Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 5 >> 

1Ayub, sesambata, apa ana sing semaur? Wong suci endi sing koktolèh arep kokjaluki tulung?

2Mung wong bodho sing mati merga panas atiné, lan wong ala sing mati merga kemèrèné.

3Aku tau weruh wong bodho. Uripé katoné sentosa. Nanging pomahan sing dienggoni tumuli dakipat-ipati.

4Anak-anaké ora ana sing olèh pengayoman; ora ana sing gelem mbélani prekarané ing pengadilan.

5Apa sing diundhuh saka ing palemahané, entèk dipangan wong sing keluwèn. Semono uga pari sing dipageri eri, dientèkaké wong sing kaliren. Wong sing ngelak bandha ngincer barang-darbèké wong liya.

6Tuwuhé piala ora saka bumi. Kasusahan ora thukul saka lemah.

7Ora! Nanging manungsa dhéwé sing nekakaké cilaka marang awaké. Kaya pletiking geni wetuné uga saka geni.

8Yèn aku ngalami kaya kowé, aku bakal sesambat marang Allah. Dakaturaké prekaraku ana ing ngarsané, dakpasrahaké marang Panjenengané.

9Pakaryané Allah élok ngédab-édabi, ora kena kita jajagi. Mujijat-mujijaté tanpa wilangan, ora ana entèk-entèké.

10Udan ditekakaké ing bumi, nganti ngelebi sawah lan tegalan.

11Allah sing ngangkat wong asor dadi luhur, sing nekakaké katentreman marang wong prihatin.

12(5:12-13) Rancangané wong duraka dibatalaké, wong julig dipasangi kala, temah wurung kabèh rancangané, lan padha dijiret sajroning kawicaksanané.

13(5:12)

14Yèn wayah awan ketekan pepeteng, padha mak-makan kaya ing wayah bengi.

15Nanging Allah paring pitulungan: wong miskin diluwari saka pati, wong asor saka panindhes.

16Saiki ana pengarep-arep; kanggo wong sing apes. Wong ala ora padha kumecap, merga Allah wis mbungkem cangkemé.

17Begja yèn kowé diwelèhaké déning Allah, aja serik atimu menawa diélikaké.

18Sebab Allah milara, nanging uga nambani. Astané nggebagi, nanging uga meteki.

19Yèn ana bebaya nekani, kowé mesthi diluwari.

20Yèn ana pailan ora bakal kowé kapiran. Yèn ketekan perang, kowé dioncataké saka ing pedhang.

21Kowé diayomi saka ing pitenah; kowé bakal ora wedi karo paukuman lan ancamané wong duraka.

22Senajan mungsuh ambek siya lan ketekan paceklik, bakal tatag atimu, malah kokgeguyu. Kowé ora bakal wedi utawa gugup, senajan ngadhepi kéwan galak.

23Palemahan sing kokluku bakal ora ana watuné, kowé ora bakal ditubruk déning kéwan galak.

24Kowé bakal manggon ing kémahmu klawan ayem. Lan yèn wedhusmu kokétung, kabèh padha ketemu slamet, ora ana sing ilang.

25Anak-putumu cacahé bakal ora karuwan, kaya suket ing ara-ara.

26Kaya pari sing wis tuwa bakal dienèni ing wektuné, mengkono uga kowé bakal mati sawisé ngalami umur dawa.

27Ayub, kabèh kuwi wis daktliti, lan ketitik nyata, mulané gugunen.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel