Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Efesus 6 >> 

1Bocah-bocah! Sing dadi kuwajiban enggonmu dadi kagungané Sang Kristus yakuwi: Padha mbangun-turuta marang wong tuwamu. Mengkono kuwi sing bener.

2"Tresnaa marang bapak lan ibumu," kuwi pepakon sing pokok sing dikanthèni prejanji:

3"Supaya kowé padha slamet lan lestari pemanggonmu ana ing jagad iki."

4Para bapak lan para ibu, aja padha gawé seriking atiné anak-anakmu, nanging padha gulawenthahen supaya ngerti marang prenatan lan piwulangé Gusti.

5Para batur, kowé padha mbangun-turuta marang bendaramu klawan wedi lan geter, sarta klawan tulusing ati; padha kaya enggonmu mbangun-turut marang Sang Kristus.

6Aja mung yèn pinuju ditunggoni, amrih olèh pengalemé. Padha nindakna kersané Gusti Allah kanthi tulusing atimu, kaya déné abdiné Sang Kristus.

7Dadi padha nglakonana pegawéanmu klawan bungah, kaya-kaya kowé ngladèni Gusti piyambak lan ora mung ngladèni manungsa.

8Padha élinga, yèn Gusti bakal ngganjar saben wong sing nindakaké penggawé becik, embuh batur embuh wong merdika.

9Para bendara, dikaya mengkono uga pangrengkuhmu marang para baturmu lan aja padha kokancam. Élinga yèn kowé lan baturmu kuwi padha-padha dadi kagungané Gusti sing ana ing swarga, sing ngadili saben wong tanpa pilih kasih.

10Wasana padha mbanguna kekuwatanmu ana ing patunggilané Gusti, kanthi migunakaké kasektèning pangwasané.

11Padha migunakna sakèhing praboting perang sing diparingaké déning Gusti Allah marang kowé, supaya kowé bisa bakuh ngadhepi sakèhing kajuligané Iblis.

12Awit kita iki perang ora karo manungsa, nanging karo pangwasané roh-roh ala sing ora katon, sing ana ing langit, yakuwi pepréntahan, para penggedhé lan daya kekuwataning jagad raya, sing nindakaké pangwasané ing jaman sing peteng iki.

13Mulané kowé saiki padha nganggoa gegaman peparingé Gusti Allah, supaya yèn ketekan dina sing ala kuwi, kowé bisaa nangkis panempuhing mungsuh, sarta sawisé nglakoni perang nganti rampung, kowé isih tetep tangguh.

14Mulané kowé kudu padha siaga! Bangkèkanmu sabukana kayektèn, lan nganggoa kamursidan minangka keré ing dhadhamu.

15Sarta padha cumadhanga martakaké Injiling katentreman minangka trumpahing sikilmu.

16Precayamu marang Gusti enggonen minangka tamèng. Srana precayamu mau kowé bisa nangkis sakèhing panah geni sing dilepasaké déning Iblis.

17Padha nampanana keslametan minangka tropong lan pangandikané Gusti Allah tamakna kaya déné pedhang peparingé Sang Roh Suci marang kowé.

18Kuwi kabèh padha tindakna klawan ndedonga, nyuwun pitulungané Gusti Allah. Padha tansah ndedongaa manut panuntuning Sang Roh Suci marang kowé. Mulané tansah padha sing awas lan aja semplah; padha tansah ndedongaa kanggo para umaté Gusti Allah.

19Mengkono uga ndongakna aku, supaya Gusti Allah kersa paring pangandika samasa tekan mangsané aku martakaké kekeraning Injil; sarta kaparingana kekendelan lan kawicaksanan.

20Merga saka Injil kuwi aku dadi utusan, senajan saiki aku dikunjara. Padha nyenyuwuna supaya aku kaparingan kekendelan kanggo ngandharaké bab Injil mau, kaya sing dadi kuwajibanku.

21Tikhikus, sedulur kita lan abdi sing tumemen ana ing pakaryané Gusti, bakal crita marang kowé, supaya kowé padha ngerti kaananku.

22Kuwi sebabé Tikhikus dakkongkon nemoni kowé, supaya nyritakaké kaananku kabèh, karebèn bisa gawé gedhéning atimu.

23Allah Sang Rama tuwin Gusti Yésus Kristus, maringana iman, rasa tresna-tinresnan lan karukunan marang para sedulur kabèh.

24Sih-rahmaté Gusti Allah nunggila karo kowé kabèh, sing padha tetep katresnané marang Gusti kita Yésus Kristus. Saka aku, Paulus


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Efesus 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel