Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ester 7 >> 

1Sang Prabu lan Haman padha dhahar lan ngunjuk menèh karo Ratu Èster.

2Sinambi ngunjuk anggur Sang Prabu ndangu menèh marang Èster, "Pramèswariku, kowé kepéngin apa? Matura! Mesthi daksembadani, senajan sing koksuwun mau separoning kratonku."

3Atur wangsulané Èster, "Menawi Sang Prabu dhangan ing penggalih, kula nyuwun supados kula lan bangsa kula kaparingana gesang.

4Sebab kula lan bangsa kula sampun kasadé badhé katumpes. Menawi namung kasadé dados réncang tumbasan kula badhé manut lan mboten badhé ngribedi Sang Prabu. Nanging samenika kula sami badhé dipun tumpes sirna!"

5Sang Prabu Akhaswéros banjur ndangu marang Èster, "Sapa sing wani-wani tumindak mengkono? Wongé sapa?"

6Atur wangsulané Èster, "Haman pun durjana menika mengsah ingkang badhé nganiaya dhateng kula sedaya!" Haman ngingetaké Sang Prabu lan Sang Ratu karo gemeter.

7Sang Prabu duka banget, banjur jengkar saka méja lan miyos saka kamar, menyang petamanan. Haman ngerti yèn Sang Prabu wis mutus bakal ndhawahaké paukuman, mulané Haman tetep lungguh ing kono karo ngrerepa marang Èster supaya dislametaké.

8Saka semplahing atiné Haman ngrungkebi dipané Èster karo nyuwun ngapura. Dumadakan wektu semana Sang Prabu mlebet saka petamanan. Pirsa tumindaké Haman sing mengkono mau Sang Prabu duka, "Lho, wis mengkono isih wani arep nyembranani Sang Ratu ana ing kéné, ing ngarepé mripatku lan ing kedhatonku dhéwé?" Sawisé Sang Prabu ngandika mengkono para abdi kraton padha teka lan nutupi sirahé Haman.

9Ana abdi jenengé Harbona, matur marang Sang Prabu, "Ing griyanipun Haman wonten cagak gantungan ingkang inggilipun 22 mèter. Cagak wau dipun degaken Haman badhé kanggé nggantung Mordekhai, tiyang ingkang milujengaken yuswanipun Sang Prabu." Sang Prabu banjur dhawuh, "Haman gantungen ana ing cagak kono!"

10Wusana Haman digantung ana ing cagak sing didegaké dhéwé kanggo Mordekhai. Sawisé mengkono dukané Sang Prabu lagi lilih.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ester 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel