Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 3 >> 

1Kanggo nguji wong-wong Israèl sing ora tau ngalami perang ngrebut tanah Kenaan, ana bangsa-bangsa pribumi sawetara sing ora disingkiraké déning Allah saka tanah mau.

2Srana mengkono Gusti Allah mulang marang anak-turuné bangsa Israèl, sing ora ngalami perang nalika ngrebut tanah Kenaan, supaya ngrasakaké aboté wong perang.

3Bangsa-bangsa sing isih kari ana ing tanah Kenaan yakuwi: bangsa sing manggon ing kutha Filistin lima, banjur bangsa Kenaan kabèh, bangsa Sidon, bangsa Hèwi, sing manggon ing pegunungan Libanon, wiwit saka Gunung Baal Hèrmon tekan dalan sing tekan ing Hamat.

4Preluné kanggo nguji bangsa Israèl apa mbangun-turut apa ora karo dhawuh-dhawuh sing diparingaké déning Pangéran marang para leluhuré, lantaran Musa.

5Kuwi sebabé wong Kenaan, Hèt, Amori, Fèris, Hèwi lan Yébus padha tetep manggon ing tanah Kenaan kono, bebarengan karo umat Israèl.

6Anak-anaké umat Israèl padha kawin lan dikawinaké karo anak-anaké bangsa-bangsa mau. Lan umat Israèl dhéwé uga kèlu nyembah déwa-déwané wong Kenaan kono.

7Sawisé mengkono wong Israèl padha gawé dosa menèh ana ing ngarsané Pangéran, Allahé. Padha lali marang Allah, banjur ngabekti marang brahala-brahala Baal lan Asyéra.

8Gusti Allah banjur duka marang umat Israèl. Mulané ditégakaké ditelukaké sarta dijajah déning Raja Kusan-Risataim saka Mésopotamia, suwéné wolung taun.

9Umat Israèl banjur sesambat nyuwun pitulungan marang Allah. Gusti Allah banjur maringaké Otnièl kanggo nulungi wong Israèl. (Otnièl kuwi anaké Kénas, adhiné Kalèb.)

10Otnièl kaparingan Rohé Allah, mulané dadi pemimpiné umat Israèl. Otnièl nglurug perang lan ngalahaké raja Mésopotamia.

11Negara kono banjur tentrem menèh suwéné nganti patang puluh taun. Sawisé mengkono Otnièl banjur tilar-donya.

12Umat Israèl gawé dosa menèh marang Gusti Allah, mula Panjenengané banjur ndadèkaké Églon, raja Moab, luwih gedhé pangwasané ketimbang karo Israèl.

13Églon bebarengan karo bangsa Amon lan bangsa Amalèk nyerang wong Israèl, lan ngrebut kutha Yérikho.

14Wolulas taun lawasé wong Israèl dijajah déning Églon.

15Nanging bareng umat Israèl sesambat ing ngarsané Allah. Panjenengané banjur ngutus Éhud supaya nulungi umat mau. Éhud kuwi kédhé, bapakné jenengé Géra, taler Bènyamin. Lumrahé wong Israèl padha saos pisungsung marang raja Églon, lantaran Éhud.

16Ing sawijining dina Éhud gawé golok landhep kiwa-tengen, dawané setengah mèter. Golok mau ditlesepaké ing njero klambi ing bangkèkané sisih tengen.

17Éhud banjur budhal nyaosaké pisungsungé umat Israèl marang Églon. Églon kuwi awaké lemu banget.

18Sawisé rampung enggoné nyaosaké pisungsung mau, wong-wong sing mau padha mikul, dikon mulih.

19(3:19-20) Nanging Éhud dhéwé satekané panggonané reca-reca ukir-ukiran, banjur mbalik menèh nemoni Églon, sing nalika semono ngisis ana ing lotèng. Éhud matur marang Raja Églon, "Dhuh Sang Prabu, keparenga kula ngaturaken setunggaling prekawis wados ing ngarsanipun Sang Prabu." Sang Prabu banjur ndhawuhi para abdi metu saka kamar. Sing kèri kari Sang Prabu lan Éhud dhéwé. Éhud banjur maju, nyedhaki panggonané Sang Prabu lenggah, nuli matur, "Wonten pawartos saking Allah kagem Sang Prabu!" Krungu atur mau Sang Prabu banjur jumeneng.

20(3:19)

21(3:21-22) Énggal-énggal Éhud ngunus goloké sing ana ing bangkèkané tengen, banjur disudukaké Sang Prabu. Goloké mau ambles sagarané pisan, nembus lapisaning gajih ing weteng tekan ing geger. Éhud ora njabud golok mau, ditogaké waé,

22(3:21)

23(3:23-24) banjur lunga; lawangé dikancing saka njaba. Bareng para abdi padha bali lan weruh lawangé kamar kancingan, padha ngira yèn Sang Prabu isih ana ing njero lagi ana prelu.

24(3:23)

25Bareng dientèn-entèni Sang Prabu ora miyos, para abdi banjur padha njupuk kunci lan mbukak lawangé. Jebul Sang Prabu gumléthak ana ing njogan, wis tinggal-donya.

26Sajroné para abdi mau padha ngentèn-entèni, Éhud wis mlayu mulih menyang Séira, liwat panggonané reca-reca ukir-ukiran.

27Satekané daérah pegunungan Éfraim, Éhud banjur ngunèkaké slomprèt, kanggo nglumpukaké wong Israèl, diajak perang. Wong Israèl padha teka, nuli diirid déning Éhud medhun saka tanah pegunungan.

28Tembungé, "Mèlua aku; Gusti Allah wis ngulungaké mungsuhmu, wong Moab, marang kowé." Wong Israèl banjur padha medhun saka pegunungan, kairid déning Éhud; banjur ngrebut panggonan sabrangané wong Moab ing Kali Yardèn. Wong Moab sing arep nyabrang golèk slamet padha dipatèni kabèh.

29Sajroné peprangan mau wong Israèl matèni prejurit Moab sing pilihan cacahé sepuluh èwu. Siji waé ora ana sing oncat.

30Ing dina iku Moab dikalahaké déning Israèl, lan tanah Kenaan ngalami tentrem lawasé wolung puluh taun.

31Pemimpin sapungkuré Éhud jenengé Samgar, anaké Anat. Samgar mimpin perang lan nylametaké wong Israèl. Gamané Samgar mung kayu, sing adaté kanggo nggiring sapi. Srana gaman mau Samgar matèni wong Filistin nem atus.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel