Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 21 >> 

1Nalika Dawud jumeneng raja, ana paceklik gedhé banget telung taun muput. Dawud banjur nyuwun pitedah marang Gusti Allah, lan Panjenengané ngandika, "Paceklik kuwi jalaran saka kaluputané Saul lan brayaté, merga padha ngukum pati marang wong-wong Gibéon."

2(Wong-wong Gibéon mau dudu panunggalané wong Israèl; nanging kekarèné wong Amori. Wong-wong Israèl wis janji arep ngayomi wong-wong mau, nanging Saul ngudi tumpesé, merga mikir butuhé wong Israèl lan Yéhuda.) Dawud banjur ngundang wong-wong Gibéon,

3lan takon marang wong-wong mau, "Apa sing prelu daktindakaké kanggo kowé kabèh kanggo nebus keluputan sing wis ditandukaké marang kowé, supaya kowé padha mujèkaké berkah marang umat kagungané Allah?"

4Wangsulané wong-wong mau, "Enggèn kula sami gadhah prekawis kaliyan Saul lan brayatipun mboten saged namung dipun rampungaken mawi slaka utawi emas, nanging kula inggih mboten kepéngin mejahi tiyang Israèl setunggal kémawon." Pangandikané Dawud, "Yèn mengkono, aku banjur kudu kepriyé?"

5Wangsulané wong-wong mau, "Saul, raja ingkang dipun pilih déning Allah menika kepéngin numpes kula sedaya saking Israèl.

6Milanipun, kula aturi masrahaken turunipun jaler pitu, badhé kula gantung wonten ing ngarsanipun Allah ing Gibéa, kithanipun Raja Saul piyambak." Pangandikané raja, "Iya becik, wong-wong kuwi bakal dakpasrahaké."

7Nanging merga Dawud lan Yonatan wis padha janji, Dawud ora masrahaké Méfibosèt anaké Yonatan.

8Sing dipilih déning raja yakuwi Armoni lan Méfibosèt, para putrané Saul sing lair saka Rizpah, anaké Aya; mengkono uga wong lima putrané Mérab, putrané putri Saul. Wong-wong mau lair patutan karo Adrièl anaké Barzilai, wong Méhola.

9Wong pitu mau dipasrahaké marang wong-wong Gibéon; nuli padha digantung bebarengan ana ing sandhuwuring punthuk ing ngarsané Allah. Ukuman pati mau ditindakaké ing pungkasané mangsa semi, nalika wiwit ngenèni juwawut.

10Rizpah, seliré Saul, banjur njèrèng bagor kanggo awaké dhéwé ing sandhuwuring watu panggonané mayit-mayit mau. Rizpah ora lunga saka kono wiwit panèn kawitan nganti tekané udan ing mangsa rontog. Mayit-mayit mau ora olèh diparani déning manuk-manuk ing wayah awan utawa déning kéwan galak ing wayah bengi.

11Nalika Dawud dikabari bab lelakoné Rizpah mau,

12banjur tindak mundhuti balung-balungé Saul lan Yonatan saka wong ing Yabès tanah Giléad. (Wong-wong mau olèhé padha nyolongi balung-balung kuwi saka ara-ara ing kutha Bèt-Séan, panggonané Saul lan Yonatan padha digantung déning wong Filistin, sawisé padha dikalahaké ing punthuk Gilboa.)

13Balung-balungé Saul lan Yonatan mau digawa saka kono, dikumpulaké karo balung-balungé wong pitu sing digantung bareng mau,

14didadèkaké siji, dikubur ing kuburané Kis, bapakné Saul, ing Zéla, wilayah Bènyamin. Sawisé kabèh ditindakaké manut préntahé raja, Gusti Allah nyembadani pandonga tumrap negara kono.

15Kocapa ana peprangan menèh antarané wong Filistin lan wong Israèl. Dawud lan para prejurité nglurug perang nglawan wong Filistin. Ing satengahing peprangan Dawud nganti kesayahen.

16Ana wong turunan buta, jenengé Yisbi-Benob. Tumbaké digawé saka prunggu, boboté kira-kira telu setengah kilogram. Wong mau iya nyengkelit pedhang anyar, lan mesthèkaké bakal bisa matèni Dawud.

17Nanging Abisai anaké Zeruya, teka nulungi. Abisai nglawan lan matèni wong mau. Sawisé mengkono prejurité Dawud nyuwun supaya Raja Dawud njanji ora bakal perang menèh, "Panjenengan menika dilahipun Israèl, sampun ngantos kula sami kécalan panjenengan," aturé wong-wong mau.

18Sawisé mengkono ana peprangan menèh nglawan wong Filistin ing Gob. Ing sajroning peprangan mau Sibkhai, wong Husa, matèni wong turun buta sing jenengé Saf.

19Ing sajroning peprangan candhaké nglawan wong Filistin ing Gob, Èlhanan anaké Yair, saka Bètléhèm, matèni Goliat saka Gat, kang gagangé tumbaké gedhéné padha karo kaya gulungan tenunan.

20Nuli ana peprangan menèh nglawan wong Filistin ing Gat. Ing kono ana wong turun buta sing seneng banget perang. Drijiné saben tangan lan saben sikil enem-enem.

21Wong mau ngala-ala wong Israèl, lan merga saka kuwi dipatèni déning Yonatan, anaké Syama kakangné Dawud.

22Wong papat sing dipatèni déning Dawud lan para prejurité, kuwi turuné buta ing Gat.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel