Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 22 >> 

1Bangsa Israèl maju terus lan masang kémah ing Lebak Moab, sawétané Kali Yardèn, ing ngarepé kutha Yérikho.

2Nalika raja Moab, sing jeneng Balak bin Zipor, krungu carané wong Israèl nggempur wong Amori, lan cacahé wong Israèl mau,

3raja lan rakyaté padha wedi banget.

4Wong Moab banjur kandha karo para penggedhéné wong Midian, "Bangsa Israèl kuwi ora suwé menèh bakal numpes bangsa-bangsa kabèh sing ana ing kiwa-tengen kita, kaya sapi sing nyenggut ing pangonan." Mulané Raja Balak

5banjur ngirim utusan nimbali Biléam bin Béor, sing manggon ing kutha Pétor, cedhak karo Bengawan Éfrat lan marang negara-negara sing klebu mitrané. Utusan mau dikon kandha karo Biléam mengkéné, "Ndadosna ing pamirsa, bilih wonten setunggaling bangsa dhateng saking tanah Mesir, tiyang-tiyangipun sumebar wonten ing pundi-pundi. Bangsa wau saged ndhatengaken bebaya kanggé negari kula.

6Cacahipun langkung ageng ketimbang kaliyan bangsa kula. Mila, kula aturi dhateng ngipat-ipati bangsa menika, supados saged kula kawonaken sarta kula tundhung saking negari kula. Kula yakin bilih sinten ingkang panjenengan berkahi, temtu badhé nampi berkah, lan sinten ingkang panjenengan ipat-ipati temtu badhé nampi paukuman."

7Para penggedhéné wong Moab lan wong Midian mau nuli padha budhal, karo nggawa opahé Biléam, banjur padha nemoni Biléam lan ngandhakaké apa sing diwelingaké déning Raja Balak.

8Biléam mangsuli, "Saénipun panjenengan sami tilem ngriki kémawon. Mbénjing-énjing kula badhé nyriyosaken menapa ingkang kadhawuhaken déning Pangéran dhateng kula." Para utusané Moab mau iya banjur padha nginep ing kono.

9Gusti Allah banjur ngrawuhi Biléam sarta ndangu, "Wong-wong sing padha nginep ing omahmu kuwi sapa?"

10Atur wangsulané Biléam, "Menika utusanipun Raja Balak saking Moab, saprelu mbekta pawartos,

11bilih wonten setunggaling bangsa dhateng saking Mesir, tiyang-tiyangipun sumebar ing negari Moab ngriku. Raja Balak ngersakaken supados kula ngipat-ipati bangsa ingkang dhateng saking Mesir wau, supados saged dipun kawonaken lan dipun tundhung saking ngriku."

12Pangandikané Allah marang Biléam, "Kowé aja mèlu mrana lan aja ngipat-ipati wong Israèl, merga bangsa kuwi wis Dakberkahi."

13Ésuké Biléam ketemu menèh karo para utusané Balak, banjur kandha, "Panjenengan sami wangsul kémawon, Gusti Allah mboten marengaken kula tumut mrika kaliyan panjenengan."

14Para utusan banjur padha mulih, matur marang Balak, yèn Biléam ora gelem mèlu mangkat bebarengan karo para utusan.

15Balak nuli kongkonan utusan liyané, cacahé luwih akèh, lan pangkaté luwih dhuwur ketimbang karo utusan sing dhisik.

16Para utusan mau banjur padha mangkat nemoni Biléam, nggawa piwelingé Balak mengkéné, "Kula suwun sampun ngantos nampik panyuwun kula rawuh ing Moab.

17Panjenengan badhé kula caosi épah kathah sanget, lan kula badhé ngèstokaken sedaya dhawuh panjenengan. Mangga kula aturi rawuh lan ngipat-ipati bangsa menika."

18Nanging Biléam mangsuli, "Senajan kula dipun bayar mawi pérak lan emas ingkang wonten ing kedhatonipun Balak sedaya, kula mboten badhé nglawan dhawuhipun Allah, sesembahan kula. Senajan ing prekawis ingkang sepélé pisan, kula mboten keconggah nglawan dhateng Panjenenganipun.

19Nanging prayogi menawi panjenengan sami ngaso ing ngriki sauntawis, kados para utusan ingkang rumiyin. Kula kepéngin sumerep menapa Allah kagungan dhawuh sanèsipun malih dhateng kula."

20Benginé Gusti Allah ngrawuhi Biléam lan ngandika, "Wong-wong kuwi ngajak kowé lunga. Wis mèlua. Mung waé, kowé aja nindakaké apa-apa kejaba sing Dakdhawuhaké marang kowé."

21Ésuké Biléam ngabah-abahi kuldiné, banjur budhal karo para utusan menyang Moab.

22Bareng Biléam budhal, Gusti Allah duka banget. Nalika Biléam lagi nunggang kuldiné, ditutaké baturé loro, Malaékaté Pangéran jumeneng, ngadhang Biléam ing tengah dalan.

23Bareng weruh Malaékat jumeneng ing ngarepé karo ngasta pedhang ligan, kuldi mau karepé arep nyingkiri, mulané banjur nyimpang metu tegalan. Nanging banjur digebugi déning Biléam, supaya bali menèh ing dalan.

24Nanging Malaékat mau banjur jumeneng ing dalan sing ciyut, sing kiwa-tengené ana témboké watu, ing antarané kebon anggur.

25Nalika kuldi mau weruh Malaékaté Pangéran, banjur mlaku mèpèt ing témbok watu, nganti sikilé Biléam kebarut. Kuldiné nuli digebugi menèh.

26Malaékaté Pangéran banjur saya nyedhak, lan jumeneng ing panggonan sing luwih ciyut banget, nganti wong liwat ora bisa nyimpang ngiwa utawa nengen.

27Bareng weruh Malaékaté Pangéran jumeneng ana ing ngarepé, kuldi mau banjur ndhéprok. Biléam nepsu banget. Kuldiné nuli digebugi menèh nganggo tekené.

28Gusti Allah banjur mbikak cangkemé kuldi mau, wusana kuldi mau bisa caturan. Clathuné kuldi mau marang Biléam, "Kula nglampahi menapa déné panjenengan gebagi ngantos rambah ping tiga?"

29Wangsulané Biléam, "Merga aku wis kokgawé geguyon! Upama aku nyekel pedhang, kowé mesthi wis dakpatèni!"

30Wangsulané kuldi, "Menapa mboten sampun dangu enggèn kula ngabdi dados kuldi titihan panjenengan? Menapa naté kula mbangkang dhateng panjenengan?" "Ora tau," wangsulané Biléam.

31Gusti Allah nuli mbikak mripaté Biléam, mula weruh Malaékaté Pangéran jumeneng ing ngarepé ngasta pedhang ligan. Biléam banjur sujud sumungkem ing bumi.

32Pangandikané Malaékat mau, "Yagéné kuldimu kokgebugi nganti ping telu? Tekaku arep nyegah, supaya kowé aja sida lunga.

33Begja déné kuldimu weruh Aku lan minggir nganti ping telu. Yèn ora kowé mesthi wis Dakpatèni, lan kuldimu Dakslametaké!"

34Atur wangsulané Biléam, "Kula sampun nglampahi dosa. Kula mboten mangertos, bilih Paduka jumeneng wonten ing tengah mergi, nyegati lampah kula. Menawi kula mboten kepareng késah, kula badhé wangsul kémawon."

35Nanging Malaékaté Pangéran ngandika, "Terusna lakumu, mèlua wong-wong kuwi. Nanging poma, kowé ora kena guneman yèn ora Dakdhawuhi." Biléam nuli nerusaké lakuné karo para utusané Balak.

36Bareng Balak krungu yèn Biléam arep teka, banjur mangkat methukaké ing Ar, yakuwi sawijining kutha ing sapinggiré Kali Arnon, ing tapel watesé Moab.

37Pangucapé Balak marang Biléam, "Kénging menapa panjenengan mboten rawuh nalika kula aturi ingkang sepisan? Menapa panjenengan nginten bilih kula mboten saged nyaosi épah ingkang murwat?"

38Wangsulané Biléam, "Menika mboten sisah dipun rembag. Cekakipun kula sampun dumugi ngriki. Nanging kula mboten kepareng gineman sakecap-kecapa, menawi mboten angsal dhawuh saking Gusti Allah."

39Biléam banjur diajak menyang kutha Huzot.

40Ana ing kana Balak nyembelèh sapi lan wedhus gèmbèl; dagingé salong ana sing diwènèhaké Biléam lan para penggedhé sing dadi kancané.

41Ésuké Biléam digawa Balak menyang Gunung Bamot Baal. Saka panggonan kono Biléam bisa weruh bangsa Israèl sapérangan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel