Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 36 >> 

1Para pengarepé turun-Gilèad, anaké Makir, yakuwi putuné Manasyè anaké Yusuf, padha nemoni Musa lan para penggedhé liyané.

2Tembungé, "Gusti Allah sampun ndhawuhi panjenengan ngedum siti ing antawisipun bangsa Israèl srana undhi. Gusti Allah ugi sampun ndhawuhi panjenengan nyukakaken siti warisanipun sedhèrèk kula Zélaféhad dhateng anak-anakipun èstri.

3Nanging kita ngertos menawi laré-laré menika sami émah-émah kaliyan tiyang jaler saking taler sanès, siti warisanipun menika badhé dhawah dhateng tler sanès wau. Srana mekaten siti ingkang sampun katemtokaken dados panduman kula sedaya, badhé kelong.

4Ing Taun Yobèl, menawi siti-siti ingkang katumbas kawangsulaken dhateng ingkang gadhah, sitinipun laré-laré èstri anakipun Zélaféhad menika badhé tetep dados hakipun para tiyang jaler ingkang mendhet laré-laré èstri wau, ngantos taler kula lajeng kécalan siti wau."

5Mulané Musa banjur ngumumaké marang bangsa Israèl dhawué Gusti Allah mau, mengkéné: "Penemuné wong-wong taler Manasyè kuwi bener,

6mulané Gusti Allah ngandika, ‘Bocah-bocah wadon anaké Zélaféhad kuwi bébas, kena omah-omah karo sapa waé, sing disenengi, angger karo wong lanang taleré dhéwé.

7Lemah pusaka pandumané wong Israèl kudu tetep ana ing taleré.

8Saben wong wadon sing olèh warisan lemah ing taleré Israèl, kudu omah-omah karo wong lanang saka taleré dhéwé. Srana mengkono saben wong Israèl bakal marisi lemah pusakané leluhuré,

9lan lemah pusaka mau ora bakal ngalih dadi duwèké taler liya. Saben taler bakal tetep nduwèni lemah pusakané dhéwé-dhéwé.’"

10(36:10-11) Merga saka dhawuhé Allah marang Musa mau, bocah wadon lima anaké Zélaféhad, yakuwi: Mahla, Tirza, Hogla, Milka lan Noa banjur padha omah-omah karo sanak-seduluré dhéwé,

11(36:10)

12yakuwi karo wong saka turunané taler Manasyè, anaké Yusuf. Srana mengkono tanah pusakané bocah-bocah wadon mau tetep dadi dusèké taler Manasyè.

13Mengkono prenatan-prenatan lan putusan-putusan sing didhawuhaké déning ALlah marang bangsa Israèl lantaran Musa, nalika bangsa Israèl isih padha ana ingtanah ngaré Moab, sacedhaké Kali Yardèn, sangarepé kutha Yérikho.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 36 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel