Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 39 >> 

1Yusuf digawa wong-wong Ismaèl menyang tanah Mesir, lan dituku Potifar, komandhan keamanan kraton.

2Yusuf dikanthi déning Allah, nganti pegawéan apa waé sing dipasrahaké, bèrès. Dhèwèké manggon ing omahé bendarané.

3Bareng weruh yèn Yusuf mau dikanthi déning Allah lan sarupaning pegawéan sing dicekel bèrès,

4bendarané tresna karo Yusuf lan dipitaya ngurusi omahé lan bandhané kabèh.

5Wiwit wektu kuwi Gusti Allah mberkahi brayaté wong Mesir mau lan barang darbèké kabèh, sing ana ing omah lan iya sing ana ing palemahané, merga saka Yusuf.

6Kabèh barang darbèké dikon ngurusi Yusuf, nganti Potifar wis ora meruhi thek-kliweré ngomah, ngertiné mung mangan. Yusuf kuwi gagah lan rupané bagus.

7Suwé-suwé bojoné Potifar kasmaran karo Yusuf, lan nonoman mau dibujuk diejak turu bebarengan.

8Nanging Yusuf ora gelem, pangucapé, "Nyuwun ngapunten. Bendara kula sampun masrahaken sedaya kagunganipun dhateng kula, ngantos mboten menggalih menapa-menapa.

9Pangwaos kula mboten béda kaliyan panjenenganipun piyambak. Mboten wonten barang setunggal kémawon ingkang mboten kapasrahaken dhateng pangwaos kula, kejawi garwanipun. Menapa kula tegel nglampahi piawon kados mekaten lan damel dosa ing ngarsanipun Allah?"

10Senajan saben dina dibujuk, nanging Yusuf tetep ora gelem nanggapi.

11Ing sawijining dina nalika mlebu ngomah arep nyambut-gawé, ing njero omah kono pinuju ora ana wong.

12Bojoné Potifar banjur nggocèki jubahé Yusuf karo clathu, "Ayo turu karo aku." Nanging Yusuf mberod mlayu; jubahé ditinggal ana ing tangané bendarané.

13Bareng Yusuf mlayu metu, ninggal jubahé,

14bojoné Potifar mau nyeluki batur-baturé karo clathu, "Delengen! Wong Ibrani sing digawa mréné bojoku kuwi arep sembrana karo aku. Dhèwèké mlebu ana ing kamarku, arep meksa ngumpuli aku, nanging aku nuli celuk-celuk seru.

15Bareng aku celuk-celuk, dhèwèké banjur mlayu metu, jubahé ditinggal ana ing sandhingku."

16Jubah mau disèlèhaké ing sandhingé, nganti sing lanang teka.

17Wong wadon mau banjur ngothak-athik crita kaya ing ngarep mau, dikandhakaké karo bojoné, tembungé, "Tiyang Ibrani ingkang panjenengan bekta mriki menika sampun mlebet kamar kula, badhé sembrana kaliyan kula.

18Nanging kula lajeng bengok-bengok. Piyambakipun lajeng mlajeng lan nilar jubahipun ing sandhing kula."

19Potifar muntab.

20Yusuf dikon nyekel lan dilebokaké ing kunjaran, panggonané para punggawa kraton sing ditahan. Yusuf uga ditahan ana ing kono.

21Nanging Yusuf dikanthi déning Gusti Allah lan diberkahi, mula kepalané kunjaran kono tresna karo dhèwèké.

22Yusuf didadèkaké lurahé wong-wong tahanan liyané, lan dipasrahi pegawéan kabèh sing ana ing kunjaran kono.

23Kepalané kunjaran wis ora prelu ngawat-awati apa sing dipasrahaké marang Yusuf. Merga dikanthi déning Allah, pegawéan apa waé sing dicekel Yusuf, bèrès.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 39 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel