Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 10 >> 

1Torèté wong Yahudi kuwi ora awèh gambaran sing cetha sarta sampurna tumraping prekara-prekara sing sejatiné. Kuwi mung wewayangané prekara-prekara becik sing bakal kelakon. Kurban-kurban mono tansah kacaosaké pendhak taun padha waé; mulané srana kurban-kurban sing mengkono mau kepriyé bisané Torèt gawé sampurnané wong-wong sing padha sowan marang ngarsané Gusti Allah?

2Jalaran menawa wong-wong sing padha ngibadah marang Gusti Allah mau dosané wis diresiki temenan, wong-wong mau rak wis rumangsa ora duwé dosa, lan ora prelu saos kurban menèh.

3Nanging satemené kurban sing diadani saben taun mau malah ngélingaké wong-wong mau bab dosa-dosané.

4Getihing sapi lan wedhus lanang mokal yèn bisaa mbirat dosané manungsa.

5Mulané nalika arep rawuh ing jagad, Panjenengané matur marang Gusti Allah: "Kurban saha pisungsung mboten Paduka kersakaken, namung Paduka sampun nyawisaken badan dhateng Kawula.

6Kurban obaran saha kurban pambirating dosa mboten ndadosaken kepareng Paduka.

7Kawula lajeng munjuk: ‘Samenika Kawula sowan, dhuh Allah, sumedya nglampahi kersa Paduka, kados ingkang kaserat wonten ing Kitab Suci.’"

8Sekawit Panjenengané matur: "Kurban saha pisungsung, kurban obaran tuwin kurban pambirating dosa sami mboten Paduka kersakaken lan mboten ndadosaken kepareng Paduka." Panjenengané ngandika mengkono, senajan kurban-kurban mau dipisungsungaké manut Angger-anggering Torèt.

9Nuli matur mengkéné: "Samenika Kawula sowan, dhuh Allah, sumedya nglampahi kersa Paduka." Mulané Gusti Allah nyuwak sakèhé kurban-kurban sing lawas mau, lan diganti nganggo kurbané Sang Kristus.

10Sarèhné Gusti Yésus Kristus nglampahi kersané Allah, mulané kita kabèh padha karesikan saka sakèhing dosa-dosa kita, srana ngurbanaké sarirané piyambak, mung sepisan kanggo selawasé.

11Saben imam Yahudi sedina-dina ngimami lan nglakoni kuwajibané, marambah-rambah nyaosaké kurban sing padha waé. Nanging kurban-kurban mau babar-pisan ora bisa mbirat dosa.

12Nanging Sang Kristus nyaosaké kurban krana dosa mung sepisan kanggo selawasé. Sawisé kuwi Panjenengané banjur ngasta pangwasa ana ing Pepréntahané Allah.

13Panjenengané saiki ana ing kana nganti tekan wektuné Gusti Allah nelukaké para mungsuhé Sang Kristus kadadèkaké ancik-anciking sampéyané.

14Kaya mengkono Sang Kristus, mung srana kurban sepisan damel sampurnané para wong-wong kang karesikan dosané, ing selawasé.

15Tumraping prekara kuwi Sang Roh Suci uga paring paseksi marang kita mengkéné:

16"Iki prejanjian kang mbésuk bakal Dakanakaké karo wong-wong. Pangandikané Allah menèh: ‘Aku bakal nyerat angger-angger-Ku ana ing atiné sarta nanem ana ing batiné.’"

17Pangandikané Allah menèh: "Aku ora bakal ngènget-ènget marang sakèhing dosa lan paneraké."

18Dadi menawa dosa-dosa lan panerak-panerak mau wis diapura, ora prelu ana kurban pambirating dosa menèh sing kudu kacaosaké.

19Merga saka kuwi para sedulur; lantaran sédané Gusti Yésus kita bisa bébas mlebu ing Sasana Mahasuci mau.

20Tumrap kita Gusti Yésus wis mbikak dalaning urip kang anyar, ngliwati geber, yakuwi sarirané piyambak.

21Saiki kita padha duwé Imam Agung, sing ngepalani Pedalemané Gusti Allah.

22Mulané ayo kita padha sowan ing ngarsané Allah klawan ati kang éklas lan precaya sing mantep, klawan ati sing wis tanpa keluputan, lan klawan badan sing wis diresiki nganggo banyu sing resik.

23Padha dimantep ing pengarep-arep sing wis kita andhemi, awit kita precaya yèn Gusti Allah bakal netepi prasetyané.

24Ayo kita padha nggatèkaké kebutuhané wong siji lan sijiné, sarta padha tulung-tinulung, yakuwi tandhané katresnan lan kabecikan.

25Aja padha ninggal pakulinan kita ngumpul bebarengan ing kumpulan ibadah, kaya sing ditindakaké déning sedulur-sedulur sawetara. Malah ayo padha éling-ingélingaké awit kita padha weruh yèn Dinané Gusti, iya dina rawuhé sing kapindho wis cedhak.

26Sebab samasa pawartané Gusti Allah wis kaparingaké marang kita, mangka kita padha njarag gawé dosa, kuwi kurban apa waé wis ora bisa mbirat dosa mau.

27Kejaba mung kari saprekara, yakuwi ngentèni tekané pengadilan lan geni nggegirisi, sing bakal nyirnakaké wong-wong sing padha nglawan marang Gusti Allah!

28Sing sapa ora manut karo Angger-anggering Torèté Nabi Musa, kaukum pati tanpa pangapura. Semono mau yèn keluputané saka paseksiné wong loro utawa telu.

29Apa menèh wong sing nyawiyah marang Putraning Allah! Wong sing ngrèmèhaké rahé prejanjiané Allah, kang wis ngresikaké wong mau saka ing dosa! Wong sing nyawiyah Sang Roh Suci sing ngasihi marang wong mau, méndah aboté paukuman sing bakal ditampa déning wong mau.

30Sebab kita padha sumurup sapa Panjenengané sing ngandika: "Aku kang bakal nindakaké paukuman! Aku kang bakal nindakaké pemales!" lan sapa Panjenengané kang ngandika: "Pangéran bakal ngadili umaté."

31Saiba enggoné nggegirisi, menawa kita tumiba ing astané Allah kang asipat gesang!

32Padha élinga marang kaananmu dhèk semana. Sawisé kowé padha nampani pepadhang saka Gusti Allah, nuli akèh panunggalanmu sing padha nandhang sangsara akèh, éwasemono kowé betah.

33Ana kalané kowé padha dicecamah sarta dipilara ana ing ngarepé wong akèh. Kowé uga tau mèlu nglabuhi wong-wong sing padha nandhang kaya mengkono.

34Kowé padha mèlu nandhang sangsara karo wong sing padha dikunjara. Lan nalika barang-darbèkmu dirampas, prekara mau koktampa klawan bungah, awit kowé ngerti yèn isih duwé barang-darbé sing luwih gedhé ajiné, sing ora bakal sirna selawasé.

35Mulané aja padha semplah, awit bakal gedhé ganjaranmu.

36Supaya bisa nglakoni kersané Allah lan nampani apa sing diprasetyakaké, kowé kudu sabar,

37kaya sing dipangandikakaké ana ing Kitab Suci: "Sedhéla engkas Panjenengané bakal rawuh; Panjenengané ora nyumenèkaké rawuhé.

38Umat-Ku sing bener, kuwi uripé merga saka precaya, déné menawa ana sing murtad, Aku bakal ngemohi wong mau."

39Nanging kita iki dudu umat sing murtad lan mblasar, malah umat sing precaya lan sing wis nampani keslametan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ibrani 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel