Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 40 >> 

1Let sawetara mangsa ana pegawé kraton loro ditahan merga keluputan karo Sang Prabu. Sing siji juru-minuman, yakuwi wong sing kapasrahan ngurusi unjukané Sang Prabu, sijiné juru-dhaharan, yakuwi wong sing kapasrahan ngurusi dhaharan.

2Sang Prabu duka banget karo wong loro mau,

3mula dhawuh supaya padha ditahan ing kunjaran kraton, panggonané Yusuf ditahan.

4Ana ing kunjaran kono rada suwé, lan kepala kunjaran préntah marang Yusuf ngladèni tahanan loro mau.

5Ing sawijining bengi, wong loro mau padha ngimpi. Impèné béda-béda.

6Nalika ésuké Yusuf teka, wong loro mau ulaté katon suntrut.

7Yusuf banjur takon, "Kokketingal sedhih. Manapa ingkang dipun raosaken?"

8Wangsulané, "Dhèk bengi aku padha ngimpi, nanging ing kéné ora ana wong sing bisa nerangaké tegesé." Clathuné Yusuf, "Kula kinten namung Gusti Allah piyambak ingkang maringi kesagedan nerangaken tegesipun impèn. Cobi panjenengan cariyosaken impèn panjenengan."

9Juru-minuman banjur nyritakaké impèné, "Nèng kanané kaya-kaya ing ngarepku ana wit anggur.

10Ana pangé telu. Bareng godhongé padha trubus, banjur metu kembangé, sarta metu wohé, mateng-mateng.

11Kayané aku lagi nyekeli gelas unjukané Sang Prabu. Aku banjur methik woh anggur mau, nuli dakperes ana ing gelas, sarta daksaosaké Sang Prabu."

12Yusuf nuli mangsuli, "Menika jarwanipun mekaten: Pang tiga menika tegesipun tigang dinten.

13Salebeting tigang dinten menika Sang Prabu badhé ngluwari panjenengan. Panjenengan badhé kawangsulaken dhateng pedamelan panjenengan malih, ngladosi unjukanipun Sang Prabu kados ingkang sampun-sampun.

14Namung menawi sampun wangsul malih dhateng pedamelan panjenengan, sampun kesupèn dhateng kula. Panjenengan ngaturana pirsa dhateng Sang Prabu bab kawontenan kula, sarta kula kasuwuna luwar saking kunjaran menika.

15Kula menika leresipun dipun culik saking bangsa kula, inggih menika bangsa Ibrani. Lan ing tanah Mesir ngriki kula mboten naté nglampahi piawon, ingkang pantes kaukum ing kunjaran."

16Bareng krungu yèn impèné juru-minuman mau maknané becik, juru-dhaharan banjur nyritakaké impèné marang Yusuf: "Aku iya ngimpi. Ana ing kanané aku lagi nyunggi ténong telu isi dhaharan.

17Ténong sing ndhuwur dhéwé isi dhaharan rupa-rupa kagem Sang Prabu, nanging dhaharan mau dithotholi manuk-manuk."

18Wangsulané Yusuf, "Jarwanipun impèn menika mekaten: Ténong tiga menika tegesipun tigang dinten.

19Tigang dinten malih Sang Prabu badhé utusan nigas gulu panjenengan. Badan panjenengan badhé dipun gantung lan dados tedhanipun peksi-peksi."

20Let telung dina, yakuwi dina wiyosané Sang Prabu, panjenengané nganakaké kraméan gedhèn kanggo para abdi kabèh. Juru-minuman lan juru-dhaharan didhawuhi metokaké saka ing kunjaran, digawa ana ing ngarepé para abdi kraton kabèh.

21Juru-minuman dibalèkaké ing pegawéané menèh,

22nanging juru-dhaharan diukum pati. Kelakoné mau kabèh cèples karo sing dikandhakaké Yusuf.

23Nanging juru-minuman ora kèlingan marang Yusuf, wis lali babar-pisan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 40 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel