Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 7 >> 

1Prenatan bab kurban dhendha sing suci banget kuwi mengkéné:

2Kéwan sing dienggo kurban kudu disembelèh ing saloré mesbèh sing kanggo nyembelèh kurban obongan; getihé banjur kudu disiramaké ing sikiling mesbèh mubeng.

3Gajihé kabèh kudu disisihaké; déné sing kudu disaosaké ing mesbèh yakuwi buntut sagajihé, gajih sing tumèmpèl ing jeroan,

4ginjel sagajihé, lan pérangané ati sing apik dhéwé.

5Imam kudu ngobong gajih mau kabèh ing mesbèh, dadi kurban dhaharan konjuk marang Allah. Mengkono mau sing diarani kurban dhendha.

6Saben wong lanang turuné imam kena mangan dagingé kurban mau, nanging kudu dipangan ing panggonan suci, merga kurban kuwi suci banget.

7Prenatan bab pangruwating dosa lan kurban dhendha kuwi padha, yakuwi: Dagingé kéwan sing dikurbanaké kuwi dadi bagéané imam, sing ngladèkaké kurban mau.

8Lulangé kéwan sing disaosaké dadi kurban obongan dadi bagéané imam sing ngladèkaké kurban mau.

9Kurban dhaharan sing digorèng utawa dipanggang dadi bagéané imam sing ngladèkaké kurban.

10Nanging kurban dhaharan sing ora diolah, ya sing diulet karo lenga utawa sing garingan, dadi haké para imam kabèh, anak-turuné Harun, lan kudu dibagé rata.

11Bab kurban keslametan sing disaosaké marang Allah kuwi prenatané mengkéné:

12Yèn maksudé kurban mau kanggo saos panuwun marang Allah, kurban mau kudu dikanthèni saosan roti tanpa ragi. Rotiné kena kandel, diolah nganggo lenga zaitun. Kena roti tipis, angger dilèlèti lenga, utawa panganan sing digawé saka glepung, sing diadoni nganggo lenga zaitun.

13Saosan mau kudu ditambahi roti sing diolah nganggo ragi,

14salong kudu disisihaké dadi saosan mligi kagem Allah. Kuwi dadi bagéané imam sing njupuk getihé kéwan lan nyiramaké getih mau ing sikilé mesbèh mubeng.

15Dagingé kéwan sing dikurbanaké kudu dipangan ing dina kuwi uga, sethithik waé ora kena ana sing dingèngèh tekan ésuké.

16Yèn ana wong sing nyaosaké kurban keslametan kanggo ngluwari kaulé, utawa merga kepéngin saos sukur, kurban mau ora kudu dientèkaké ing dina kuwi. Turahané kena dipangan ésuké.

17Yèn ésuké menèh meksa ora entèk, daging sing turah kudu diobong nganti entèk.

18Yèn turahan mau dipangan, Allah bakal ora kersa nampi kurban mau. Kurban mau ora nekakaké berkah marang wongé, malah dianggep najis. Wong sing mangan kurban sing najis mau bakal kaukum.

19Daging sing najis mau iya kudu diobong nganti entèk lan daging sing kegepok barang sing najis ora kena dipangan. Mung wong sing ora najis manut prenataning agama, kena mangan dagingé kurban keslametan.

20Wong sing manut prenataning agama najis, mangka mangan daginging kurban, kuwi disébratna saka umaté Allah.

21Semono uga wong sing najis merga nggepok salah sawijining barang sing najis, sing ana ing manungsa utawa kéwan, mangka mangan daging kurban, iya kasébratna saka umaté Allah.

22Gusti Allah maringaké prenatan-prenatan mengkéné marang Musa

23kanggo umat Israèl: Gajihé sapi, wedhus gèmbèl utawa wedhus jawa ora kena dipangan.

24Bathang kéwan sing matiné lumrah utawa merga dipatèni déning kéwan liya, gajihé ora kena dipangan, nanging kena dienggo kepreluan liya.

25Wong sing mangan gajihé kéwan sing kena disaosaké dadi kurban marang Allah mau, kudu disébrataké saka umaté Allah.

26Manggona ana ing ngendi waé, wong Israèl babar-pisan ora kena mangan getihé manuk utawa getihé kéwan liya.

27Sapa sing nerak wewaler iki kudu disébrataké saka umaté Allah.

28Gusti Allah maringaké prenatan mengkéné marang Musa,

29kanggo bangsa Israèl: Wong sing nyaosaké kurban keslametan kudu nyisihaké sapéranganing kurban mau dadi pisungsung mligi kagem Allah.

30Wong mau dhéwé sing kudu nggawa kurban dhaharan kuwi. Gajih lan daging dhadhané kéwan sing dikurbanaké kudu disisihaké mligi kagem Gusti Allah.

31Gajih mau kudu diobong déning imam ing mesbèh, nanging dagingé dhadha mau bagéané para imam.

32Sampilé tengen kudu dipasrahaké minangka sumbangan mirunggan marang imam,

33sing ngladèkaké getih lan gajih dadi kurban keslametan.

34Daging dhadha lan sampilé tengen sing dipisungsungaké wong Israèl kuwi didhèwèkaké kanggo para imam. Kuwi wujudé sumbangané wong Israèl kanggo para imam, sing kudu ditetepi ing selawasé.

35Yakuwi bagéané para imam saka kurban dhaharan sing diparingaké déning Allah marang Harun lan anak-turuné, samasa ditetepaké dadi imam.

36Ing dina kuwi Gusti Allah ndhawuhaké marang umat Israèl, yèn saka kurban sing disaosaké, pérangan mau dadia sumbangan kanggo para imam. Prenatan iki kudu ditetepi déning wong Israèl selawas-lawasé.

37Mengkono mau prenatan-prenatan bab kurban obongan, kurban dhaharan, kurban pangruwating dosa, kurban dhendha, kurban tetepan lan kurban keslametan.

38Prenatan-prenatan mau didhawuhaké déning Allah marang Musa ana ing Gunung Sinai, ing segara wedhi, nalika paring dhawuh marang bangsa Israèl supaya padha saos kurban.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel