Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 39 >> 

1Apa kowé ngerti kapan lairé wedhus alasan, lan kapan menjangan enggoné manak?

2Apa kowé ngerti pira lawasé enggoné meteng, lan kapan enggoné bakal manak, apa kowé ngerti?

3Apa kowé ngerti enggoné nglarani, banjur nglairaké?

4Anak-anaké mau enggoné padha dadi gedhé lan rosa ing ara-ara samun; nuli padha lunga ora bali menyang biyungé.

5Sapa sing ngeculaké kuldi alasan ana ing alas? Sapa sing nguculi taliné lan ngumbar kuldi-kuldi mau?

6Kuldi-kuldi Daksedhiyani ara-ara samun dadi omahé lan ara-ara uyah dadi panggonané.

7Padha ngedohi kutha-kutha sing ramé, ora ana wong sing bisa gawé tutut lan ngepèk gawéné.

8Suket ing pegunungan dadi pangané, lan thethukulan ijo sing ana ing kana.

9Sapi alasan apa bisa kokpèk gawéné? Apa gelem kokkongkon manggon ing kandhangmu?

10Apa bisa koktalèni lan kokpeksa kokgawé mluku? Apa bisa kokkon nggaru palemahanmu?

11Apa tenagané sing rosa kuwi kena koktanjakaké, lan kokpasrahi kuwajibanmu sing abot?

12Apa bisa kokpasrahi nglumpukaké asilé panènanmu, kokkon nggawa menyang penutonmu?

13Manuk unta ibut enggoné ngegaraké swiwi lan elaré! Nanging maburé kalah karo manuk bango.

14Manuk unta ngendhog ing lemah, banjur ditinggal; endhogé ditutupi pasir kanggo manasi.

15Manuk mau ora mikir yèn endhog mau bisa kepidak déning wong utawa kéwan alasan.

16Carané kaya-kaya endhog mau dudu duwèké; dhèwèké ora preduli yèn kangèlané ora ana pituwasé.

17Merga saka pangrèhé Allah manuk mau enggoné bodho, ora duwé kawicaksanan lan akal-budi.

18Nanging yèn manuk mau mlayu rikat, jaran lan sing nunggang kalah rikaté.

19Hé Ayub, apa kowé sing awèh kekuwatan marang jaran, lan suri sing rémbyak-rémbyak ing guluné?

20Apa kowé sing akon mlumpat kaya walang, lan nggaber-nggaber medèni wong?

21Sikilé nggaruk-nggaruk lemah lebak sarosané, lan nyerbu ngetog tenaga kaya-kaya nantang gegaman.

22Dhèwèké ora tau wedi lan geter; pedhang ora njalari munduré.

23Sing nenunggang, gamané kumrincing lan gumebyar.

24Jaran mau playuné kaya angin, krungu swarané slomprèt banjur nggeblas ora kena dipenggak.

25Saben krungu slomprèt banjur mbekèr, lan saka kadohan wis ngambu gandané peprangan; gertak lan aba-aba, sing diucapaké déning para perwira.

26Apa kowé sing mulang manuk wulung mabur yèn ngléyang mengidul karo nggelar swiwiné?

27Apa manuk garudha iya nglakoni préntahmu yèn dhèwèké gawé susuh ing pucuké gunung sing dhuwur?

28Ing pucuké gunung watu mau olèhé gawé susuh, parang-parang lancip minangka bètèngé.

29Saka panggonan kono matané ngawasaké papan sing adoh, madik-madik golèk mangsan.

30Manuk garudha padha ngrompol ngubengi mangsané, getihé mangsané diombé déning garudha sing isih nom.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 39 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel