Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 43 >> 

1Pailan sing nrejang tanah Kenaan saya banget,

2mulané bareng tandhoné gandum olèhé tuku saka Mesir wis entèk, Yakub banjur kandha karo anak-anaké, "Padha lungaa menèh menyang Mesir tuku gandum."

3Yéhuda mangsuli, "Gubernur ing ngrika sampun mantos-mantos, bilih kula mboten badhé dipun lilani sowan malih, menawi mboten ngajak adhi kula ingkang alit piyambak.

4Menawi bapak marengaken Bènyamin tumut, kula sami badhé bidhal.

5Menawi mboten, kula inggih mboten badhé bidhal, mergi gubernuripun sampun mantos-mantos kados mekaten."

6Clathuné Yakub, "Kowé saben-saben mung gawé susahku waé. Yagéné kowé kokkandha yèn duwé adhi barang?"

7Wangsulané anak-anaké, "Priyantunipun tlesih sanget enggènipun takèn bab brayat. Nakèkaken, ‘Apa bapakmu isih urip? Apa kowé isih duwé adhi lanang liyané?’ Kula sami kepeksa mangsuli sedaya ingkang dipun takèkaken. Kula rak mboten sami nginten, bilih piyambakipun badhé akèn kita ngejak adhi kula sowan mrika?"

8Yéhuda banjur matur, "Larénipun kajengipun tumut, supados kula sami saged bidhal tumunten, lan brayat kita mboten pejah kaliren.

9Tanggelanipun gesang kula piyambak. Menawi wonten menapa-menapa, kula ingkang tanggel jawab dhateng bapak selami kula gesang.

10Menawi mboten ndadak ngentos-entosi mekaten, temtu kula sami sampun kaping kalih késah-wangsul dhateng Mesir."

11Yakub banjur kandha, "Yèn pancèn kudu mengkono, nggawaa pisungsung katur marang gubernur kana, rupa wulu-wetuné bumi ing kéné sing becik dhéwé: kismis, madu, bumbu, kemiri, badam.

12Nggawaa dhuwit tikel loro, merga dhuwit sing dibalèkaké lan dilebokaké ing karungmu kaé, kudu diaturaké menèh. Mbok menawa biyèn kaé kliru.

13Adhimu Bènyamin jaken, lan énggal balia.

14Muga-muga Gusti Allah Kang Mahakwasa rentah welasé marang kowé, temahan gubernuré marengaké Siméon lan Bènyamin bali bareng kowé. Déné yèn pancèn wis kuduné aku kélangan anak-anakku, ya wis kepriyé menèh."

15Sedulur-seduluré Yusuf nggawa pisungsung kanggo gubernur, lan dhuwit tikel loro, banjur budhal menyang Mesir, karo ngajak Bènyamin. Satekané ing kana nuli ngadhep Gubernur Yusuf.

16Nalika Yusuf weruh Bènyamin teka bebarengan karo kakang-kakangné, banjur dhawuh marang kepalané rumah-tangga gubernuran, "Wong-wong kaé jaken menyang omahku. Belèhna apa-apa lan masaken, merga awan iki arep dakjak mangan bebarengan."

17Abdi mau nindakaké apa sing didhawuhaké, nuli ngajak wong-wong mau menyang omahé Yusuf.

18Nalika arep diajak mrana, wong-wong mau padha wedi banget, rasanané, "Awaké dhéwé padha digawa mréné iki rak merga dhuwit sing dibalèkaké lan dilebokaké ana ing karung-karungé dhéwé kaé. Iki mesthi arep digropyok, kuldi-kuldi dijupuk, awaké dhéwé arep didadèkaké batur-tukon."

19Mulané bareng wis cedhak karo omahé banjur padha kandha karo abdi sing ngeteraké mau,

20"Nyuwun ngapunten, pak. Kula menika sampun naté sami mriki tumbas gandum.

21(43:21-22) Nalika wangsul saking ngriki, wonten ing pesipengan kula sami mbikak karung-karung, lan manggih arta kula piyambak-piyambak taksih wetah, temumpang ing nginggil gandum. Kula sami mboten ngertos sinten ingkang nglebetaken arta wau ing karung-karung menika. Samenika arta menika badhé kula aturaken wangsul. Kejawi menika kula inggih mbekta arta kanggé tumbas gandum malih."

22(43:21)

23Wangsulané abdi mau, "Aja kuwatir. Mesthiné Allah sing dibektèni bapakmu kuwi sing nglebokaké dhuwit mau ana ing karung-karungmu. Merga dhuwitmu tukon gandum biyèn wis daktampa."

24Siméon wis diteraké awor sedulur-seduluré, banjur padha bebarengan mlebu ing omahé Yusuf. Ana ing kono dicepaki banyu kanggo wisuh sikil, lan pangan kanggo kuldi-kuldiné.

25Sawisé kuwi wong-wong mau banjur nyawisaké barang-barang sing arep disaosaké marang gubernur, sing arep rawuh wektu kuwi. Sadurungé wis padha diwènèhi weruh, yèn arep diajak mangan bebarengan karo gubernur.

26Bareng Yusuf teka, pisungsung mau padha digawa mlebu lan disaosaké Yusuf karo sujud lan nyembah.

27Yusuf pitakon bab keslametané wong-wong mau, banjur kandha, "Kowé tau padha crita bab bapakmu sing wis tuwa kaé. Priyé kabaré? Apa isih sugeng?"

28Wangsulané, "Inggih, kang abdi bapak kula taksih gesang, inggih bagas kesarasan, mboten kekirangan setunggal menapa." Banjur padha nyembah.

29Karo nyawang Bènyamin, Yusuf takon, "Apa iki adhimu ragil, sing biyèn kokkandhakaké kaé? Muga-muga Gusti Allah mberkahi kowé, enggèr!"

30Karo ndelengaké adhiné, atiné Yusuf trenyuh banget. Mèh ora kuwat ngampet, mulané banjur énggal metu saka kono, mlebu ing kamaré dhéwé, nangis.

31Bareng wis raup banjur metu menèh saka kamaré, atiné dikuwat-kuwataké. Banjur dhawuh tata-dhahar.

32Yusuf méjané dhéwé, sedulur-seduluré iya ana ing méja dhéwé, lan wong-wong Mesir sing padha mèlu mangan iya lungguh ing méja dhéwé; kuwi merga wong Mesir nganggep yèn wong Ibrani mono luwih asor ketimbang karo wong Mesir.

33Méjané sedulur-seduluré adhep-adhepan karo méjané Yusuf. Lungguhé wong-wong mau ditata urut wiwit saka sing mbarep tekan sing ragil. Nalika weruh prenahé enggoné dilungguhaké, wong-wong mau padha gumun.

34Kabèh padha diladèni olah-olahan saka méjané Yusuf, lan bagéané Bènyamin tikel limané liya-liyané. Kabèh padha mangan lan ngombé bebarengan karo Yusuf nganti sawaregé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 43 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel