Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 3 >> 

1Sang Prabu Nebukadnésar yasa reca emas, dhuwuré pitulikur mèter, gedhéné mèh telung mèter. Reca mau didegaké ing Lembah Dura, ing propinsi Babil.

2Sang Prabu banjur dhawuh nglumpukaké para priyagung lan para pegawé, yakuwi para pangéran, para gubernur, para menteri, para wargané Déwan Pertimbangan Agung, para hakim agung, para bupati, para bendaharawan, para ahli hukum lan sakèhé pegawé propinsi-propinsi. Kabèh kadhawuhan njenengi enggoné ngresmèkaké reca sing wis didegaké déning Sang Prabu Nebukadnésar mau.

3Bareng para priyagung wis padha nglumpuk prelu njenengi enggoné ngresmèkaké reca mau,

4banjur ana abdi dalem sing kapatah ngacarani, swarané sora, "Hé umaté negara kabèh, para bangsa sing basané werna-werna.

5Samasa kowé padha krungu swarané slomprèt, suling, clempung, rebab, gambus, serdam lan unèn-unèn liyané, kowé banjur padha sujuda nyembah reca sing didegaké déning Sang Prabu Nebukadnésar.

6Sing sapa ora sujud lan nyembah reca mau, sanalika bakal kacemplungaké ing pawon sing murub makantar-kantar."

7Mulané bareng padha krungu uniné slomprèt lan unèn-unèn liyané mau sakèhé umat, bangsa-bangsa sing basané apa waé banjur padha sujud lan nyembah reca emas sing didegaké déning Sang Prabu Nebukadnésar mau.

8Dhèk semono ana wong Babil sawetara sing nggugat wong-wong Yahudi.

9Unjuké marang Sang Prabu Nebukadnésar mengkéné, "Dhuh Sang Prabu, sugenga ing selaminipun!

10Paduka sampun ndhawuhaken, bilih samasa ungel-ungelan dipun ungelaken, saben tiyang kedah sujud nyembah dhateng reca emas.

11Sarta sinten kémawon ingkang mboten sujud lan nyembah reca wau, badhé kacemplungaken ing pawon ingkang murub mulad-mulad.

12Wonten tiyang Yahudi sawetawis, ingkang paduka pasrahi pepréntahan ing Babil, inggih menika Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo, mboten mreduli dhateng dhawuh paduka. Tiyang-tiyang wau mboten sami nyembah allahipun Sang Prabu utawi sujud dhateng reca emas ingkang dipun yasa déning Sang Prabu."

13Mireng atur mengkono mau Sang Prabu duka banget, banjur dhawuh supaya wong telu mau kasowanaké ing ngarsané.

14Pangandikané Sang Prabu marang wong telu mau mengkéné, "Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo, apa temenan kowé padha ora gelem nyembah déwaku lan ora gelem sujud marang reca emas sing dakdegaké?

15Saikiné, samasa kowé padha krungu uniné slomprèt lan unèn-unèn liyané, padha sujuda lan nyembaha reca kuwi? Yèn ora, sanalika iku uga kowé bakal kacemplungaké ing pawon sing murub ngalad-alad. Apa saka pangiramu ana déwa sing bisa ngluwari kowé?"

16Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo banjur munjuk marang Sang Prabu Nebukadnésar mengkéné, "Dhuh Sang Prabu, kawula mboten badhé mbélani badan kawula piyambak.

17Menawi Allah ingkang kawula bektèni saged ngluwari kawula saking pawon murub lan saking astanipun Sang Prabu, temtu Panjenenganipun badhé kersa ngluwari.

18Éwasemanten senajan Panjenenganipun mboten kersa, mugi ndadosna ing pamirsanipun Sang Prabu, bilih kawula sami mboten badhé nyembah dhateng déwanipun Sang Prabu, lan inggih mboten badhé sujud dhateng reca emas ingkang sampun panjenengan degaken."

19Ing kono Sang Prabu Nebukadnésar duka banget, lan pasuryané dadi abang mbranang mirsani Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo. Banjur dhawuh supaya panasing pawoné ditikelaké pitu,

20sarta dhawuh marang wong sing rosa dhéwé saka ing antarané tentara, mbanda wong telu mau sarta nyemplungaké ing pawon sing murub ngalad-alad.

21Wong telu mau nuli dibanda karo isih nganggo sandhangané, yakuwi jubah, clana, serban, lan penganggoné liyané, banjur kacemplungaké ing pawon murub.

22Sarèhné panasé pawon ditikelaké pitu, mula prejurit sing padha nyemplungaké wong telu ing pawon mau nganti padha kobong lan mati.

23Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo sing isih padha kabanda banjur padha tiba ing satengahé pawon sing murub ngalad-alad mau.

24Sanalika Sang Prabu Nebukadnésar jumeneng merga kagèt sarta gumun banget. Pandanguné marang para pegawéné, "Apa dudu wong telu mau sing kabanda lan kacemplungaké ing pawon murub kuwi?" Unjuké sing kadangu, "Inggih leres, Gusti."

25"Nanging aku weruh wong papat padha mlaku ngénak-énak ana ing satengahé geni? Ora padha kabanda, lan ora apa-apa. Malah wong sing nomer papat kuwi rupané kaya putraning déwa."

26Sang Prabu Nebukadnésar banjur nyelaki lawanging pawon sarta nimbali wong telu mau, "Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo, para abdiné Allah Kang Mahaluhur, metua lan mrénéa!" Sanalika banjur padha metu.

27Para pangéran, para gubernur, para bupati lan para penggedhéné liyané banjur padha nglumpuk lan namataké wong telu mau, déné padha ora kobong babar-pisan. Rambuté ora kebrongot, sandhangané ora kobong, malah mambu sangit waé ora!

28Sang Prabu banjur ngandika, "Pinujia Allahé Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo! Déné Panjenengané wis ngutus malaékaté ngluwari abdi-abdiné sing padha precaya marang Panjenengané. Padha pilih nerak dhawuhé ratu lan ngetohaké nyawané ketimbang sujud lan nyembah marang allah liyané, sing dudu Allahé dhéwé.

29Mulané saiki aku ndhawuhaké, sapa waé ing antarané umat, bangsa lan basa sing ngala-ala marang Allahé Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo bakal ditugel-tugel lan omahé bakal dirubuhaké, merga ora ana allah liyané sing bisa ngluwari kaya mengkono."

30Pangkaté Sadrakh, Mésakh lan Abèdnégo banjur diunggahaké déning Sang Prabu ana ing propinsi Babil.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Daniel 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel