Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 20 >> 

1Ing wektu kuwi, Raja Hizkia gerah wudunen, saking bangeté nganti mèh séda. Nabi Yésaya bin Amos, sowan lan matur mengkéné, "Gusti Allah ngandika, supados panjenengan mbèrèsaken urusan panjenengan sedaya, mergi panjenengan mboten badhé saras malih. Panjenengan mboten dangu malih badhé kapundhut."

2Raja Hizkia banjur madhep menyang témbok karo ndedonga,

3"Dhuh Allah, mugi kersa ngèngeti, bilih kawula sampun ngabekti dhateng Paduka kalayan setya lan temen-temen. Kawula tansah ngudi sagedipun nglampahi kersa Paduka." Raja Hizkia banjur muwun melas asih.

4Nabi Yésaya banjur tindak, Raja Hizkia ditilar. Nanging sadurungé miyos saka pekarangané kraton, Nabi Yésaya didhawuhi déning Allah

5supaya bali menèh marang Hizkia, rajané umaté Allah, karo didhawuhi mengkéné, "Aku Pangéran Allah sing dibektèni déning Dawud leluhurmu. Aku wis miyarsakaké pandongamu sarta mirsani panangismu. Kowé bakal Dakwarasaké. Telung dina menèh kowé bakal sowan ing Pedalemané Allah.

6Umurmu bakal Daktambahi limalas taun. Kowé lan kutha Yérusalèm bakal Dakluwari saka Raja Asyur. Kutha iki bakal Dakreksa krana saka asma-Ku lan krana janji-Ku marang Dawud, abdi-Ku."

7Nabi Yésaya banjur utusan wong mopokaké woh ara sing digawé alus ana ing wuduné Raja Hizkia.

8Aturé marang Nabi Yésaya, "Menapa pretandhanipun, bilih Gusti Allah badhé nyarasaken kula, lan bilih tigang dinten malih kula badhé saged sowan ing Pedalemanipun Allah?"

9Wangsulané Nabi Yésaya, "Allah badhé paring pretandha dhateng panjenengan, bilih Allah netepi janjinipun. Samenika menapa ingkang panjenengan kersakaken; menapa ngersakaken supados ayang-ayanganing jarumipun jam surya damelanipun Raja Akhas majeng sedasa garis, menapa mundur sedasa garis?"

10Aturé Raja Hizkia, "Ndamel ayang-ayangan majeng sedasa garis menika gampil. Pramila kadamela mundur kémawon sedasa garis."

11Nabi Yésaya nuli ndedonga marang Allah. Panjenengané banjur ngunduraké ayang-ayangané jarum jam srengéngé mau sepuluh garis.

12Dhèk semana raja Babil, Merodhah Baladan putrané Raja Baladan, mireng yèn Raja Hizkia nembé waé saras gerahé. Mulané banjur utusan nggawa layang lan hadiah marang raja Hizkia.

13Raja Hizkia nampani utusan mau klawan bungah lan mamèraké kasugihané emas lan slaka, anggi-anggi lan lenga wangi, semono uga gegamaning tentarané. Ora ana barang ing kedhaton sing ora dipamèraké.

14Nabi Yésaya banjur sowan marang Raja Hizkia lan nyuwun pirsa, "Tiyang-tiyang menika saking pundi? Sami matur menapa?" Pangandikané Raja Hizkia, "Tiyang-tiyang menika saking negari tebih, saking negari Babil."

15Nabi Yésaya nyuwun pirsa menèh, "Sami ningali menapa wonten ing kedhaton ngriki?" Pangandikané Raja Hizkia, "Sami ningali samukawis. Mboten wonten barang keprabon setunggal kémawon ingkang mboten kula tedhahaken dhateng tiyang-tiyang menika."

16Nabi Yésaya banjur matur marang Sang Prabu, "Gusti Allah ngandika

17bilih badhé wonten wekdalipun sedaya barang ing kedhaton panjenengan, lan ingkang kaklempakaken déning para leluhur panjenengan, sedaya badhé kaboyong dhateng tanah Babil, mboten wonten setunggal kémawon ingkang kantun.

18Saking antawisipun putra-wayah panjenengan badhé wonten ingkang kapendhet, kadadosaken abdi ing kedhaton Babil, ngladosi raja Babil."

19Pangandikané Raja Hizkia, "Prayogi sanget pangandikanipun Allah, ingkang panjenengan lantaraken dhateng kula." Pangandikané sing mengkono mau merga ngira yèn tegesé kratoné Hizkia bakal ngalami katentreman selawasé sugengé.

20Riwayaté Raja Hizkia liya-liyané, bab lelabeté kaprewirané lan enggoné yasa blumbang sarta ilèn-ilèn kanggo ngilèkaké banyu menyang kutha, kabèh wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda.

21Hizkia séda; Manasyè putrané, nggentosi jumeneng raja.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel