Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 31 >> 

1Pangandikané Allah marang Musa,

2"Aku wis milih Bézaleèl, anaké Uri, putuné Hur saka klompok Yéhuda,

3sarta wis Dakpenuhi Roh-Ku. Aku wis maringi pikiran, kapinteran lan kaprigelan bab sakèhing pegawéan sing pèni,

4kanggo gawé rancangan sing mbutuhaké kaprigelan ing bab dandanan saka mas, slaka lan prunggu;

5ngasah akik sing bakal diukir; ngukir-ukir kayu lan pegawéan-pegawéan liyané.

6Aku iya wis milih Aholiab, anaké Ahisamakh saka klompok Dhan, kanggo mbantu Bézaleèl. Para tukang sing prigel wis Dakparingi keahlian supaya bisa gawé apa waé sing Dakdhawuhaké.

7Yakuwi gawé Kémah Palenggahané Allah, Pethi Prejanjian lan tutupé, sakèhing prabot Kémah,

8méja lan pirantiné, pedamaran saka mas murni sarta pirantiné, mesbèh kanggo ngobong dupa,

9mesbèh kanggo kurban obongan lan sakèhing pirantiné. Padasan nganggo dhasar kanggo wisuh.

10Sandhangan dhines kanggo para imam, lan penganggo kaimaman kanggo Harun lan anak-anaké, sing kudu dienggo samasa nindakaké tugasé,

11lenga jebad, lan dupa wangi kanggo ing Sasana Suci. Kabèh mau kudu digawé cocog karo pituduh sing wis Dakparingaké marang kowé."

12Gusti Allah ndhawuhi Musa,

13supaya ngandhakaké marang bangsa Israèl, "Padha netepana prenatané dina-dina Sabbat, dina sing Daktetepaké dadi dina kanggo ngaso. Selawasé dina kuwi dadia tandha prejanjian-Ku karo kowé kabèh, sing mretandhani yèn Aku, Allah, wis nimbali kowé kabèh dadi umat-Ku dhéwé.

14(31:14-15) Dina kanggo ngaso mau kudu koktetepi, sebab dina iku suci. Kowé kabèh sajroné nem dina kadhawuhan nyambut-gawé, nanging dina kapitu, kuwi dina gedhé sing kudu koksucèkaké kagem Aku. Sing sapa ora netepi, lan nyambut-gawé ing dina kuwi, kudu diukum pati.

15(31:14)

16Bangsa Israèl kudu netepi lan nganggep dina mau dadi tandhané prejanjian.

17Dina iku dadia pepènget ing selawasé antarané bangsa Israèl lan Aku, merga Aku, Allah, wis nitahaké langit lan bumi ing sajroné nem dina, lan ing dina kapitu Aku lèrèn lan ngaso."

18Bareng wis rampung enggoné ngandika marang Musa ing Gunung Sinai, Allah banjur maringaké papan watu loro sing wis katulisan dhawuh-dhawuhé Allah ngagem astané piyambak.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel