Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amos 7 >> 

1Aku nampa wahyu saka Pangéran Kang Mahakwasa. Ing sajroning wahyu mau aku weruh Gusti Allah ndhatengaké walang gegolongan yakuwi sawisé damèn sing kanggo Sang Prabu dierit lan suket anyar tuwuh menèh.

2Ing sajroning wahyu kuwi aku weruh walang-walang mau padha mangsa sedhéngah tanduran sing ijo sing ana ing tanah kono. Aku banjur munjuk marang Pangéran, "Dhuh Allah Ingkang Mahaluhur, mugi kersa paring pangapunten dhateng umat Paduka! Kadospundi sagedipun gesang, jalaran piyambakipun menika alit, tur ringkih sanget!"

3Gusti Allah banjur santun penggalihé, sarta ngandika, "Apa sing kokdeleng kuwi bakal ora sida Daktindakaké!"

4Aku nampa wahyu menèh saka Pangéran Kang Mahaluhur. Sajroning wahyu mau aku weruh Panjenengané tata-tata arep ngukum umaté nganggo geni. Geni mau ngobong segara gedhé nganti entèk, lan geniné mrambat arep ngobong dharatan.

5Aku banjur munjuk, "Dhuh Allah! Kadospundi umat Paduka sagedipun lestantun gesang, jalaran piyambakipun alit tur ringkih sanget!"

6Gusti Allah banjur santun penggalihé sarta ngandika, "Yèn mengkono iki iya ora bakal kelakon."

7Aku nampa wahyu menèh saka Pangéran lan weruh Panjenengané jumeneng ana ing sisihing témbok, sing dibangun jejeg, astané ngasta tali sipat gantung.

8Panjenengané ndangu, "Amos, kowé weruh apa?" Unjukku, "Kawula sumerep tali sipat gantung." Panjenengané banjur ngandika, "Tali sipat gantung iki Dakagem mbuktèkaké yèn umat-Ku kaya témbok sing dhoyong. Aku bakal ora maringi pangapura menèh, sarta mesthi bakal Dakukum.

9Panggonan-panggonan sing dienggo saos kurban déning anak-turuné Iskak bakal Dakdadèkaké ludhesan. Papan suciné Israèl bakal karusak kabèh. Anak-turuné Raja Yérobéam bakal Dakpatèni kabèh."

10Amazia, imam ing Bètèl ngaturaké lapuran marang Yérobéam, raja ing Israèl, "Amos ngojok-ojoki rakyat supados nglawan dhateng Panjenengan. Khotbah-khotbahipun temtu badhé ngrisak negari menika.

11Piyambakipun criyos mekaten, ‘Yérobéam bakal mati ing peprangan, lan umat Israèl bakal kaboyong dadi tawanan menyang tanah manca.’"

12Amazia banjur kandha karo Amos mengkéné, "Hé nabi, cukup seméné waé! Kowé balia menyang Yéhuda; khotbaha ing kana, karo njaluka bayaran pisan.

13Aja medhar wangsit ana ing kéné menèh. Iki pasucèné Sang Prabu, candhi kraton."

14Amos banjur mangsuli, "Aku dudu nabi sing medhar wangsit merga mélik opah. Aku iki pangon lan duwé kebon ara.

15Nanging aku ditimbali déning Pangéran ninggal pegawéanku enggonku dadi pangon, kadhawuhan medhar wangsit marang umaté Israèl.

16Mulané saiki rungokna pangandikané Pangéran. Kowé akon aku meneng saka enggonku medhar wangsit nglawan Israèl.

17Mulané Pangéran saiki ngandika marang kowé mengkéné, ‘Somahmu bakal dadi sundel ing dalan-dalan, lan anak-anakmu mati ana ing peprangan. Palemahanmu bakal diedum-edum lan diwènèhaké marang wong liya. Déné kowé dhéwé bakal mati ana ing tanahé wong kapir. Wong Israèl dhéwé mesthi bakal kasingkiraké saka ing tanahé dhéwé.’"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amos 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel