Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ezra 10 >> 

1Sasuwéné Ézra ndedonga lan nlangsa karo nangis sarta nggloso ana ing ngarepé Pedalemané Allah mau, banjur ana wong Israèl akèh padha nglumpuk ing ngarepé; wong lanang, wadon, karo bocah-bocah, padha nangis seru.

2Sekhanya bin Yehièl, turuné Élam, banjur matur marang Ézra mengkéné, "Kula ngakeni sampun sami nglampahi dosa dhateng Gusti Allah, mergi sami émah-émah kaliyan tiyang sanès bangsa, inggih menika bangsa ing tanah ngriki. Éwasemanten ing samangké inggih taksih wonten pengajeng-ajeng.

3Sumangga samenika kita damel prejanjian kaliyan Gusti Allah. Kita badhé nundhung tiyang-tiyang èstri menika sedaya saanak-anakipun miturut pamrayogi panjenengan, saha rembagipun para sedhèrèk ingkang sami ajrih kaliyan angger-anggeripun Allah kita; kajengipun sedhèrèk-sedhèrèk menika tumindak miturut angger-angger.

4Sumangga panjenengan jumeneng, sebab prekawis menika dados tugas panjenengan. Kula sami badhé mbiyantu panjenengan. Penggalih panjenengan ingkang panggah kémawon, sarta tumunten tumindaka."

5Ézra banjur ngadeg, para pengarepé imam, wong Lèwi lan umat Israèl kabèh padha dikon sumpah, yèn bakal padha nglakoni apa sing diusulaké déning Sekhanya mau. Wong kabèh iya banjur padha sumpah.

6Sawisé metu saka platarané Pedalemané Allah, Ézra banjur mlebu ing omahé Yohanan bin Èlyasib lan nginep ana ing kono, ora mangan roti lan ngombé, merga isih sedhih ngrasakaké paneraké para wong sing bali saka pembuwangan mau.

7Ing Yéhuda lan ing Yérusalèm banjur dianakaké pengumuman kanggo wong kabèh sing bali saka pembuwangan, supaya padha nglumpuk ing Yérusalèm.

8Sapa sing sajroné telung dina ora teka, miturut keputusané para penggedhé lan para pinituwa, sabarang darbèké bakal dirampas, lan wongé dhéwé bakal kapisah karo para wong sing bali saka pembuwangan.

9Sakèhé wong lanang ing tanah Yéhuda lan Bènyamin banjur padha nglumpuk menyang Yérusalèm sajroné telung dina. Kelakoné kuwi mau nalika sasi kasanga, tanggal rong puluh. Wong akèh padha lungguh ana ing plataran Pedalemané Allah. Kabèh padha ndredheg merga saka lelakon mau lan merga saka deresé udan.

10Imam Ézra banjur ngadeg lan kandha mengkéné, "Kowé wis padha gawé dosa, merga padha kawin karo wong liya bangsa, nganti muwuhi kaluputané Israèl.

11Mulané saiki kowé padha nlangsaa ana ing ngarsané Pangéran, Allahé para leluhurmu, lan padha nglakonana apa sing dadi kersané. Padha pisaha karo wong bangsa kéné lan karo wong wadon liya bangsa kuwi."

12Wong sapasamuwan kabèh banjur padha mangsuli seru, "Inggih prayogi. Kula wajib sami nglampahi kados pangandika panjenengan.

13Nanging tiyangipun kathah, mangka saweg mangsa jawah, mila tiyang sami mboten betah ngadeg wonten ing njawi ngriki. Kejawi saking menika pedamelan menika mboten badhé saged rampung sedinten kalih dinten. Mergi ing antawis kula kathah tiyang ingkang sami nglampahi panerak menika.

14Prayoginipun para pengageng kula kémawon makili kula sedaya. Kajengipun tiyang-tiyang ingkang émah-émah kaliyan sanès bangsa menika kasowanaken ing wekdal ingkang katemtokaken. Tiyang-tiyang wau kairida déning para sepuh-sepuhipun daérah piyambak-piyambak, kaliyan para hakimipun, supados srana mekaten paukumanipun Allah ingkang mergi saking prekawis menika kasingkiraken saking kula sedaya."

15Mung Yonatan bin Asaèl lan Yahzéya bin Tikwa sing ora setuju karo rembug mau, dibiyantu Mesulam karo Sabbetai, wong Lèwi.

16Nanging wong-wong liyané sing mentas teka saka pembuwangan padha bisa nampa. Imam Ézra banjur milih wong sawetara, yakuwi para penggedhéné kulawarga; saben penggedhé makili kulawargané dhéwé-dhéwé. Jenengé penggedhé siji-sijiné dicathet. Enggoné padha mriksa prekara mau ing dina kapisan, sasi ping sepuluh.

17Sarupané urusan sing magepokan bab kawin karo wong liya bangsa mau rampung nalika tanggal kapisan sasi kang kapisan.

18Iki daftaré wong-wong sing padha kawin karo wong wadon liya bangsa: Para imam, miturut kulawargané: Kulawargané Yésua lan sedulur-seduluré, turuné Yozadak: Maaséya, Élièzer, Yarib lan Gedalya.

19Padha janji arep megat bojoné, lan ngurbanaké wedhus jawa minangka pangruwating dosané.

20Kulawargané Imèr: Hanani lan Zebaya.

21Kulawargané Harim: Maaséya, Élia, Semaya, Yehièl lan Uzia.

22Lan saka wong Pasyhur: Èlyoenai, Maaséya, Nétanéèl, Yozabad lan Élasa.

23Saka wong-wong Lèwi: Yozabad, Simèi, Kélaya (yakuwi Kelita), Pétahya, Yéhuda lan Élièzer.

24Saka para penyanyi: Èlyasib. Saka para juru tunggu gapura: Salum, Tèlèm lan Uri.

25Saka wong Israèl liya-liyané: Saka turuné Paros: Ramya, Yézia, Halka, Minyamin, Èléazar, Malkia lan Benaya.

26Saka turuné Élam: Matanya, Zakharia, Yehièl, Abdi, Yérémot lan Élia.

27Saka turuné Zatu: Èlyoènai, Èlyasib, Mattanya, Yérémot, Zabad lan Aziza.

28Saka turuné Bébai: Yohanan, Hananya, Zabai lan Altai.

29Saka turuné Bani: Mesulam, Malukh, Adaya, Yasub, Séal lan Yéramot.

30Saka turuné Pahat-Moab: Adna lan Kelal, Benaya, Maaséya, Matania, Bézaleèl, Binui lan Manasyè.

31(10:31-32) Saka turuné Harim: Élièzer, Yisia, Malkia, Semaya, Siméon, Bènyamin, Malukh, lan Semarya.

32(10:31)

33Saka turuné Hasum: Matnai, Matata, Zabad, Èlifèlèt, Yérémai, Manasyè lan Simèi.

34(10:34-37) Saka turuné Bani: Maadai, Amran, Uel, Benaya, Bedeya, Keluhu, Wanya, Merémot, Èlyasib, Matanya, Matnai, Yaasai.

35(10:34)

36(10:34)

37(10:34)

38(10:38-42) Saka turuné Binui: Simèi, Selèmya, Natan, Adaya, Makhnadbai, Sasai, Sarai, Azreèl, Selèmya, Semarya, Salum, Amarya lan Yusuf.

39(10:38)

40(10:38)

41(10:38)

42(10:38)

43Saka turuné Nébo: Yeièl, Matica, Zabad, Zebina, Yadai, Yoèl lan Benaya.

44Kuwi kabèh wong sing kawin karo wong wadon liya bangsa; mulané bojoné padha dipegat lan dikon lunga saanak-anaké.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ezra 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel