Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tesalonika 1 >> 

1Layang saka Paulus, Silas lan Timotius, tumekaa marang warganing pasamuwan ing kutha Tésalonika, iya para umaté Gusti Allah, Rama kita lan Gusti Yésus Kristus.

2Muga Gusti Allah Rama kita lan Gusti Yésus Kristus maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé.

3Aku tansah padha saos sukur marang Gusti Allah merga saka kowé kabèh, para sedulur. Kuwi wis samesthiné, merga precayamu tansah saya tambah, lan enggonmu tresna-tinresnan uga saya mundhak.

4Yakuwi sebabé aku dhéwé mongkog ana ing pasamuwan-pasamuwané Gusti Allah. Aku padha mongkog tumrap enggonmu padha tetep precaya ana ing satengahing panganiaya lan kasangsaran rupa-rupa sing kokalami.

5Iya ana ing kéné iki ketitiké, yèn Gusti Allah kuwi adil temenan. Merga saka enggonmu nandhang sangsara krana Gusti Allah kuwi mulané kowé bakal padha dadi wong sing pantes nampani sakèhing kabegjan ana ing Kratoné Allah.

6Gusti Allah bakal nindakaké kaadilan: Panjenengané bakal nekakaké kasangsaran marang wong-wong sing padha nganiaya marang kowé.

7Sarta paring panglipur marang kowé sing padha katindhes, mengkono uga marang aku kabèh. Prekara mau katindakaké déning Gusti Allah mbésuk samasa Gusti Yésus tumedhak saka ing swarga karo para malaékaté sing gedhé pangwasané,

8lan srana geni murub. Panjenengané enggoné ngukum wong-wong sing padha ora wanuh karo Gusti Allah lan sing padha nampik Injilé Yésus Gusti kita.

9Wong-wong mau bakal nandhang bebenduné Gusti Allah sing langgeng minangka paukumané, lan bakal padha diedohaké saka ngarsané Gusti lan saka kamulyaning pangwasané;

10yakuwi ing Dina rawuhé, samasa Panjenengané kamulyakaké déning para kagungané sarta nampani pakurmatan saka wong precaya kabèh. Kowé uga bakal ana ing antarané para kagungané mau, awit kowé wis padha precaya marang Injil sing padha dakwartakaké marang kowé.

11Iya merga saka kuwi aku tansah padha ndongakaké kowé. Aku padha nyenyuwun supaya Gusti Allah mbangun uripmu, supaya kowé padha dadi sembada, cocog karo timbalanmu. Muga-muga srana pangwasané, Gusti Allah njurungi pangudimu marang kabecikan lan nyampurnakaké penggawéné precayamu.

12Srana mengkono asmané Gusti kita Yésus Kristus kaluhuraké merga saka kowé, lan kowé uga nampa kaluhuran merga saka Panjenengané; kuwi kabèh merga saka sih-rahmaté Allah kita lan Gusti Yésus Kristus.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tesalonika 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel