Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 31 >> 

1"Aku janji nganggo sumpah, ora bakal ndelengaké prawan kanthi rasa birahi.

2Apa pendamelé Allah marang kita? Kepriyé enggoné males penggawéné manungsa?

3Wong dursila rak mesthi ketiban paukuman, lan wong ala rak mesthi tiwas.

4Allah pirsa penggawéku kabèh; tindak-tandukku tansah digatosaké.

5Aku wani sumpah, yèn durung tau tumindak slingkuh, durung tau aku ngapusi.

6Karebèn aku ditimbang nganggo timbangan kaadilané Allah, mesthi bakal pirsa yèn aku ora salah.

7Saupama aku nylèwèng saka dalan sing bener, utawa atiku kepéncut marang prekara sing kotor, yèn tanganku najis déning dosa,

8karebèn wong liya sing mangan asilé sing daktandur, lan asilé lemahku rusaka kabèh.

9Saupama aku tau kepéncut marang bojoné tanggaku, lan karo ndhelik dakinjen saka mburi lawang,

10bojoku karebèn olah-olah kanggo wong lanang liya, lan dituroni wong lanang liya.

11Menawa aku nglakoni dosa sing mengkono, sapantesé aku tampa paukuman.

12Dosa kuwi bakal memangsa kaya genining nraka. Sarupaning barang-darbèkku entèk kobong.

13Nalika baturku sesambat merga haké daklanggar, dakrungokaké sambaté lan dakrengkuh kanthi jujuring ati.

14Yèn ora, kepriyé enggonku bakal ngadhepi Allahku? Kepriyé wangsulanku samangsa Panjenengané rawuh ngadili aku?

15Apa dudu Allah sing nitahaké aku, semono uga sing nitahaké batur-baturku?

16Durung tau aku nampik, ora mitulungi wong kesrakat, utawa négakaké wong randha semplah atiné.

17Durung tau aku négakaké bocah lola kaliren, mangka aku kecukupan pangan.

18Malah wiwit cilik dakrumati; dakdhidhik sajegé uripku.

19Yèn aku weruh wong kecingkrangan, sing ora bisa tuku sandhangan,

20wong mau dakenggoni klambi wol saka wuluné wedhusku dhéwé, aku bakal dialem kanthi tulusing ati.

21Saupama aku tau ngapusi bocah lola, merga yakin yèn bakal menang prekaraku,

22mbokya tugela tanganku karo pisan lan sempal saka bauku.

23Ora bakal aku tumindak mengkono, sebab aku wedi marang paukumané Allah.

24Ora tau aku ngendelaké kesugihanku,

25utawa ngegung-egungaké bandhaku.

26Durung tau aku nyembah marang srengéngé sing nyunaraké pepadhang utawa rembulan sing éndah soroté.

27Durung tau aku keblinger nyembah marang dhèwèké, utawa tanganku dakcucup kanggo ngurmati.

28Dosa sing mengkono kuwi patut diukum pati; merga wis nyingkur marang Allah Kang Mahakwasa.

29Durung tau aku bungah merga mungsuhku nandhang sangsara, utawa bungah-bungah merga dhèwèké nemu cilaka.

30Aku ora nggégé patiné mungsuhku, ora tau aku gawé dosa sing mengkono.

31Sing padha nyambut-gawé karo aku padha weruh, yèn sapa waé sing teka ing omahku, mesthi daksuguh mangan sawaregé.

32Lawangku dakwengakaké kanggo wong manca; dakpenging nginep ana ing dalan.

33Wong liya padha nutupi dosané, nanging aku ora tau mengkono.

34Aku ora wedi marang panemuné wong akèh, pamoyoké wong, aku ora preduli. Ora tau aku ndhelik ana ing omah, merga wedi diécé ing wong.

35Yagéné wong padha ora ngandel marang tembungku? Aku sumpah, yèn kuwi mau kabèh bener. Muga Kang Mahakwasa paring wangsulan marang aku. Saupama pandakwané mungsuh marang aku ditulis kabèh nganti kena dakwaca,

36bakal dakpasang ana ing pundhakku, lan daktèmplèkaké ing sirah kaya makutha.

37Bakal dakaturaké marang Allah sakèhé penggawéku, lan ana ing ngarsané, aku kanthi bungah bakal ndengèngèk ngangkat sirahku.

38Saupama sing dakluku lemah colongan, sing dakrampas saka sing duwé,

39saupama asilé entèk dakpangan, lan wongé sing nandur daktégakaké kaliren,

40muga canthèl lan gandum aja tuwuh ing lemah mau, nanging thukula grumbulan eri lan alang-alang." Tekan seméné clathuné Ayub.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel