Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 1 >> 

1Iki pangandikané Pangéran sing didhawuhaké marang Hoséa bin Beèri nalika jamané Uzia, Yotam, Ahas lan Hizkia padha jumeneng ratu ing Yéhuda lan Yérobéam bin Yoas jumeneng ratu ing Israèl.

2Nalika Pangéran ing wiwitan ngandika marang bangsa Israèl lantaran Nabi Hoséa, dhawuhé mengkéné, "Kowé rabia; lan bojomu bakal ora setya, anak-anakmu bakal plek kaya ibuné. Kaya mengkono uga enggoné umat-Ku wis ninggal Aku lan ora setya marang Aku."

3Nabi Hoséa banjur kawin karo wong wadon jenengé Gomèr, anaké Diblaim. Sawisé anak sing kawitan lair, lanang.

4Pangéran ngandika marang Nabi Hoséa, "Bayi kuwi jenengna ‘Yésreèl’, sebab ora suwé menèh Aku bakal ndhawahaké paukuman marang raja Israèl, merga Yéhu, leluhuré wis matèni wong akèh ing Yésreèl. Turuné Yéhu bakal Daksirnakaké.

5Lan ing wektu kuwi iya bakal numpes tentarané Israèl ana ing Lembah Yésreèl."

6Gomèr banjur duwé anak sing kapindho, wadon. Pangéran ngandika marang Nabi Hoséa, "Bocah wadon kuwi jenengna ‘Lo Ruhama’, merga turuné Israèl bakal ora Dakwelasi, babar-pisan ora bakal Dakwelasi menèh.

7Nanging wong-wong Yéhuda bakal Dakwelasi, malah bakal padha Daktulungi, merga Aku iki Pangéran Allahé. Enggon-Ku nulungi ora srana perang, nganggo pedhang, panah utawa srana jaran lan prejurit jaranan."

8Sawisé Gomèr nyapih bayiné wadon banjur meteng menèh lan mbabar anak lanang.

9Pangéran ngandika marang Hoséa, "Bocah kuwi jenengna ‘Dudu umat-Ku’, merga umat Israèl kuwi dudu umat-Ku, lan Aku dudu Allahé."

10"Bangsa Israèl cacahé bakal kaya wedhi ing segara, nganti ora kena diétung utawa ditaker." Pangandikané Pangéran marang bangsa mau, "Kowé kuwi dudu umat-Ku," nanging bakal tekan mangsané kowé disebut: "Putraning Allah kang gesang."

11Wong Yéhuda lan wong Israèl bakal padha didadèkaké siji menèh. Wong-wong mau bakal padha milih panutan siji, lan bakal padha ngalami kemakmuran lan katentreman ana ing tanahé. Kaya mengkono dinané Yésreèl kuwi bakal dadi dina kabungahan!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hosea 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel