneng raja. Uga saka pisungsung sing diklumpukaké sajroné Yoas jumeneng raja, mengkono uga sakèhé emas sing ana ing kas ing Pedalemané Allah lan ing kedhatoné Sang Prabu. Bareng nampa hadiah mau Hazaèl ora sida nyerang kutha Yérusalèm.

19(12:19-21) Kocapa para punggawané kraton Yéhuda padha sekuthon nglawan Raja Yoas. Ing antarané punggawa mau, yakuwi Yozakar, Simeat lan Yozabad bin Somèr, kelakon nyédani Raja Yoas ing Milo, sacedhaké dalan sing medhun menyang Sila. Yoas disarèkaké ing pesaréané raja-raja, ing kuthané Dawud. Amazia, putrané, nggentosi jumeneng raja. Riwayaté Yoas kuwi ditulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda.

20(12:19)

21(12:19)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel