Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 15 >> 

1Nalika Raja Yérobéam II enggoné jumeneng raja ing Israèl nyandhak pitulikur taun, Uzia, putrané Amazia, jumeneng raja ing Yéhuda.

2Nalika semono Uzia yuswané nembelas taun. Enggoné jumeneng raja ing Yérusalèm lawasé sèket taun. Asmané Ibuné, Yékolya saka Yérusalèm.

3Ora béda karo ramané, Uzia iya gawé renaning penggalihé Pangéran.

4Mung émané, Uzia ora nggempur papan-papan panyembahané para déwa, mula rakyat tetep gawé kurban lan ngobong menyan ana ing kono.

5Uzia diukum déning Pangéran srana gerah kusta. Gerahé ora mari-mari nganti manggèn ing dalemé dhéwé lan dibébasaké saka tugas-tugasé tekan sasédané. Yotam, putrané, nindakaké pepréntahan, makili ramané.

6Lelakoné Raja Uzia liya-liyané wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda.

7Uzia séda lan disarèkaké ing pesaréané raja-raja ing kuthané Dawud, Yotam, putrané, nggentosi jumeneng raja.

8Nalika Raja Uzia enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak telung puluh wolu taun, Zakharia putrané Yérobéam II wiwit jumeneng raja ing Israèl, dedalem ing Samaria. Enggoné jumeneng raja suwéné nem sasi.

9Padha karo raja-raja sing dhisik-dhisik Zakharia nglampahi dosa ing ngarsané Pangéran, kaya sing dilampahi Raja Yérobéam I, njalari wong Israèl nindakaké dosa.

10Salum bin Yabès gawé komplotan nglawan Raja Zakharia. Raja mau disédani ing Yibléam. Salum nggentosi jumeneng raja.

11(15:11-12) Srana mengkono kelakon apa sing dijanjèkaké déning Pangéran marang Raja Yéhu, yèn putra wayahé bakal jumeneng raja Israèl nganti turun ping pat. Riwayaté Raja Zakharia wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

12(15:11)

13Nalika Raja Uzia enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak telung puluh sanga taun, Salum bin Yabès wiwit jumeneng raja ing Israèl, dedalem ing Samaria. Enggoné jumeneng raja mung sesasi, merga

14Menahèm bin Gadi nglurug saka Tirza menyang Samaria. Salum disédani, lan Menahèm genti dadi raja.

15(15:15-16) Menahèm mau wiwit saka Tirza nggempur kutha Tapuah lan penduduké, semono uga daérah-daérah ing kiwa-tengené tekan wong wadon sing ngandhut dibedhèl wetengé. Enggoné tumindak mengkono mau merga kutha-kutha mau ora gelem teluk. Lelakoné Raja Salum lan enggoné gawé komplotan wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

16(15:15)

17Nalika Raja Uzia enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak telung puluh sanga taun, Menahèm bin Gadi wiwit jumeneng raja ing Israèl. Dalemé ing Samaria lan enggoné jumeneng raja suwéné sepuluh taun.

18Sasuwéné sugengé Raja Menahèm nglampahi dosa ing ngarsané Pangéran srana nglampahi pialané Yérobéam I, sing njalari wong Israèl tumiba ing dosa.

19Nalika Tiglat-Pilèsèr, raja ing Asyur nyerang Israèl, Menahèm nyaosi pisungsung rupa slaka 34.000 kilogram, supaya Tiglat-Pilèsèr kersa mbiyantu mbélani pangwasané Menahèm ing Israèl.

20Dhuwit slaka semono akèhé mau saka wong-wong sugih ing Israèl, sing diperes déning Menahèm. Saben wong dipeksa mbayar sèket slaka. Mulané Tiglat-Pilèsèr banjur lunga saka kono, mulih menyang negarané dhéwé.

21Lelakoné Menahèm liya-liyané wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

22Menahèm séda lan disarèkaké. Pékaya, putrané, nggentosi jumeneng raja.

23Nalika Raja Uzia jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak sèket taun. Pékaya, putrané Menahèm wiwit jumeneng raja ing Israèl. Enggoné jumeneng raja mau suwéné rong taun, ana ing Samaria.

24Pékaya nglampahi dosa ing ngarsané Pangéran merga niru pialané Raja Yérobéam I, sing njalari wong Israèl padha gawé dosa.

25Perwirané, yakuwi Pékah bin Rémalya, gawé komplotan karo wong sèket saka Giléad; Pékaya dipatèni ing bètèngé kedhaton Samaria. Pékah banjur jumeneng raja, nggentosi Pékaya.

26Lelakoné Raja Pékaya liya-liyané wis katulis ana ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

27Nalika Uzia enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak sèket loro taun, Pékah bin Rémalya diangkat jumeneng raja ing Israèl, dedalem ing Samaria. Enggoné jumeneng raja lawasé rong puluh taun.

28Pékah nglampahi dosa ing ngarsané Pangéran, srana niru pialané Raja Yérobéam I, sing njalari wong Israèl tumiba ing dosa.

29Nalika Pékah jumeneng raja, Tiglat-Pilèsèr, raja Asyur ngrebut kutha Iyon, Abèl Bèt-Maaka, Yanoah, Kèdès, Hazor, daérah Giléad, Galiléa lan Naftali. Penduduké kabèh ditawan lan diboyong menyang Asyur.

30Nalika Yotam bin Uzia enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak rong puluh taun, Hoséa bin Éla nganakaké komplotan nglawan Raja Pékah. Raja Pékah disédani lan Hoséa jumeneng raja, nggentosi Pékah.

31Lelakoné Raja Pékah liya-liyané wis katulis ana ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

32Nalika Pékah bin Rémalya enggoné jumeneng raja ing Israèl nyandhak rong taun, Yotam bin Uzia wiwit jumeneng raja ing Yéhuda.

33Nalika semono Yotam yuswané selawé taun; dedalem ing Yérusalèm; enggoné jumeneng raja suwéné nembelas taun. Ibuné asma Yérusa, putrané Zadok.

34Yotam nindakaké prekara sing bener lan gawé renaning penggalihé Pangéran, kaya Uzia, ramané.

35Mung émané, papan-papan panyembahé déwa-déwa ora digempur, mula rakyat terus waé gawé kurban lan ngobong menyan ana ing kono. Yotam kuwi raja sing mbangun gapurané Pedalemané Allah sing sisih Lor.

36(15:36-37) Nalika Yotam jumeneng raja, Gusti Allah ngutus Rézin, raja Siria lan Pékah raja ing Israèl, nyerang Yéhuda. Lelakoné Raja Yotam liya-liyané wis katulis ana ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda.

37(15:36)

38Raja Yotam séda lan disarèkaké ing pesaréané raja-raja ing kuthané Dawud. Akhas, putrané, nggentosi jumeneng raja.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel