Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 25 >> 

1Nalika bangsa Israèl lagi masang kémah ing Lebak Sitim, wong-wong lanang padha laku jina karo wong wadon Moab, sing ana ing kono.

2Wong-wong wadon mau padha ngajak wong Israèl mèlu ing kraméan gawé kurban ngurmati para déwané wong Moab. Ing kono wong Israèl uga mèlu mangan lan mèlu nyembah Déwa Baal,

3ing Gunung Péor. Gusti Allah banjur duka banget,

4pangandikané marang Musa, "Para penggedhéné Israèl cekelen kabèh lan gantungen ana ing ngarsané Allah lan ing ngarepé wong akèh, supaya dedukané Allah sing ngalad-alad marang bangsa iki sirep."

5Musa banjur préntah marang para hakim ing Israèl mengkéné, "Saben wong ing talermu sing nyembah marang Baal kudu kokpatèni."

6Nalika Musa lan umat Israèl kabèh lagi padha nglumpuk nangis ing ngarepé lawang Kémah Suci, dumadakan ana wong lanang nggawa wong wadon Midian mlebu ing kémahé.

7Bareng Pinéhas, anaké Èléazar, putuné Imam Harun, weruh sing mengkono mau, nuli ninggal wong-wong sing nglumpuk mau, banjur njupuk tumbak,

8lan ngoyak wong lanang wadon sing mlebu ing kémah mau. Wong loro mau ditumbak wetengé nganti tembus. Srana anané lelakon mau paukuman sing wiwit mrèmèn sirep.

9Nanging merga paukuman mau wong 24.000 padha mati.

10Gusti Allah banjur ngandika marang Musa,

11"Pinéhas anaké Èléazar, putuné Imam Harun, ora seneng ndeleng wong nyembah marang allah liyané Aku. Mulané Aku bakal ora duka marang bangsa iki menèh, lan ora arep Daktumpes.

12Kandhaa marang Pinéhas, yèn Aku bakal gawé prejanjian karo dhèwèké kanggo ing selawasé.

13Pinéhas lan anak-turuné ditetepna dadi imam ing selawas-lawasé, merga enggoné ora seneng marang wong sing nyembah marang allah liyané Aku. Mulané dosané umat Israèl Dakapura."

14Wong Israèl sing dipatèni bareng karo wong wadon Midian mau jenengé Zimri, anaké Salu, wis duwé brayat; wong mau saka taler Siméon.

15Déné wongé wadon jenengé Kozbi, anaké Zur, kepalané salah sawijining golongan turun-Midian.

16Gusti Allah dhawuh marang Musa,

17"Wong Midian kuwi gempuren lan tumpesen,

18merga ala atiné lan wis ngapusi kowé ing Péor kaé."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel