Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Filemon 1 >> 

1Layang saka aku Paulus, wong sing dikunjara merga Sang Kristus Yésus, lan saka sedulur kita Timotius, tumekaa marang kanca lan mitraku tunggal gawé, Filémon,

2lan marang pasamuwan sing ngumpul ana ing omahmu; sarta marang sedulur kita wadon Apfia, apa déné marang Arkhipus, kanca kita tunggal sapegawéan.

3Gusti Allah Rama kita lan Gusti kita Yésus Kristus maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé.

4Sedulur Filémon! Saben-saben aku ndedonga, aku tansah ngèlingi kowé lan saos sukur marang Gusti Allah.

5Awit aku krungu bab katresnanmu marang para kagungané Allah, lan bab precayamu marang Gusti kita Yésus Kristus.

6Kang daksuwun-suwun, muga-muga enggonku padha paseduluran karo kowé, merga padha déné dadi wong precaya, njalari kita saya ngerti marang sakèhing berkah, sing padha kita tampani ana ing patunggilan kita karo Sang Kristus.

7Katresnanmu, Filémon, sedulur kang kinasih, ndadèkaké bungahku lan gawé gedhéning atiku! Para umaté Gusti Allah kabèh rumangsa olèh panglipur saka kowé.

8Mulané, aku sedulurmu tunggal precaya marang Gusti Yésus Kristus, satemené bisa préntah marang kowé tanpa wigih-wigih, supaya nindakaké apa sing prelu.

9Nanging merga saka tresna, luwih prayoga menawa aku ora préntah, nanging ajak-ajak kowé, senajan aku, Paulus, utusané Sang Kristus Yésus kalané saiki lagi dikunjara merga saka asmané.

10Penjalukku marang kowé kanggo Onésimus, anakku ana ing Sang Kristus, awit sajroné aku dikunjara aku dadi bapakné kasukman.

11Onésimus kuwi biyèn ora ana gunané tumrap kowé, nanging saiki migunani tumrap kowé lan iya tumrap aku.

12Wong sing daktresnani banget iku dakkon bali mèlu kowé menèh.

13Satemené aku kepéngin nyandhet dhèwèké ana ing kéné ngancani aku, sajroné aku dikunjara merga Injil, supaya bisa mbiyantu aku minangka sesulihmu.

14Nanging aku emoh meksa kowé; aku luwih seneng yèn kowé nindakaké sing mengkono mau klawan sukalilaning atimu. Dadi aku ora arep nindakaké apa-apa tanpa nganggo rembugmu dhisik.

15Bisa uga pisahé Onésimus karo kowé kanggo sawetara mangsa kuwi supaya dhèwèké bisa koktampa menèh kanggo selawasé.

16Saiki Onésimus kuwi dudu batur-tukon, nanging saiki dadi sedulurmu kang kinasih ana ing Kristus. Kaya mengkono kaanané Onésimus tumrap ing aku, mengkono uga tumraping kowé, yakuwi abdi lan uga sedulur tunggal Gusti.

17Dadiné yèn aku kokanggep kanca tunggal precaya, Onésimus iya tampanana kaya enggonmu nampani aku dhéwé.

18Yèn Onésimus keluputan karo kowé, utawa duwé utang apa-apa karo kowé, aku sing nanggung.

19Aku tandha tangan ana ing kéné: Aku, Paulus sing arep mbayar. (Lan ora ana preluné aku ngélingaké kowé bab utangmu karo aku, yakuwi awakmu dhéwé.)

20Mulané kowé sedulurku ana ing Gusti, aku gentèn tulungana. Atiku lipura krana enggonku duwé sedulur kowé, padha-padha wong Kristen.

21Sajroné nulis layang iki aku yakin, yèn kowé bakal ngleksanani penjalukku. Malah aku ngerti yèn satemené kowé bakal tumindak luwih saka kuwi.

22Kejaba kuwi, aku sedhianana kamar siji, awit aku duwé pengarep-arep yèn Gusti Allah bakal ngabulaké panyuwunmu kabèh lan aku bali nunggal karo kowé menèh.

23Épafras sing bareng karo aku ana ing pakunjaran krana Sang Kristus, kirim salam marang kowé.

24Mengkono uga kancaku nunggal pegawéan, Markus, Aristarkhus, Dhémas lan Lukas.

25Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus nunggila karo kowé kabèh. Saka aku, Paulus


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Filemon 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel