Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 23 >> 

1Yèn kowé disuguh mangan wong gedhé, élinga sapa wongé kuwi.

2Yèn sing disuguhaké karemanmu, kowé kudu nyegah pangangah-angahmu.

3Aja kakèhan olèhmu ngrahapi suguhan sing énak-énak mau, jalaran bisa uga wong sing nyuguh mau arep njorogaké kowé.

4Aja ngangsa kepéngin dadi sugih, cegahen niatmu sing mengkono kuwi.

5Sebab, bandhamu bisa entèk sakedhèp nétra, kaya-kaya duwé swiwi, banjur mabur kaya manuk garudha.

6Aja mangan suguhané wong medhit lan ngrahapi pangané sing énak-énak.

7Wong kuwi nawani, "Mangga kula aturi mundhut malih!," nanging pangucapé mau mung lelamisan. Ana prekara liya sing dipikir. Lan sing dipikir kuwi sing satemené dikarepaké.

8Sing kokpangan bakal kokwutahaké menèh, lan tembungmu manis ora ana gunané.

9Aja ngajak omong-omongan wong sing tanpa budi, sebab tembungmu sing wicaksana bakal mung dirèmèhaké waé.

10Aja ngunduraké pathok lawas watesé lemahmu, lan aja ngrebut lemahé bocah lola.

11Sebab Gusti Allah sing mbéla prekarané bocah mau kuwi mahakwasa. Panjenengané piyambak kang bakal prekaran karo kowé.

12Gatèkna piwulangé gurumu lan golèka kawruh sakatogmu.

13Anakmu perdinen; ora-orané anakmu mati yèn koksabeti,

14malah bakal ndadèkaké beciké ing saterusé.

15Hé anakku, aku bungah yèn kowé dadi wong wicaksana.

16Atiku bakal mongkog menawa krungu tembungmu sing jujur.

17Kowé aja mèri karo wong-wong sing gawé piala, nanging ngabektia marang Allah,

18mesthi uripmu ing tembé bakal kepénak.

19Hé anakku, rungokna, dadia wong wicaksana, lan jaganen kelakuanmu supaya ora nyimpang saka dalan sing bener.

20Aja sesrawungan karo wong sing gawéné mendem anggur utawa seneng mangan énak.

21Wong sing karem anggur lan mangan énak kuwi wekasané bakal cilaka. Yèn uripmu mung mangan lan turu ora suwé bakal mlarat.

22Rungokna pituturé bapakmu, sebab bapakmu kuwi sing nganakaké kowé, lan aja ngrèmèhaké ibumu samangsa ibumu wis tuwa, malah ngétokna enggonmu ngajèni.

23Kabeneran, kawicaksanan, kawruh lan pangertèn kuwi akèh ajiné, mulané aja kokedol.

24Bapak bakal seneng yèn anaké becik atiné, lan mongkog yèn anaké wicaksana.

25Bapak lan ibumu gawénen gedhé atiné, karebèn rumangsa begja déné duwé anak kowé.

26Hé anakku, pituturku gatèkna, nirua lelakonku.

27Wong wadon tuna susila kuwi presasat kala-jiret sing mbebayani.

28Kaya bégal sing ngadhang wong ana ing dedalan sarta njalari wong lanang akèh padha sèdhèng.

29(23:29-30) Sing sapa seneng endem-endeman ngombé anggur nganti bengi, lan seneng ngicipi campuran anggur anyar, yakuwi wong sing seneng sesambat njaluk diwelasi, sing selawasé gawé gègèr, lan selawasé ora nrima. Wong mau mripaté abang lan rainé abuh pating brénjol; mesthiné sing mengkono ora prelu.

30(23:29)

31Mulané kowé aja kena digodha déning anggur, senajan rupané abang sumringah, gumebyar ana ing tuwung lan yèn diombé énak rasané, angler mlebuné ing gorokan.

32Nanging ésuké rasané awakmu kaya mentas dicokot ula mandi.

33Mripatmu banjur weruh rerupan sing anèh-anèh, kowé ora bisa mikir lan kandhamu ora cetha.

34Rasané kaya lagi mabuk-laut ing tengahé segara, gondhal-gandhul gumantung ing cagaking prau.

35Kowé bakal muni, "Wah aku diantemi, nanging ora krasa. Aku digebugi, nanging aku ora kèlingan. Yagéné aku ora bisa menyat? Wah, yèn ngono aku prelu ngombé menèh!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel