Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 24 >> 

1Saiki Biléam wis ngerti yèn kersané Gusti Allah kuwi Biléam supaya mberkahi bangsa Israèl. Mulané ora lunga neges marang kersané Allah kaya sing uwis-uwis. Biléam ngawasaké pesamunan,

2nuli weruh palèrènané bangsa Israèl sing padha masang kémahé miturut turun lan taleré dhéwé-dhéwé. Rohé Pangéran nuli ngwaosi Biléam,

3mulané Biléam banjur medhar wangsit mengkéné: "Iki Biléam bin Béor, awèh tandha, wong wicaksana awèh pawarta.

4Aku diparingi krungu sabdané Allah sing lugu. Klawan mata tinarbuka, aku weruh wahyuné Allah Kang Mahakwasa.

5Kémah-kémahé katon apik, hé Yakub, iya papan padununganmu, hé Israèl.

6Kaya lebak kang gumelar, kaya taman ing pinggir kali, kaya wit gaharu sing ditandur Pangéran, kaya wit èrès cedhaké pancuran.

7Wiji subur thukul ing lemah, udané akèh, banyuné murah. Ratuné unggul, ora ana tandhingé amba tanah jajahané.

8Allah ngirid lakuné, saka Mesir asalé, kaya banthèng perangé, nglawan mungsuhé. Mungsuhé diuntal malang, disuwèk, diremuk balungé, panahé dicoklèk.

9Bangsa kuwi kaya singa prakosa, yèn njerum, sapa wani nggodha? Sing mberkahi dhèwèké, olèh rahmat, sing nyepatani olèh laknat."

10Balak nepsu banget karo getem-getem ngepel tangané, tembungé marang Biléam, "Panjenengan kula undang mriki supados ngipat-ipati mengsah kula menika, jebul malah panjenengan berkahi ngantos kaping tiga!

11Samenika ugi panjenengan kedah késah saking ngriki! Kula sampun janji badhé nyawisi opah, nanging Allah mboten marengaken panjenengan nampèni opah menika."

12Wangsulané Biléam, "Kula rak sampun criyos dhateng para utusan panjenengan,

13bilih, senajan panjenengan badhé nyukani sedaya selaka lan emas ingkang wonten ing kedhaton panjenengan, kula mboten badhé nglawan dhateng dhawuhipun Pangéran lan nindakaken pikajeng kula piyambak. Kula namung saged nyariyosaken menapa ingkang kadhawuhaken déning Pangéran dhateng kula."

14Biléam clathu marang Balak mengkéné, "Samenika kula badhé wangsul dhateng negari kula malih. Nanging sadèrèngipun bidhal kula kepéngin ngaturi pirsa bab menapa ingkang mbénjing badhé panjenengan alami saking bangsa Israèl menika."

15Biléam banjur medhar wangsit mengkéné: "Iki Biléam bin Béor, awèh tandha, wong sidik awèh pawarta.

16Sing kaparingan pangrungu pangandikané Allah satuhu. Sing kaparingan weruh kawruh luhung, digawé wadi ing Allah Mahaagung. Klawan mata tinarbuka, dakdeleng wahyuné Allah Kang Mahakwasa.

17Dakdeleng Israèl ing mbésuké, ana raja saka Israèl miyosé, kaya lintang munculé, padhang cahyané, penggedhéné bangsa Moab ditelukaké, bangsa Sèt dikalahaké.

18Édom mungsuhé disirnakaké, tanahé direbut dadi duwèké, lestari karosané.

19Mungsuhé entèk diidak mati, tan ana siji sing kari."

20Sawisé mengkono ing sajroning wahyu Biléam weruh wong-wong Amalèk. Mulané banjur meca mengkéné, "Kabèh bangsa sajagad, Amalèk dhéwé sing hébat. Nanging akiré, ngalami uga musna, sirna."

21Sajroné wahyu mau Biléam uga weruh anak-turuné Kain, temah banjur meca mengkéné, "Kain sentosa pemanggonmu, kaya susuh ing pucuk gunung watu.

22Nanging kowé wong Kèni, bakal ditumpes sirna, diboyong Asyur, dadi tawanan, digawa lunga."

23Biléam banjur uga ngucap mengkéné, "Saka Lor wong akèh padha teka, sapa ta?

24Iku wong Siprus teka numpak prau. Wong Asyur lan wong Ébèr dilalap bangsa mau, nanging akiré ora lawas, uga ditumpes tanpa tilas."

25Sawisé mengkono Biléam banjur tata-tata lan budhal, mulih menyang negarané. Semono uga Balak iya banjur mulih.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel