Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 9 >> 

1Nalika semono Nabi Élisa nimbali nabi isih non, didhawuhi mengkéné, "Cecawisa lan lungaa menyang Ramot ing Giléad. Gendul isi lenga zaitun iki gawanen,

2lan satekamu ing kana, golèkana wong sing jeneng Yéhu bin Yosafat, putrané Nimsi. Yéhu ajaken mlebu kamar dhèwèkan.

3Lenga iki esokna ing sirahé lan munia, ‘Allah ngandika: Kowé Dakangkat dadi raja ing Israèl.’ Sawisé mengkono énggal-énggal lungaa saka kono."

4Nabi nom mau banjur budhal menyang Ramot.

5Yéhu ketemu lagi rembugan karo para panglimané. Nabi mau matur karo Yéhu, "Wonten pawartos penting kagem panjenengan." Wangsulané Yéhu, "Kanggé sinten?" Pangucapé nabi mau, "Kagem panjenengan piyambak."

6Wong loro mau banjur misah saka wong-wong liyané, mlebu ing kamar. Nabi nom mau banjur ngesokaké lengané zaitun ana ing sirahé Yéhu karo muni, "Pangéran Allahipun Israèl ngandika, ‘Aku ngangkat kowé dadi rajané umat-Ku Israèl.

7Kowé bakal numpes kulawargané Akhab bendaramu. Srana mengkono Aku males marang Izébèl, sing wis matèni nabi-nabi-Ku lan abdi-abdi-Ku liyané.

8Kulawargané Akhab lan anak-turuné kabèh kudu dipatèni; sakèhé wong lanang, tuwa, nom, bakal Daktumpes kabèh.

9Kulawargané bakal Dakgawé kaya enggon-Ku ngukum kulawargané Yérobéam bin Nébat lan kulawargané Baésa bin Ahia, raja-raja ing Israèl.

10Jisimé Izébèl bakal ora dikubur, nanging bakal dipangan asu ing daérah Yésreèl.’" Sawisé ngucap mengkono nabi mau énggal-énggal lunga.

11Yéhu banjur bali menèh, kumpul karo kanca-kancané. Kancané padha takon, "Ana kabar apa? Kowé dikapakaké karo wong édan mau?" Wangsulané Yéhu, "Kowé wis ngerti apa karepé wong kuwi."

12Pangucapé kanca-kancané, "Ora, aku ora ngerti. Ayo kandhakna!" Yéhu mangsuli, "Wong mau ngandhakaké dhawuhé Gusti Allah kanggo aku, yèn aku diangkat déning Allah dadi raja ing Israèl."

13Sanalika iku uga kanca-kancané Yéhu padha nyopot jubahé, dijèrèng ing ngarepé Yéhu, banjur ngunèkaké slomprèt karo surak-surak, "Yéhu dadi raja!"

14(9:14-15) Yéhu banjur nganakaké komplotan nglawan Raja Yoram, sing nalika semono ana ing Yésreèl, nambakaké tatu-tatuné. Enggoné ketaton mau nalika perang ing Ramot karo Hazaèl, raja Siria. Yéhu ngandika karo kanca-kancané para panglima, "Yèn kowé setuju aku dadi raja, jaganen supaya aja ana wong siji waé sing metu saka Ramot ngabari wong-wong ing Yésreèl."

15(9:14)

16Sawisé mengkono Yéhu banjur nitih kréta perang, budhal menyang Yésreèl. Nalika semono Yoram durung mari, lan Ahazia raja Yéhuda isih ana ing kana, tilik Raja Yoram.

17Sing jaga menara ing Yésreèl weruh Yéhu sakancané teka, banjur kandha, "Wonten rombongan dhateng mriki." Dhawuhé Raja Yoram, "Akona prejurit jaranan marani lan takon, sing teka kuwi kanca apa mungsuh."

18Utusan sing mapagaké Yéhu mau banjur matur marang Yéhu, "Sang Prabu mundhut pirsa, panjenengan menika menapa kancanipun?" Dhawuhé Yéhu, "Kuwi dudu urusanmu! Mèlua aku." Sing jaga menara lapur, yèn utusané wis kepethuk karo rombongané, nanging ora bali.

19Sang Prabu banjur ngutus utusan liyané. Utusan mau iya matur marang Yéhu, kaya aturé utusan sing kapisan. Dhawuhé Yéhu, "Kuwi dudu urusanmu! Ayo, mèlua aku waé!"

20Sing jaga menara uga nglapuraké yèn utusan sing kapindho wis kepethuk karo rombongané, nanging ora bali. Tembungé, "Ingkang mimpin rombongan menika mesthi Yéhu, tandhanipun enggènipun nglampahaken kréta perang édan-édanan."

21Dhawuhé Raja Yoram, "Krétaku siapna." Krétané Sang Prabu iya banjur disiapaké. Yoram lan Ahazia banjur menthukaké Yéhu, padha nitih krétané dhéwé-dhéwé. Kepethuké ana ing kebon anggur tilas duwèké Nabot.

22Pendanguné Yoram marang Yéhu, "Apa kowé nggawa kabar becik, Yéhu?" Aturé Yéhu, "Olèhé becik kepriyé, yèn selawasé ing kéné isih ana dhukun-dhukun, lan wong-wong padha nyembah brahala merga saka pretingkahé Izébèl, ibumu!"

23Yoram banjur ngandika marang Ahazia, "Iki kianat!" Krétané diingeraké, banjur nggeblas lunga.

24Nanging Yéhu ngangkat gendhéwané, Yoram dipanah kena gegeré, tembus ngenangi jantungé. Yoram ambruk lan séda ing krétané.

25(9:25-26) Yéhu banjur ngandika marang Bidkar, ajudané, "Apa kowé isih éling, nalika kita padha nunggang jaran ndhèrèkaké Akhab, ramané Yoram, apa sing dingandikakaké Allah marang Akhab, ‘Aku ngerti sapa sing dhèk wingi matèni Nabot lan anak-anaké. Lan Aku janji, Aku bakal matèni kowé ana ing kebon iki uga.’" Yéhu mbacutaké pangandika marang ajudané, "Layoné Yoram buwangen ana ing keboné Nabot, supaya kelakona paukumané Allah marang wong mau."

26(9:25)

27Ahazia pirsa lelakon mau, banjur menyang kutha Bèthagan, dioyak déning Yéhu. Yéhu ndhawuhi para prejurité, "Kaé uga patènana sisan!" Ahazia banjur dikrutugi panah, nganti ketaton ana ing dalan sing tekan ing Gur, sacedhaké kutha Yibléam. Nanging bisa lolos, nuli mlajeng menyang Megido, lan séda ana ing kana.

28Layoné dijupuk déning para abdiné, digawa nganggo kréta menyang Yérusalèm. Ahazia disarèkaké ana ing pesaréané para raja, ing kuthané Dawud.

29Ahazia enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nalika Yoram, putrané Akhab, wis jumeneng raja ing Israèl sewelas taun.

30Yéhu wis rawuh ing Yésreèl menèh. Bareng Izébèl ngerti banjur dandan; rambuté ditata lan alisé dicelak, banjur nginguk saka jendhéla.

31Nalika Yéhu mlebet ing gapuraning kedhaton, dibengoki déning Izébèl, "Hé Zimri, sing matèni bendarané! Kowé mréné arep apa?"

32Yéhu banjur minger, ndhangak mirsani ing jendhéla karo ngandika, "Sapa sing gelem dadi balaku?" Ana abdiné kedhaton wong loro telu padha nginguk saka jendhéla.

33Dhawuhé Yéhu marang wong-wong mau, "Wong kuwi jorogna saka jendhéla!" Izébèl nuli dijorogaké saka jendhéla, mula tiba ing lemah; getihé muncrat nyiprati témbok lan jaran sing ana ing sacedhaké kono. Layoné Izébèl mau banjur digiles nganggo kréta perangé Yéhu.

34Sawisé mengkono Yéhu banjur mlebet ing kedhaton, dhahar. Ora let suwé banjur dhawuh marang abdiné, "Layoné wong wadon keparat kuwi pendhemen. Kuwi rak putra raja."

35Nanging bareng wong-wong padha arep ngukup layoné, sing ana kari cumplung, balung-balungé lengen lan sikilé.

36Mireng lapurané wong-wong mau Yéhu ngandika mengkéné, "Saiki kelakon apa sing dingandikakaké déning Allah lantaran Nabi Élia, abdiné, yèn layoné Izébèl bakal dipangan asu ana ing daérah Yésreèl.

37Layoné bakal kècèr saenggon-enggon kaya kotoran kéwan, nganti ora ana wong sing bisa ngarani apa kuwi Izébèl."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel