Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 16 >> 

1Ing sawijining dina Simson lunga menyang Gaza. Ana ing kana ketemu karo wanita tuna susila lan turu karo wong mau.

2Bareng penduduk Gaza weruh yèn Simson ana ing kono, omah mau nuli dikepung lan gapurané kutha dijaga sawengi muput. Bengi kuwi Simson ora diganggu, sebab wong-wong mau padha duwé rancangan, "Mengko yèn srengéngéné mlethèk, Simson kita patèni."

3Nanging Simson olèhé turu ing kono ora nganti tekan ésuk. Tengah wengi Simson wis tangi, banjur mlaku menyang gapuraning kutha. Lawanging gapura nuli dibedhol, sacagak-cagaké lan palanganing lawang pisan. Lawang mau dipanggul, digawa menyang pucaké gunung, sing ana ing ngarepé kutha Hébron.

4Kocapa Simson kepéncut karo wong saka Lebak Sorèk, jenengé Délila.

5Wong wadon mau nuli ditekani déning penggedhé Filistin lima, kandhané, "Simson glembuken, supaya ngandhakaké wadiné karosané ana ing endi, lan priyé carané supaya ilang karosané. Mengko aku bakal padha teka lan mbanda dhèwèké sarta dakkalahaké. Lan kowé bakal dakopahi, wong siji ngopahi sèwu rong atus dhuwit slaka."

6Délila banjur kandha karo Simson mengkéné, "Simson, apa sebabé kowé kokrosa temen? Apa wadiné? Aku kandhanana! Kowé kudu ditalèni nganggo apa supaya ora bisa ucul?"

7Wangsulané Simson, "Yèn aku dibanda nganggo tali gendhéwa pitu sing isih anyar lan isih malem, aku bakal tanpa daya kaya wong lumrah."

8(16:8-9) Para penggedhéné wong Filistin banjur mènèhaké marang Délila tali gendhéwa pitu anyar, sing isih malem. Nalika Délila mbanda Simson nganggo tali-tali mau, wong Filistin padha ndhelik ana ing kamar liyané. Rampung olèhé mbanda, Délila banjur mbengoki Simson, "Simson, wong Filistin padha teka!" Sanalika Simson medhot tali-tali sing dienggo mbanda mau, nganti rantas kabèh kaya benang kena ing geni. Srana mengkono wadi bab kekuwatané Simson durung konangan.

9(16:8)

10Délila banjur mbujuk Simson menèh, "Kowé goroh! Aku mung kokenggo guyon. Mbakya aku kokkandhani, kepriyé patrapé mbanda kowé sing temenan!"

11Wangsulané Simson, "Yèn aku kokbanda nganggo tali anyar sing durung tau kanggo, aku bakal tanpa daya lan dadi kaya wong lumrah."

12Nalika Délila njupuk tali anyar dienggo mbanda Simson, wong Filistin isih ngentèni ana ing kamar liya. Sawisé mengkono Délila banjur mbengok, "Simson! Wong Filistin padha teka!" Nanging Simson medhot tali-tali sing dienggo mbanda nganti rantas kabèh, kaya benang kena ing geni.

13Délila banjur kandha karo Simson, "Aku kokgawé geguyon. Kowé ngapusi. Wis ta aku blakanana, kepriyé carané mbanda kowé?" Simson banjur mangsuli, "Yèn rambutku kokklabang dadi pitu; klabangan pitu mau kokdadèkaké siji, banjur koktalèkaké ing pathok wesi, aku mesthi banjur tanpa daya lan dadi kaya wong lumrah."

14Délila banjur nggawé Simson turu lan nglabang rambuté dadi siji, ditalèni karo pathok wesi. Sawisé mengkono banjur mbengok, "Simson, wong Filistin padha teka!" Simson banjur tangi, rambuté disendhal temah ucul saka pathoké wesi.

15Délila banjur mbujuk menèh, "Kowé kandha yèn tresna karo aku, nanging satemené atimu adoh karo aku! Wis ping telu aku kokapusi, lan durung kokkandhakaké apa sing marakaké kowé duwé karosan semono gedhéné."

16Saben dina Délila mbujuk lan ngrimuk-ngrimuk sarta ngunèk-unèkaké Simson, nganti Simson jelèh ngrungokaké tembungé.

17Wekasané Simson ngandhakaké wadiné. Tembungé, "Rambutku durung tau dicukur utawa dikethok. Aku wis dipasrahaké marang Allah dadi nasir wiwit lair mula. Yèn rambutku dikethok, bakal ilang dayaku lan dadi kaya wong lumrah."

18Délila krasa yèn saiki Simson wis ngandhakaké wadiné. Mulané banjur kirim kabar marang para penggedhéné wong Filistin, "Kersaa rawuh sepisan malih. Simson sampun nyariyosaken wadosipun." Para penggedhé mau iya nuli padha teka karo nggawa opahé Délila.

19Sawisé mengkono Délila banjur nggawé Simson turu ing pangkoné, nuli akon wong ngethok rambuté Simson sing klabangan pitu mau. Mulané Simson banjur koncatan kekuwatané.

20Simson banjur digugah déning Délila, karo mbengok, tembungé, "Simson! Wong Filistin padha teka!" Simson tangi lan ngira bisa luwar kaya sing uwis-uwis. Simson ora ngerti yèn wis ditilar déning Allah.

21Mulané bisa dicekel déning wong Filistin lan dicukil mripaté. Simson diirid menyang Gaza, diranté nganggo ranté tembaga, sarta dilebokaké ing kunjara. Ana ing kana Simson dikon nyambut-gawé nggiling gandum.

22Nanging sajroné dikunjara mau rambuté thukul menèh.

23Ing sawijining dina para pemimpiné wong Filistin padha nglumpuk arep nganakaké pésta gedhèn kanggo Dagon, déwané. Wong-wong mau padha menyanyi mengkéné, "Déwa kita wis maringi kemenangan nganti kita bisa ngalahaké Simson, mungsuh kita!"

24(16:24-25) Saking senengé nganti padha muni, "Simson gawanen mréné supaya kena kita anggo geguyon!" Simson banjur dijupuk saka kunjara, lan dikon ngadeg ing antarané saka gedhé loro, dienggo geguyon. Bareng wong akèh mau weruh Simson, banjur padha memuji marang déwané, pangucapé, "Déwa kita sampun paring kemenangan dhateng kita, ngantos kita saged ngawonaken Simson, mengsah ingkang ngrisak negari kita lan mejahi tiyang kathah ing antawisipun rakyat kita!"

25(16:24)

26Simson kandha karo bocah lanang sing nuntun tangané, "Aku tuntunen menyang saka-saka sing nyangga gedhong iki, supaya aku bisa sèndhèn ing kono."

27Gedhong mau kebak wong, yakuwi para pemimpiné kutha lima, mengkono uga ing payoné gedhong mau ana wongé telung èwu, sing padha nonton lan nggeguyu Simson.

28Simson ndedonga marang Allah, aturé, "Dhuh Pangéran ingkang Mahaluhur; kersaa ngèngeti dhateng kawula. Kersaa maringi kekiyatan malih dhateng kawula, sepisan menika kémawon, supados srana mekaten kawula saged males dhateng tiyang Filistin, ingkang sampun nyukil mripat kawula kekalih."

29Sawisé mengkono Simson banjur ngranggèh saka tengah loro, sing nyangga gedhong mau. Tangané sing siji ditèmplèkaké saka sing tengen, lan tangan sijiné ing saka sing ana ing kiwané,

30karo muni klawan sora, "Pecata nyawaku bareng karo nyawané wong Filistin." Simson tumelung lan ngetog karosané nyengkah saka-saka mau nganti rubuh, nibani para pemimpiné wong Filistin lima mau lan wong kabèh sing ana ing kono. Simson dhéwé iya mati. Nanging patiné mau nyebabaké patiné wong akèh, malah cacahé luwih akèh ketimbang karo sing dipatèni nalikané isih urip.

31Sedulur-seduluré Simson lan kulawargané kabèh banjur padha teka ngrumat layoné, digawa mulih lan dikubur ing kuburané Manoah, bapakné. Dunungé kuburan mau ana ing antarané kutha Zoar lan Èstaol. Simson dadi pemimpiné Israèl suwéné rong puluh taun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel