Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Filipi 3 >> 

1Wusana, para sedulur, muga-muga Gusti tansah maringi kabungahan marang kowé kabèh. Ora ana alané aku mindhoni sing biyèn wis daktulis marang kowé, malah kepara akèh beciké.

2Dingati-ati karo wong sing padha nglakoni penggawé ala, kaya patrapé asu, yakuwi wong-wong sing padha ngotot nggegegi bab tetak.

3Awit iya kita iki wong-wong sing padha nglakoni tetak sing bener, dudu wong-wong kuwi. Awit kita padha ngabekti marang Gusti Allah lantaran Rohé Gusti Allah piyambak, sarta kita padha saos sukur merga dadi kagungané Sang Kristus Yésus. Kita ora ngandel marang tata-cara kedagingan.

4Satemené aku iya bisa ngendel-endelaké marang prekara-prekara kedagingan, awit yèn ana wong sing bisa ngendel-endelaké marang prekara-prekara kedagingan, saya menèh aku.

5Aku ditetaki nalika umur wolung dina. Aku iki wong Israèl wiwit lair mula, saka taler Bènyamin, wong Ibrani tulèn. Bab mituhu marang Angger-anggering Torèté wong Yahudi, aku iki wong Farisi.

6Lan merga saka sregepku, aku nguya-uya pasamuwan. Saupama wong bisa dibeneraké merga enggoné netepi Angger-anggering Torèt, aku iki wong sing bener.

7Nanging kabèh prekara sing dhèk biyèn dakanggep maédahi mau, saiki dakanggep mitunani merga Sang Kristus.

8Ora mung prekara-prekara kuwi waé, nanging kabèh prekara saiki dakanggep mung mitunani, yèn katandhing karo sing luwih aji, yakuwi kawruh bab Sang Kristus Yésus, Gustiku. Merga saka Sang Kristus kabèh mau wis dakbuwang, lan kabèh mau dakanggep uwuh, supaya aku bisa nampa Sang Kristus,

9bisa tetunggilan karo Panjenengané. Aku wis ora duwé kabeneran sing merga saka aku dhéwé, yakuwi kabeneran sing pinangkané saka enggonku netepi Angger-anggering Torèt. Aku saiki nampani kabeneran peparingé Gusti Allah, sing kaparingaké wewaton precaya marang Gusti Yésus Kristus.

10Mung saprekara sing dakudi, yakuwi kepriyé bisaku wanuh karo Sang Kristus lan ngrasakaké pangwasané wunguné saka ing séda, sarta ndhèrèk ngalami sangsara lan sédané,

11supaya wekasané aku uga katangèkaké saka ing pati.

12Aku ora kandha lan rumangsa wis menang utawa wis dadi sampurna. Nanging aku tansah ngudi bisané olèh ganjaran sing wis dicawisaké déning Sang Kristus srana nimbali aku dadi kagungané.

13Para sedulur, aku dhéwé pancèn ora rumangsa wis menang lan olèh ganjaran, nanging saprekara sing dakudi, yakuwi nglalèkaké samubarang sing ana ing mburiku lan ngetog karosanku nyandhak apa sing ana ing ngarepku.

14Dadiné aku mlayu ngener marang tujuanku supaya olèh ganjaran mau, yakuwi timbalané Gusti Allah, urip anyar, sing dicadhangaké lantaran Sang Kristus Yésus.

15Mulané kita kabèh wong Kristen sing wis padha diwasa cara rohani, kudu padha duwé tékad sing mengkono. Nanging yèn ing antaramu ana wong sing béda panemuné, Gusti Allah bakal maringi ketrangan marang kowé.

16Mung waé, sing prelu: Kita kudu manut tuladha sing wis tumindak tekan sepréné.

17Terusna enggonmu padha nulad marang aku, para sedulurku! Aku wis padha mènèhi tuladha sing becik marang kowé, mulané padha ngiloa marang wong-wong sing padha nganut tuladha mau.

18Aku wis kerep kandha bab iki marang kowé, lan saiki dakpindhoni karo nangis, yèn akèh wong sing uripé cengkah karo Sang Kristus sing séda ing kayu salib.

19Wong-wong mau bakal mungkasi uripé ana ing nraka, awit sing dadi brahalané hawa-nepsuning badané. Wong-wong mau padha ngegung-egungaké prekara-prekara sing satemené ngisin-isini, lan mung padha mikiraké prekara-prekara kadonyan.

20Nanging kita iki rak putra-putra kaswargan. Mulané kita padha cecengklungen ngarep-arep rawuhé Sang Juru Slamet, Gusti kita Yésus Kristus, saka ing swarga.

21Panjenengané bakal ngganti badan kita sing apes lan kena ing rusak iki kadadèkaké mulya kaya sarirané piyambak, srana pangwasa sing diagem nelukaké samubarang kabèh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Filipi 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel