Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 49 >> 

1Yakub nglumpukaké anak-anaké lan dikandhani, "Padha mrénéa, cedhak karo aku. Dakkandhani apa sing mbésuk bakal padha kokalami."

2"Anak-anakku, padha ngrungokna, padha gatèkna tembungé Israèl, bapakmu.

3Rubèn, anakku sing mbarep, kowé kuwi kekuwatanku sing maujud, woh sing kawitan saka enggonku dadi wong lanang, kowé sing gagah prakosa dhéwé ing antarané anak-anakku.

4Karosanmu presasat banjir bandhang, nanging wurung dadi pembarep, merga kowé wis ngumpuli bojoné bapakmu, lan gawé jemberé peturonku.

5Kowé Siméon lan Lèwi, kowé padha sasedulur. Gamanmu kokenggo ngrodha-peksa.

6Aku ora seneng mèlu ing pirembugané, merga yèn wis muring tegel matèni wong. Sapi lanang dikencèt nganti lumpuh, mung kanggo kesenengan.

7Nepsuné kenaa ing supata, semono uga brangasané lan ambek siyané. Kowé bakal daksebar wrata ing satanah Israèl. Bakal dakpencar-pencar ing antarané sedulur-seduluré.

8Yéhuda, kowé bakal dialem déning para sedulurmu, kowé bakal mbekuk githoking mungsuhmu, lan sedulur-sedulurmu bakal nungkul marang kowé.

9Yéhuda kaya anaké singa, sawisé matèni mangsané banjur bali menyang pandhelikané, ngulèt banjur turu. Sapa sing wani nggepok?

10Yéhuda bakal nyekel pangwasané keprabon, turuné bakal ana sing dadi raja ing selawas-lawasé. Bangsa-bangsa bakal padha saos bulu-bekti marang dhèwèké, sarta nyembah lan sujud ana ing ngarepé.

11Wit anggur sing becik dhéwé dienggo nyancang kuldiné, penganggoné dikumbah ing anggur, sing abangé kaya getih.

12Mripaté mbranang merga ngombé anggur, untuné putih merga ngombé susu.

13Zébulon bakal manggon ing pinggiring segara. Prau-prau bakal padha labuh ing pelabuhané. Wilayahé jembaré bakal tekan tapel watesé Sidon.

14Isakar, kaya kuldi sing rosa, nglémprak ing antarané karung-karung momotan.

15Yèn weruh panggonan sing becik kanggo ngaso lan tanah sing nyenengaké, gegeré banjur mendhak, nampani momotan, mulané dipeksa nyambut-gawé kaya batur-tukon.

16Déné kowé Dhan, bakal dadi hakim ing antarané bangsamu, talermu bakal ora kalah karo taler-taler liyané ing Israèl.

17Kowé kaya ula ing pinggir dalan, ula sing mandi ing pinggir lurung, sing nyokot tungkaké jaran, nganti sing nunggang kejungkel.

18‘Dhuh Allah, kawilujengan saking Paduka, menika ingkang kula ajeng-ajeng.’

19Gad, kowé bakal dirampog, nanging kowé bakal genti ngrampog.

20Asyèr, palemahanmu bakal metokaké pangan nganti lubèr, pangan sing pantes didhahar para raja.

21Naftali, kaya menjangan ing alas, anak-anaké apik-apik rupané.

22Yusuf kaya anggur sing subur, sing tuwuh ing sapinggiring sumber, pang-pangé ngrembuyung mrambat nglangkahi pager.

23Ditempuh déning mungsuhé, dioyak nganggo gendhéwa lan panah,

24nanging panahé (Yusuf) panggah, lan lengené tetep rosa, merga disantosakaké déning Allahé Yakub Kang Mahakwasa, déning Pangon, Pengayomané Israèl.

25Allahé bapakmu mitulungi kowé. Kang Mahakwasa mberkahi kowé, srana udan saka ing langit, lan sumber saka ing dhasaré bumi. Diparingi anak lan raja-kaya,

26gandum lan kekembangan. Gunung-gunung sing wis tuwa banget, barang-barang sing nyenengaké saka gunung kalanggengan. Muga-muga berkah mau kabèh tumurun ing sirahé Yusuf lan ing embun-embuné. Merga dhèwèké sing dipilih saka ing antarané sedulur-seduluré.

27Bènyamin, kaya asu ajag sing galak; ésuk golèk mangsan, soréné ngemah-ngemah nganti ludhes."

28Kuwi kabèh taleré Israèl, cacahé rolas, lan disebut déning bapakné nalika andum berkah marang anak-anaké, saben anak diberkahi dhéwé-dhéwé.

29Sawisé kuwi Yakub banjur weling karo anak-anaké mengkéné, "Ora suwé menèh aku bakal tinggal-donya, kaya para leluhurku. Mbésuk aku kuburen ing kuburané leluhurku, ing guwa, sing ana ing palemahané Éfron, wong Hèt kaé.

30Ing Guwa Mahpéla, sawétané Mamré, ing tanah Kenaan. Guwa kuwi wis dituku Abraham saka Éfron, digawé kuburan.

31Abraham lan Sarah, Iskak lan Ribkah wis padha dikubur ana ing kono. Léa uga dakkubur ing kana.

32Palemahan lan guwa kuwi wis dituku saka wong Hèt. Aku kuburen ana ing kono uga."

33Sawisé ninggal weling marang anak-anaké, Yakub banjur turon lan tilar-donya.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 49 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel