Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 7 >> 

1Uripé manungsa kuwi kaya wong perang, abot lan ngrekasa kaya uripé batur-tukon,

2kaya abdi sing butuh pengayoman, kaya wong buruh sing ngarep-arep opah.

3Pirang-pirang sasi lawasé uripku tanpa tujuan; saben bengi atiku kebak kasusahan.

4Yèn aku mapan turu, benginé rumangsaku dawa banget. Aku ngarep-arep endang padhang, enggonku turu ora tentrem.

5Awakku kebak sèt lan rereged; kulitku tatu metu nanahé.

6Uripku sing tanpa pengarep-arep iki lakuné rikat nuju ajalé, rikaté ngungkuli sekociné wong nenun.

7Dhuh Allah, mugi kersa ngèngeti, bilih gesang kawula namung presasat hawa, kabegjan kawula sampun sirna tanpa tilas.

8Samenika tiyang ningali kawula !!— nanging mboten dangu malih. Menawi mangké dipun padosi, kawula sampun mboten wonten.

9(7:9-10) Kados déné méga lebur lajeng sirna, mekaten ugi manungsa, menawi pejah lajeng mboten wangsul malih. Sedaya tiyang ingkang naté tepang, badhé kesupèn dhateng piyambakipun.

10(7:9)

11Pramila kawula mboten badhé mèndel! Bingah-sisahing manah kawula mboten badhé kawula tutupi. Ilat kawula mboten badhé kawula cegah nglairaken isining manah.

12Kénging menapa kawula terus Paduka jagi? Menapa kawula menika sawer naga ingkang mbebayani?

13Kawula tileman badhé ngaso, lan pados panglipur kanggé manah ingkang nglokro.

14Nanging kawula Paduka ajrih-ajrihi srana impèn; Paduka damel giris kalayan tetingalan salebeting tilem.

15Temah kawula langkung remen saupami dipun tekaka lan pejah, tinimbang gesang nanging badan kawula nandhang sangsara mekaten.

16Kawula sayah lan bosen gesang; kawula aluwung pejah kémawon! Mugi kersa nilar kawula, margi gesang kawula namung kados hawa kémawon!

17Kénging menapa manungsa Paduka anggep wigatos? Kénging menapa lampahipun tansah Paduka pirsani?

18Saben énjing Paduka gatosaken, lan sekedhap-sekedhap Paduka cobi.

19Menapa naté Paduka méngo saking kawula, ngantos kawula kober ngulu idu?

20Dhuh Allah ingkang njagi kawula, dosa kawula menapa dhateng Paduka? Menapa dosa kawula ngawrat-awrati Paduka?

21Menapa Paduka mboten saged ngapunten dosa kawula? Menapa mboten saged Paduka nglebur dosa kawula? Awit mboten dangu malih kawula badhé kakubur; menawi Paduka padosi, mboten badhé pinanggih.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel