Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 1 >> 

1Nalika tanggal siji, sasi kapindho, taun kapindho sawisé bangsa Israèl metu saka tanah Mesir, Gusti Allah ngandika marang Musa ing Kémah Palenggahané Allah ana ing ara-arané pegunungan Sinai,

2dhawuhé, "Kowé lan Harun padha nacahna wong Israèl miturut taler lan kulawargané dhéwé-dhéwé. Gawéa cathetan jenengé wong lanang kabèh,

3sing umur rong puluh taun munggah, sing wis bisa perang.

4Saben taler konen ngangkat penggedhé kanggo ngréwangi kowé."

5(1:5-16) Iki daftaré para penggedhéné taler-taler ing Israèl, sing dipilih nindakaké pegawéan mau: (Taler-Penggedhéné taler); Rubèn-Élizur bin Sédhéur; Siméon-Sélumièl bin Zurisiadai; Yéhuda-Nahason bin Aminadab; Isakar-Nétanéèl bin Zuar; Zébulon-Éliab bin Hélon; Éfraim-Élisama bin Amihud; Manasyè-Gamalièl bin Pédazur; Bènyamin-Abidan bin Gédéoni; Dhan-Ahiézer bin Amisiadai; Asyèr-Pagièl bin Okran; Gad-Éliasaf bin Déhuèl; Naftali-Ahira bin Énan.

6(1:5)

7(1:5)

8(1:5)

9(1:5)

10(1:5)

11(1:5)

12(1:5)

13(1:5)

14(1:5)

15(1:5)

16(1:5)

17Wong rolas mau ngréwangi Musa lan Harun,

18nglumpukaké wong Israèl kabèh ing tanggal siji, sasi kapindho lan nyathet wong mau kabèh miturut taler lan kulawargané dhéwé-dhéwé. Kabèh wong lanang sing umur rong puluh taun munggah dicathet lan dicacahaké,

19kaya sing didhawuhaké déning Allah. Kabèh mau ditindakaké déning Musa ana ing ara-arané pegunungan Sinai.

20(1:20-46) Wong-wong lanang sing umur rong puluh taun munggah lan bisa dadi prejurit, jenengé dicathet miturut taleré lan kulawargané wiwit saka taler Rubèn, anak pembarepé Yakub; cathetan mau mengkéné: (Taler-Cacah); Rubèn-46.500; Siméon-59.300; Gad-45.650; Yéhuda-74.600; Isakar-54.400; Zébulon-57.400; Éfraim-40.500; Manasyè-32.200; Bènyamin-35.400; Dhan-62.700; Asyèr-41.500; Naftali-53.400; Gunggungé kabèh: 603.550;

21(1:20)

22(1:20)

23(1:20)

24(1:20)

25(1:20)

26(1:20)

27(1:20)

28(1:20)

29(1:20)

30(1:20)

31(1:20)

32(1:20)

33(1:20)

34(1:20)

35(1:20)

36(1:20)

37(1:20)

38(1:20)

39(1:20)

40(1:20)

41(1:20)

42(1:20)

43(1:20)

44(1:20)

45(1:20)

46(1:20)

47Wong Lèwi ora mèlu diétung,

48merga Gusti Allah wis ngandika marang Musa,

49"Yèn kowé nyathet jeneng-jenengé wong sing bisa dadi prejurit, wong Lèwi ora susah kokkatutaké.

50Wong Lèwi kuwi sakulawargané konen ngupakara Kémah Palenggahané Allah. Kuwajibané yakuwi: Ngangkat Kémah Palenggahané Allah saubarampéné sarta dadi imam sing leladi ing Kémah mau. Wong-wong mau padha manggona ing sakiwa-tengené Kémah Suci.

51Samasa ngalih panggonan, wong Lèwi kudu ngrucati Kémah Suci mau lan masang menèh ing liya panggonan. Kejaba wong Lèwi, sapa waé sing nyedhak ing Kémah Palenggahané Allah kudu diukum pati.

52Wong Israèl liyané kudu padha ngedegaké kémahé dhéwé-dhéwé; saben wong mèlu klompok lan miturut gendérané dhéwé.

53Nanging para wong Lèwi kudu ngedegaké kémahé cedhak karo Kémah Suci mau. Kudu padha njaga aja nganti ana wong nyedhak mrono, supaya Aku ora duka lan ngukum umat Israèl."

54Wong Israèl padha nglakoni sakèhé dhawuhé Allah sing diparingaké marang Musa mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel