Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 21 >> 

1Nalika wong Israèl padha nglumpuk ing Mizpa, padha janji ora bakal ngidini anaké wadon dipèk wong Bènyamin.

2Wong-wong mau nuli padha menyang Bètèl, kanthi sedhih sowan ing ngarsané Pangéran nganti bengi. Wong-wong mau padha nangis, pangucapé,

3"Dhuh Pangéran, Allahipun Israèl, kénging menapa ing Israèl wonten lelampahan kados mekaten? Kénging menapa déné ing dinten menika taler Bènyamin, salah setunggaling taler ing Israèl mèh telas!"

4Ésuké, umat Israèl isih ésuk wis padha yasa mesbèh ana ing kono, sarta nyaosaké kurban obongan lan kurban keslametan.

5Sawisé mengkono nuli padha nliti, apa ing antarané taler-taler ing Israèl ana sing ora mèlu nglumpuk ing Mizpa. (Dhèk semana wong-wong mau wis padha sumpah, yèn sapa sing ora nekani uleman nglumpuk ana ing Mizpa bakal diukum pati.)

6Wong Israèl padha mesakaké karo wong Bènyamin, tembungé, "Ing dina iki Israèl kélangan salah sijiné taleré.

7Apa sing kudu kita tindakaké, supaya wong Bènyamin sing isih kari iki bisa olèh bojo, merga kita wis sumpah ana ing ngarsané Allah ora arep ngidinaké anak-anak kita wadon dipèk bojo wong Bènyamin."

8Wong Israèl mau banjur padha nliti apa ana kulawarga ing antarané taler-taler Israèl sing ora nekani kumpulan ing Mizpa. Ketitik yèn wong-wong Yabès, ing Giléad, siji waé ora ana sing teka.

9Konangané nalika daftaré sing padha teka dipriksa; ing kono ketara yèn wong Yabès ora ana ing kono.

10Mulané wong-wong sing padha kumpul ing Bètèl mau nuli ngutus wong rolas èwu sing kendel dhéwé, supaya matèni wong Yabès kabèh, klebu uga wong wadon lan bocah-bocah.

11Ringkesé wong lanang kabèh lan wong wadon kabèh, sing wis omah-omah.

12Saka ing antarané wong Yabès mau mung kari prawan patang atus. Prawan-prawan mau nuli digawa menyang palèrènan ing Silo, sing papané ana ing tanah Kenaan.

13Wong-wong Israèl mau banjur kirim utusan menyang wong-wong Bènyamin sing isih padha ana ing gunung-gunung watu ing Rimon diajak rukunan.

14Mulané wong-wong Bènyamin banjur padha teka, lan diwènèhi prawan Yabès patang atus, sing ora katut dipatèni. Nanging cacahé bocah wadon semono mau ora cukup kanggoné wong Bènyamin.

15Umat Israèl padha mesakaké marang wong Bènyamin, déné Gusti Allah wis ngrenggangaké pasedulurané ing Israèl.

16(21:16-18) Mulané para tetuwané umat banjur padha muni mengkéné, "Ing taler Bènyamin wis ora ana wong wadon. Mangka kita ora bisa ngidini anak-anak kita wadon dipèk wong Bènyamin, merga kita wis gawé larangan nganggo sumpah, yèn kita ora kena ngidinaké anak kita dipèk bojo wong Bènyamin! Saiki kepriyé rékané supaya wong Bènyamin bisa olèh bojo, supaya bangsa Israèl ora kélangan salah sijiné taleré. Kita kudu golèk cara supaya wong saka taler Bènyamin bisa duwé turun.

17(21:16)

18(21:16)

19Beciké mengkéné waé! Saben taun ing Silo rak dianakaké kumpulan, yakuwi kraméan kagem Allah! Mapané ing saloré Bètèl, sawétané dalan sing munggah saka Bètèl menyang Sikèm, sakidulé Lébonah."

20Para tetuwané kumpulan ing Bètèl mau nuli weling karo kekarèné wong Bènyamin, "Ngadhepaké dina kraméan mengko, kowé padha ndhelika ing pakebonan anggur ing Silo.

21Mengko yèn prawan-prawan Silo padha metu lan padha njogèd ing kraméan sing kagem Allah, kowé metua saka papan pandhelikanmu. Saben wong panunggalanmu mlayokna prawan sing ana ing kono, gawanen menyang wilayah Bènyamin, pèken bojo.

22Yèn bapak utawa seduluré lanang prawan mau njaluk baliné, wangsulana, ‘Kersanipun laré èstri menika wonten ngriki, sebab mboten kula rampas wonten ing peprangan. Lan sarèhné panjenengan mboten ngidinaken laré èstri menika kula pendhet sémah, panjenengan inggih mboten nerak sumpah panjenengan, dados inggih mboten kalepatan.’"

23Wong-wong Bènyamin banjur padha nglakoni welingé para pinituwa mau. Saben wong mlayokaké prawan sing padha njogèd ing Silo. Sawisé mengkono banjur padha bali menyang wilayahé dhéwé lan mbangun kutha-kuthané menèh, sarta padha manggon ing kono.

24Wong-wong Israèl liyané uga banjur padha bali menyang wilayahé, manut turun lan taleré dhéwé-dhéwé.

25Nalika semono ing Israèl ora ana raja. Angger wong nglakoni apa sing dianggep bener.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel