Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 15 >> 

1(15:1-3) Élifas: Ayub, kandhamu kuwi ngawur, ora ana gunané. Ora ana wong wicaksana sing wangsulané kaya mengkono. Ora bakal ngéloni anaké dhéwé nganggo tembung sing ora ana tegesé.

2(15:1)

3(15:1)

4Saupama karepmu dituruti, ora ana wong sing wedi lan gelem ndedonga marang Allah menèh.

5Tembungmu dhéwé mbuktèkaké yèn kowé kuwi salah, nanging pialamu koktutupi nganggo ketrangan sing ruwed.

6Aku ora susah nggugat lan nyalahaké kowé, sebab kowé digugat déning tembungmu dhéwé.

7Apa rumangsamu kowé kuwi manungsa sing lair dhisik dhéwé? Nalika gunung-gunung dititahaké apa kowé ana ing kono?

8Apa kowé krungu nalika Allah gawé rancangan? Apa mung kowé dhéwé sing kadunungan kawicaksanané manungsa?

9Kabèh sing kokweruhi, aku iya weruh; kabèh sing kokngertèni, aku iya ngerti.

10Kawicaksanan iki daktampa saka wong sing wis uwanen; wong kuwi wis ana nalika bapakmu durung lair.

11Gusti Allah kersa paring panglipur, yagéné koktampik? Kandhaku atas Asmané Allah, klawan sabar lan alus.

12Nanging yagéné kowé nepsu, mripatmu mentheleng.

13Kowé nepsu marang Allah lan dhawuhé kokbantah.

14Apa bisa manungsa ora duwé dosa babar-pisan? Apa bisa manungsa tinemu resik ing ngarsané Allah?

15Lha wong malaékat waé ora bisa diprecaya déning Allah; ana ing paningalé Allah padha ora suci.

16Apa menèh manungsa sing wis rusak merga hawa-nepsuné, merga wis ngombé piala kaya ngombé banyu.

17Ayub, rungokna kandhaku,

18piwulangé wong wicaksana marang aku. Piwulang iki ditampa saka leluhuré, sing diterusaké marang anak-putuné.

19Ing wektu semono durung ana wong manca teka ing tanahé; durung ana wong sing nasaraké saka Allah.

20Wong ala sing dhemen nenindhes, sajegé urip bakal nandhang giris.

21Bakal tansah krungu panjerit sing mbudhegaké kuping; bakal dirampog ing wektu sing dikira tentrem.

22Wong mau ora duwé pengarep-arep ngéndhani tekané pepeteng, awit sawayah-wayah arep dipatèni nganggo pedhang.

23Wong mau nglambrang golèk pangan ana ing endi-endi. Weruh yèn dina patiné, wis cumepak ana ing adhakan.

24Kacilakan tekané kaya raja gagah prakosa, sing siaga arep numpes dhèwèké.

25Mengkono nasibé wong sing nantang marang Allah, sing wani nglawan marang Kang Mahakwasa.

26(15:26-27) Klawan angkuh Allah diserang; tamèngé diangkat, emoh mundur.

27(15:26)

28Manggoné ing kutha-kutha sing tilas digempur, ing omah-omah suwung. Kutha-kutha mau wis ditemtokaké tetep dadi gempuran.

29Kasugihané wong mau bakal sirna tanpa tilas; raja-branané bakal ludhes kabèh.

30Wong mau bakal ora uwal saka pepeteng; bakal kaya wit sing pang-pangé kobong, lan sogolané garing kena panasé geni. Wong kuwi bakal sirna déning napasé Pangéran.

31Wong sing ngendelaké marang piala bakal kapusan; sing ditampa opahé kadurakan; kuwi iya tanpa guna.

32Wong mau bakal mati sadurungé tekan mangsané, kaya pang sing alum lan ora bisa dadi ijo menèh.

33Wong kuwi kaya wit anggur, sing gogrog pentilé, kaya wit zaitun sing rontog kembangé.

34Wong sing ora nganggep marang Allah bakal cures turuné; omah sing dibangun saka hasil sing ora samesthiné bakal kobong.

35Mengkono wong sing ngrancang tumindak ora bener. Isining atiné mung ngrancang piala.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel