Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 14 >> 

1(14-2) Hé umat Israèl, mratobata marang Pangéran Allahmu. Dosamu njalari kowé kesandhung lan tiba.

2(14-3) Mratobata marang Pangéran, lan ndedongaa mengkéné minangka panyuwunmu marang Panjenengané, "Mugi kersa ngapunten sakathahing dosa kawula lan miyarsakaken pandonga kawula, lan kawula sami badhé ngluhuraken asma Paduka miturut janji kawula.

3(14-4) Asyur mboten badhé saged mitulungi kawula, lan prejurit kapalan inggih mboten badhé saged ngayomi kawula. Kawula mboten badhé criyos dhateng reca ukir-ukiran, bilih menika Allah kawula. Dhuh Pangéran, Paduka menika nandukaken piwelas dhateng tiyang ingkang mboten gadhah pengajeng-ajeng sanèsipun kejawi Paduka piyambak."

4(14-5) Pangandikané Pangéran mengkéné, "Umat-Ku bakal Dakpulihaké saka enggoné murtad, lan bakal Dakkasihi kalawan gumolonging ati; Aku bakal ora duka menèh karo wong-wong mau.

5(14-6) Aku bakal dadi kaya udan ing tanah garing kanggoné Israèl. Bakal padha tuwuh subur kaya kembang. Bakal padha ngoyod jero kaya kekayon ing Gunung Libanon.

6(14-7) Bakal padha lestari urip lan ngambra-ambra, sarta dadi éndah kaya wit zaitun, metokaké ganda arum kaya wit sédar ing Libanon.

7(14-8) Bakal padha bali manggon ana ing pengayoman-Ku. Bakal padha tuwuh ndadi kaya tanduran ana ing tamanan lan metokaké woh akèh kaya wit anggur. Bakal padha misuwur kaya anggur ing Libanon.

8(14-9) Umat Israèl bakal nyingkur marang brahala selawas-lawasé. Mula Aku bakal miyarsakaké pandongané sarta bakal padha Dakrumati. Bakal padha Dakayomi kaya carané wit barus; Aku bakal dadi etuking berkahé kabèh."

9(14-10) Wong sing wicaksana muga-muga ngerti apa sing katulis ing kitab iki, sarta padha digatèkaké. Mergining Pangéran kuwi bener, lan wong mursid padha ngambah ing kono, nanging wong dosa bakal padha kesandhung sarta tiba, merga padha nyepèlèkaké dalan mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hosea 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel