Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 14 >> 

1Kecrita ana raja papat, yakuwi: Amrafèl, raja ing Babilonia. Ariokh, raja ing Èlasar, Kédorlaomèr, raja ing Élam, lan Tidhéal, raja ing Goyim,

2nglurug perang nglawan marang raja lima liyané, yakuwi: Béra, raja ing Sodom, Birsia, raja ing Gomora, Syinab, raja ing Admah, Syèmébèr, raja ing Zéboim, lan ratu ing Béla (utawa Zoar).

3Raja lima mau padha sekuthon. Tentarané padha diklumpukaké ana ing Lebak Sidim, kang saiki disebut Segara Mati.

4Rolas taun lawasé negarané raja lima kuwi dijajah déning Raja Kédorlaomèr, nanging bareng telulas tauné raja lima mau banjur padha brontak.

5Ing taun ping patbelasé Kédorlaomèr sakancané lan tentarané padha nglurug numpes bangsa Réfaim ing Asytérot-Karnaim, bangsa Zuzim ing Ham, bangsa Émim ing Syawé-Kiryataim,

6lan bangsa Hori ing pegunungan Édom, banjur dioyak nganti tekan Èlparam, ing sapinggiré segara wedhi.

7Sabaliné Kédorlaomèr sakancané nuli njujug kutha Kadès, sing nalika semono karan Èn-Mispat, lan ngobrak-abrik tanahé wong Amalèk, sarta nelukaké wong Amori, kang manggon ing Hazazon-Tamar.

8Kecrita raja ing Sodom, raja ing Gomora, raja ing Admah, raja ing Zéboim lan raja ing Béla nata tentarané ana ing Lebak Sidim,

9nuli perang mungsuh Kédorlaomèr, raja ing Élam, Tidhéal, raja ing Goyim, Amrafèl, raja ing Babil, lan Ariokh, raja ing Èlasar, raja papat lawanan lima.

10Lebak ing Sidim kuwi kebak sumur aspal. Nalika raja Sodom lan raja Gomora padha keplayu, banjur kacemplung ana ing kono. Raja-raja liya-liyané padha ngungsi menyang ing pegunungan.

11Raja papat sing padha menang perangé, njarah-rayah sakèhé barang-darbèké wong Sodom lan Gomora, sarta tandhoné pangan kabèh, nuli padha lunga.

12Déné Lot, keponakané Abram kang manggon ing Sodom, uga katut dibandhang, semono uga sabarang-darbèké kabèh.

13Mung ana wong siji sing bisa oncat, lan nglapuraké lelakon kuwi kabèh marang Abram, wong Ibrani. Abram mau manggon ing sacedhaké wit-witan, papan pangibadah duwèké Mamré, wong Amori. Mamré saseduluré, yakuwi Éskol lan Anèr, kuwi kanca sekuthoné Abram.

14Bareng Abram krungu yèn keponakané dibandhang, banjur nglumpukaké baturé sing pinter perang, cacahé 318, diajak budhal ngoyak mungsuh nganti tekan kutha Dhan.

15Balané Abram mau nuli dipantha-pantha lan dikon nggropyok mungsuh ing wayah bengi. Mungsuhé kalah, banjur dioyak nganti tekan ing Hobah, saloré kutha Damsyik.

16Sakèhé raja-brana sing digawa mungsuh kena direbut menèh, semono uga Lot lan barang-darbèké, apa déné wong-wong lan prejurit-prejurit sing dibandhang mungsuh.

17Saulihé saka perang karo Kédorlaomèr sarta raja-raja sing mbiyantu, Abram dipethuk déning raja Sodom ing Lebak Syawé (sing uga karan Lebak Raja).

18Mèlkisèdèk, Raja Salèm, imaming Allah Kang Mahaluhur, ngasta roti lan anggur kanggo Abram,

19nuli mberkahi Abram mengkéné, "Gusti Allah, ingkang Mahaluhur, ingkang nitahaken langit lan bumi mugi-mugi mberkahi panjenengan!

20Kamulyakna Allah, ingkang Mahaluhur, ingkang sampun nelukaken mengsah-mengsah panjenengan." Sawisé kuwi Abram banjur ngaturaké saprasepuluhé barang rayahané marang Mèlkisèdèk.

21Raja ing Sodom banjur ngandika marang Abram, "Barang-barang rayahan menika sedaya mugi panjenengan pundhut, kula namung nedha wangsul tiyang-tiyang kula."

22Nanging Abram mangsuli, "Kula sumpah ing ngarsanipun Allah, ingkang Mahaluhur, ingkang nitahaken langit lan bumi,

23bilih kula mboten badhé mendhet menapa-menapa saking kagungan panjenengan, dadosa namung benang saeler kémawon, utawi tangsuling trumpah, supados panjenengan mbénjing mboten ngandika, ‘Aku kang nyugihaké Abram.’

24Menggah kula piyambak mboten badhé mendhet menapa-menapa; namung menapa ingkang sampun katedha déning para réncang kula kémawon panjenengan lilakna, mekaten ugi Anèr, Éskol lan Mamré ingkang tumut nglurug perang kaliyan kula, kajengipun sami mendhet menapa ingkang dados wewenangipun."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel