Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 25 >> 

1Satekané Gubernur Féstus ana ing wilayah kono, let telung dina panjenengané banjur mangkat saka Kaisaréa menyang kutha Yérusalèm.

2Ana ing kana para pengareping imam sarta pinituwané bangsa Yahudi padha ngajokaké gugatan-gugatané tumrap Rasul Paulus. Wong-wong mau padha njaluk sih-kamirahané Gubernur Féstus,

3supaya marengaké Rasul Paulus digawa menyang kutha Yérusalèm; mangka karepé satemené merga arep padha nyegat lan matèni ana ing dalan.

4Nanging Gubernur Féstus mangsuli: "Paulus rak ditahan ana ing kutha Kaisaréa, lan aku dhéwé uga bakal bali mrana.

5Beciké para pinituwamu padha bebarengan karo aku menyang Kaisaréa, lan ana ing kana ngajokna gugatan bab keluputané."

6Féstus ana ing kutha Yérusalèm lawasé wolu tekan sepuluh dina. Sawisé kuwi Féstus banjur bali menyang kutha Kaisaréa. Ésuké Féstus lungguh ana ing bangsal pengadilan lan dhawuh supaya Rasul Paulus digawa ngadhep.

7Bareng Rasul Paulus mlebu ing bangsal pengadilan, wong-wong Yahudi sing padha teka saka kutha Yérusalèm, padha ngadeg ngrubung Rasul Paulus mau, sarta padha ngajokaké pandakwa-pandakwa sing hébat banget, nanging ora ana siji waé sing nganggo bukti.

8Kosokbaliné Rasul Paulus ngaturaké penjawab mengkéné: "Kula mboten gadhah kalepatan tumrap Torètipun Nabi Musa, utawi tumraping Pedalemanipun Allah, utawi tumrap Kaisar ing Rum."

9Sarèhné Gubernur Féstus kepéngin olèh atiné wong Yahudi, mula banjur pitakon marang Rasul Paulus: "Apa kowé gelem digawa menyang Yérusalèm lan dakadili ana ing kana?"

10Nanging Rasul Paulus mangsuli: "Kawula ngadeg wonten ing ngriki menika wonten ing ngarsanipun pengadilaning pepréntahan Rum, mila kula inggih nyuwun dipun adili wonten ing ngriki. Panjenengan piyambak pirsa, bilih kawula mboten gadhah kalepatan dhateng tiyang Yahudi.

11Menawi kawula nerak angger-angger lan nglampahi prekawis ingkang pantes kaukum pejah, kawula rila pejah. Nanging menawi gugatan-gugatan menika mboten leres, temtu mboten wonten tiyang ingkang wenang masrahaken kawula dhateng tiyang-tiyang Yahudi wau. Kawula nyuwun prekawis kawula kainggahaken dhateng pengadilanipun Kaisar Rum!"

12Sawisé Gubernur Féstus rembugan karo para penasehaté, banjur mangsuli: "Sarèhné kowé nyuwun supaya prekaramu kaunggahaké marang pengadilané Kaisar Rum, kowé sowana marang Kaisar Rum."

13Ora antara suwé Sang Prabu Agripa lan Bèrniké rawuh ana ing kutha Kaisaréa, minangka pakurmatan marang Gubernur Féstus.

14Sawisé ana ing kono telung dina lawasé, Féstus nuli nyritakaké prekarané Rasul Paulus marang Sang Prabu Agripa, tembungé: "Ing ngriki wonten tiyang tahanan, tilaranipun Félix.

15Nalika kawula wonten ing kitha Yérusalèm, para pengagenging imam sarta para pinisepuhipun bangsa Yahudi sami ngajengaken gugatan-gugatan, lan sami nyuwun supados kawula ngadili piyambakipun.

16Nanging tiyang-tiyang wau sami kawula wangsuli, bilih sanès caranipun tiyang Rum nampèni pandakwa, menawi tiyang wau dèrèng dipun purih aben-ajeng kaliyan ingkang ndakwa, sarta angsal wewengan nyukani penjawab.

17Sareng para ingkang sami nggugat dhateng, tanpa mbucal wekdal, kawula énjingipun lajeng sampun wonten ing bangsal pengadilan, sarta sedaya tiyang ingkang sami nggugat wau sami ngadhep.

18Tiyang-tiyang ingkang nggugat pancèn lajeng sami ngajengaken gugatanipun, nanging gugatan-gugatan wau mboten wonten ingkang magepokan kaliyan pendamel awon, kados ingkang kula kinten.

19Ingkang dipun ajengaken namung prekawis-prekawis ingkang magepokan kaliyan agaminipun tiyang Yahudi piyambak, lan bab tiyang ingkang sampun pejah, nama Yésus, ingkang miturut Paulus, dumugi samenika taksih gesang.

20Sarèhné kula kèwedan badhé mriksa Paulus, mila kula lajeng takèn dhateng piyambakipun, menapa purun kabekta dhateng kitha Yérusalèm, sarta dipun adili wonten ing ngrika.

21Nanging Paulus nyuwun supados prekawisipun kainggahaken dhateng pengadilanipun Kaisar krajan Rum, sarta nyuwun supados kawilujenganipun dipun jagi ngantos prekawisipun dipun adili déning Kaisar. Mila kula inggih nyukani préntah supados Paulus dipun jagi, ngantos dumugi wekdalipun ngintun piyambakipun dhateng Kaisar."

22Sang Prabu Agripa nuli ngandika marang Gubernur Féstus: "Kula inggih kepéngin mireng saking tiyang menika piyambak." Wangsulané Féstus: "Mbénjing-énjing panjenengan saged mirengaken."

23Ésuké, Sang Prabu Agripa lan Bèrniké padha teka ana ing bangsal pengadilan nganggo upacara keprabon, kadhèrèkaké déning para komandhané lan para penggedhé liya-liyané ing kutha kono. Gubernur Féstus dhawuh ngirid Rasul Paulus, didhawuhi ngadhep.

24Gubernur Féstus nuli ngandika: "Sang Prabu Agripa, tuwin para sedhèrèk sedaya ingkang wonten ing ngriki. Menika tiyangipun ingkang sami dipun gugat déning tiyang-tiyang Yahudi ing Yérusalèm, mekaten ugi ing ngriki. Tiyang-tiyang Yahudi menika sami nguwuh-uwuh supados Paulus menika kapejahan kémawon.

25Nanging kula mboten manggihaken kalepatan menapa-menapa, ingkang pantes kaukum mawi ukuman pejah. Lan sarèhné piyambakipun piyambak nyuwun prekawisipun kainggahaken dhateng pengadilanipun Kaisar Rum, kula inggih lajeng badhé ngintun piyambakipun dhateng kitha Rum.

26Nanging kula dèrèng gadhah ketrangan ingkang maton, ingkang saged kula anggé dhasar kintun serat dhateng Kaisar. Mila kula samenika mbekta tiyang menika wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, lan ingkang rumiyin dhateng panjenenganipun Sang Prabu Agripa, supados sasampunipun priksa prekawisipun, kersaa paring wawasan ingkang saged kula anggé dhasar nyerat serat wau.

27Sebab kula kinten mboten samesthinipun kula ngintun tiyang tahanan tanpa dipun kanthèni gugatan-gugatanipun."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel