Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 16 >> 

1Nalika Raja Dawud lagi waé ngliwati pucaké punthuk, dumadakan Ziba, baturé Méfibosèt, teka nemoni karo nggawa kuldi sepasang sing dimomoti roti rong atus wakul, anggur garing satus dhompol, woh-wohan sing isih seger satus gandhèng sarta anggur saimpes.

2Raja Dawud ndangu, "Barang-barang iki arep kanggo apa?" Aturé Ziba, "Kuldi-kuldi menika kagem titihan panjenengan sebrayat, roti saha woh-wohan menika kanggé para abdi, saha anggur menika kanggé sedhèrèk-sedhèrèk ingkang kesayahen wonten ing ara-ara."

3Raja Dawud banjur ndangu, "Méfibosèt, putuné bendaramu Saul ana ing ngendi?" "Piyambakipun taksih wonten ing Yérusalèm," aturé Ziba, "Sebab piyambakipun pitados, bilih samenika tiyang Israèl badhé mangsulaken tanah krajanipun Saul, embahipun, dhateng piyambakipun."

4Raja banjur ngandika marang Ziba, "Barang-darbèké Méfibosèt saiki dadi duwèkmu." "Dhawuh panjenengan badhé kula lampahi," aturé Ziba, "Mugi-mugi panjenengan tansah tresna dhateng kula!"

5Nalika Raja Dawud tekan Bahurim, ana wong siji sing metu saka kono, banjur nyedhaki Dawud sarta ngipat-ipati. Wong mau jenengé Simèi anaké Géra, sanaké Saul.

6Simèi wiwit mbalangi Dawud lan para kawulané nganggo watu, senajan Dawud dikupengi prejurité sarta para sénapati.

7Simèi ngipat-ipati lan ngucap, "Lungaa! Lungaa! Hé wong sing gawéné matèni wong! Wong ala!

8Kowé wis ngrebut tanah krajané Saul! Saiki kowé diukum déning Allah, sebab wis matèni sanak kadangé Saul akèh banget. Gusti Allah wis maringaké tanah krajanmu marang Absalom. Saiki tekan mangsané cilakamu, hé wong sing gawéné matèni!"

9Abisai, adhiné Yoab, anaké Zeruya, matur marang raja, "Menapa sebabipun tiyang damel resah menika panjenengan kèndelaken ngipat-ipati panjenengan? Kula panjenengan lilani nengkel gulunipun!"

10Nanging raja ngandika marang Abisai lan Yoab, kakangné, "Aja mèlu-mèlu. Karebèn aku sing diipat-ipati. Sebab menawa Gusti Allah sing ndhawuhi, sapa sing wenang nakokaké yagéné dhèwèké tumindak mengkono?"

11Dawud banjur dhawuh menèh marang Abisai lan marang para abdiné, "Anakku dhéwé waé ngarah patiku; yagéné kowé padha gumun weruh kalakuané wong Bènyamin iki? Gusti Allah sing ndhawuhi supaya ngipat-ipati; mulané aja kokkapak-kapakaké.

12Mbokmenawa Allah bakal mirsani kasangsaranku iki sarta minangka gentiné banjur mberkahi aku."

13Dawud lan sing padha ndhèrèk banjur nerusaké lakuné, déné Simèi enggoné mlaku padha rikaté ana sisihé punthuk, karo ngipat-ipati lan mbalangi nganggo watu lan lemah.

14Nalika tekan Kali Yardèn, Sang Raja lan para abdiné padha kesayahen banget, banjur padha lèrèn ana ing kono.

15Dhèk semono Absalom sarta wong-wong Israèl sing ngiring padha mlaku ing Yérusalèm, Akhitofèl iya mèlu.

16Nalika Husai, kancané Dawud sing setya mau, ketemu karo Absalom, banjur kandha sora, "Sugeng Sang Prabu, sugeng Sang Prabu!"

17Nanging Absalom takon, "Ana ing ngendi kasetyanmu marang Dawud? Yagéné kowé ora ndhèrèkaké?"

18Wangsulané Husai, "Saèstu mboten saged! Kula menika ndhèrèk tiyang ingkang dipun pilih déning Allah, déning tiyang-tiyang menika, saha déning tiyang Israèl sedaya. Inggih tiyang menika ingkang badhé kula dhèrèki.

19Kaliyan malih, sinten malih ingkang badhé kula ladosi, menawi sanès putranipun bendara kula? Kados ingkang sampun kula lampahi, inggih menika ngladosi rama panjenengan, mila samenika panjenengan badhé kula ladosi."

20Absalom banjur kandha karo Akhitofèl, "Aku kandhanana apa sing kudu daklakoni?"

21Aturé Akhitofèl, "Kula aturi saré sesarengan kaliyan seliripun keng rama, ingkang dipun tilar nengga kraton. Sedaya tiyang Israèl badhé sumerep, bilih kanthi tumindak mekaten, panjenengan badhé dipun anggep mengsah déning keng rama. Para pendhèrèk panjenengan badhé saya kendel."

22Dadiné, Absalom digawèkaké kémah ing payoning kraton. Wong akèh padha weruh yèn Absalom mlebu ing kémah mau lan turu karo selir-seliré ramané.

23Ing waktu kuwi sarupaning rembugé Akhitofèl ditampa kaya déné dhawuhé Allah piyambak; iya Dawud utawa Absalom tansah manut pirembugé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel