Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 22 >> 

1Nalika semana lagi ngarepaké Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi, yakuwi sing disebut Paskah.

2Para pengareping imam lan para ahli Torèt lagi padha golèk réka, kepriyé bisané nyédani Gusti Yésus; sebab wong-wong mau padha wedi karo rakyat.

3Iblis nuli nyurupi Yudas Iskariot, yakuwi panunggalané sekabat rolas, sing ndhèrèk Gusti Yésus.

4Yudas mau nuli marani para pengareping imam lan pengareping pengawal sing jaga Pedalemané Allah, prelu kandha yèn dhèwèké saguh ngulungaké Gusti Yésus marang wong-wong mau.

5Para pengareping imam lan para pengareping pengawal mau padha bungah banget, lan janji arep mènèhi dhuwit marang Yudas.

6Yudas nyaguhi lan wiwit nalika semana Yudas golèk réka bisané ngulungaké Gusti Yésus marang wong-wong mau, tanpa diweruhi déning wong akèh.

7Bareng wis tekan dinané Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi, yakuwi dinané wong padha nyembelèh cempé, kanggo Riaya Paskah,

8Gusti Yésus nuli ngutus Pétrus lan Yohanes, didhawuhi mengkéné: "Padha mangkata, nyawisna ubarampéné Paskah sing bakal padha kita pangan."

9Aturé Pétrus lan Yohanes mau: "Panjenengan ngersakaken dhahar Paskah wonten ing pundi?"

10Pangandikané Gusti Yésus: "Rungokna! Yèn kowé mlebu ana ing kutha Yérusalèm, kowé bakal kepethuk karo wong sing lagi nggawa kendhi isi banyu. Wong kuwi etutna tekan omah sing dileboni,

11banjur kandhaa karo sing duwé omah kuwi: Guru ndangu: ‘Ana ing ngendi enggoné para sekabat-Ku lan Aku mangan Paskah?’

12Sing duwé omah mau nuli bakal nuduhaké kamar gedhé ana ing lotèng, sing wis pepak sapraboté pisan. Padha cawisna ubarampéné Paskah kabèh ana ing kono."

13Sekabat loro mau padha mangkat, sarta kabèh tinemu cèples kaya sing dingandikakaké déning Gusti Yésus. Sekabat loro mau nuli padha nyawisaké ubarampéné Paskah ana ing kono.

14Bareng wis tekan wektuné dhahar Paskah, Gusti Yésus nuli lenggah awor karo para sekabaté.

15Panjenengané nuli ngandika marang para sekabat mau: "Aku kepéngin mangan Paskah iki bebarengan karo kowé, sadurungé Aku nandhang sangsara!

16Sebab ngertia! Aku bakal ora dhahar Paskah menèh, nganti apa sing diibarataké déning Paskah iki kaleksanan, yakuwi yèn Kratoné Allah wis tumapak."

17Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ngangkat tuwung anggur, sarta saos panuwun marang Gusti Allah, banjur ngandika: "Tuwung iki tampanana lan padha ngombéa,

18sebab kowé Dakkandhani: Wiwit saiki iki Aku bakal ora ngombé anggur menèh, nganti Kratoné Allah kebabar."

19Sawisé mengkono Gusti Yésus nuli mundhut roti, banjur saos panuwun marang Gusti Allah. Roti mau nuli dicuwil-cuwil lan diparingaké marang para sekabat, pangandikané: "Iki badan-Ku, sing kaparingaké kanggo kowé. Iki tindakna minangka pengéling-éling marang Aku."

20Mengkono uga sawisé dhahar, Panjenengané maringaké tuwung anggur kuwi marang para sekabaté serta ngandika: "Tuwung iki prejanjiané Gusti Allah sing anyar, sing diresmèkaké srana getih-Ku, yakuwi getih sing diwutahaké kanggo kowé."

21"Nanging delengen! Wong sing ngulungaké Aku saiki ana ing kéné, lungguh dadi saméja karo Aku!

22Putraning Manungsa pancèn pinesthi séda, kaya sing wis ditemtokaké déning Gusti Allah, nanging cilaka wong sing ngulungaké Panjenengané!"

23Para sekabat nuli padha takon-tinakon, sapa sing arep ngulungaké Gusti Yésus.

24Kacrita, para sekabat padha bantah-bantahan bab sapa sing dianggep pinunjul dhéwé.

25Gusti Yésus nuli ngandika marang para sekabat mau: "Ratu-ratu ing donya kéné padha ngerèh rakyat, lan para pangwasa mau disebut ‘Pangayomaning rakyat.’

26Nanging mungguh ing kowé, aja kaya mengkono. Malah kosokbaliné; wong sing pinunjul dhéwé ing antaramu, kuwi dadia sing asor dhéwé, lan sing dadi pengarep kuwi dadia kaya batur.

27Sapa sing luwih kajèn: sing lungguh mangan ana ing méja, apa sing ngladèni dhèwèké? Mesthi waé sing lungguh mau. Nanging ana ing antaramu, Aku iki kaya batur.

28Sajroné Aku nandhang susah, kowé selawasé kumpul karo Aku.

29Kaya déné Sang Rama wis maringi wewenang marang Aku nindakaké Kratoné, mengkono uga kowé bakal padha Dakwènèhi wewenang nindakaké Kratoné.

30Kowé bakal mèlu mangan lan ngombé karo Aku ana ing Kraton-Ku, lan kowé bakal padha lungguh ana ing dhamparing kraton mau, ngadili taleré bangsa Israèl rolas."

31"Simon, Simon, rungokna! Iblis diparengaké Gusti Allah nètèr precayamu kabèh, kaya wong tani enggoné nginteri gandumé, dipisahaké saka mrambuté.

32Nanging, kowé wis Dakdongakaké, supaya precayamu aja semplah. Lan yèn kowé wis mratobat, bali marang Aku menèh, kowé kudu genti nguwataké precayané sedulur-sedulurmu."

33Wangsulané Pétrus: "Gusti, kawula sagah dipun kunjara lan pejah sesarengan kaliyan Panjenengan!"

34Pangandikané Gusti Yésus: "Pétrus, ngandela! Ing dina iki sadurungé jago kluruk, kowé bakal kandha ping telu, yèn kowé ora wanuh karo Aku."

35Gusti Yésus nuli ngandika marang para sekabaté: "Dhèk biyèn nalika kowé padha Dakutus kaé, kowé ora Dakparengaké nggawa dhompèt isi dhuwit, kanthong lan sepatu. Apa kowé padha nandhang kekurangan apa-apa?" Wangsulané sing padha didangu: "Mboten! Mboten kekirangan menapa-menapa."

36Pangandikané Gusti Yésus: "Nanging saiki, sing duwé dhompèt utawa kanthong kudu digawa; lan sing ora duwé pedhang, kudu ngedol jubahé kanggo tuku pedhang.

37Sebab, ngandela! Tulisan ing Kitab Suci: ‘Panjenengané bakal dianggep durjana’, tulisan kuwi bakal kelakon tumrap Awak-Ku. Lan apa sing katulis mau, saiki kelakon temenan."

38Para sekabat nuli padha matur: "Gusti, menika wonten pedhang kalih." Pangandikané Gusti Yésus: "Wis cukup."

39Gusti Yésus banjur miyos saka ing kutha Yérusalèm, lan kaya adat saben minggah ana ing Gunung Zaitun, kadhèrèkaké déning para sekabat.

40Bareng wis tekan ing kono, Panjenengané ngandika: "Padha ndedongaa, supaya aja kena ing panggodha."

41Panjenengané nuli tindak rada adoh saka kono, kira-kira saadohé wong mbalang nganggo watu.

42Panjenengané nuli sujud jèngkèng ndedonga, aturé: "Dhuh Rama, menawi kepareng, mugi Paduka kersa nyingkiraken kasangsaran menika saking kawula. Éwadéné, sampun pikajeng Kawula, namunga kersa Paduka kémawon ingkang kelampahan."

43[Nuli ana malaékat saka swarga ngetingal marang Gusti Yésus, sarta nyantosakaké Panjenengané.

44Gusti Yésus banget girisé, mulané saya ngganter enggoné ndedonga. Riwéné nganti kaya getih tumètès ana ing bumi.]

45Sawisé rampung enggoné ndedonga, Gusti Yésus nuli murugi para sekabat. Para sekabat mau ketemu lagi padha turu, merga saka sedhihé.

46Gusti Yésus nuli ngandika: "Yagéné kowé padha turu? Tangia lan ndedongaa, supaya aja kena ing panggodha."

47Sajroné Gusti Yésus isih ngandika karo para sekabaté mau, ana wong rombongan teka. Wong-wong mau diirid déning Yudas. Yudas nuli marani Gusti Yésus lan ngambung Panjenengané.

48Gusti Yésus ngandika: "Yudas, apa enggonmu ngulungaké Putrané Manungsa srana ngambung iki?"

49Nalika para sekabaté Gusti Yésus sing ana ing kono ngerti apa sing bakal kelakon, banjur matur: "Menapa kepareng kawula pedhang kémawon?"

50Salah sawijining sekabat mau nuli nyabet abdiné Imam Agung srana pedhang, nganti kupingé tengen keperung.

51Nanging Gusti Yésus ngandika: "Wis seméné waé!" Kupingé wong sing keperung mau nuli diasta lan diwarasaké.

52Gusti Yésus nuli ngandika marang para pengareping imam, para pengareping pengawal Pedalemané Allah lan para panuntuning wong Yahudi, sing wis padha teka ana ing kono arep nyekel Panjenengané: "Apa Aku kokkira bégal, kokenggonmu arep nyekel Aku nganggo pedhang lan penthung?

53Apa Aku ora saben dina ana ing Pedaleman Suci karo kowé, yagéné Aku ora kokcekel ana ing kono? Nanging pancèn wis tekan wektumu lan wektuné pangwasané pepeteng tumindak."

54Bareng Gusti Yésus wis dicekel, banjur diirid menyang omahé Imam Agung. Pétrus ngetutaké saka kadohan.

55Wong-wong padha gawé bedhiyang ana ing satengahing plataran lan banjur padha lungguh ngubengi bedhiyang mau. Déné Pétrus nuli mèlu lungguh ana ing kono.

56Salah sawijining abdi wadon, weruh Pétrus, banjur ditamataké, nuli muni: "Wong kuwi gajegé iya sekabaté Yésus!"

57Nanging Pétrus sélak, uniné: "Aku ora wanuh babar-pisan karo wong kuwi!"

58Ora let suwé ana wong liyané sing weruh Pétrus, nuli muni: "Kowé uga sekabaté?" Nanging Pétrus mangsuli: "Dudu, aku dudu!"

59Kira-kira let sajam ana wong liyané menèh sing muni seru: "Pancèn wong kuwi sekabaté Yésus, sebab dhèwèké iya wong Galiléa!"

60Nanging Pétrus mangsuli: "Kowé kandha apa? Aku ora ngerti sing kokkandhakaké kuwi!" Sanalika iku uga, sajroné Pétrus isih guneman, ana jago kluruk.

61Gusti Yésus tumolèh lan mirsani Pétrus. Pétrus banjur kèlingan marang pangandikané Gusti: "Ing dina iki sadurungé jago kluruk, kowé bakal nyélaki Aku ping telu."

62Pétrus banjur metu saka ing kono lan nangis kelara-lara.

63Gusti Yésus dipoyoki lan digebugi déning wong-wong sing padha nahan Panjenengané.

64Paningalé ditutupi nuli ditakoni: "Bedhèken, sapa sing nggebug kowé?"

65Akèh menèh tembung pamoyok sing diucapaké déning wong sing padha jaga marang Panjenengané.

66Ésuké para pengareping wong Yahudi, para pengareping imam lan para ahli Torèt padha nglumpuk, Gusti Yésus banjur diladèkaké Predataning Agama.

67Wong-wong mau padha takon marang Gusti Yésus: "Kandhaa, apa kowé kuwi Sang Kristus?" Gusti Yésus ngandika: "Senajan Aku kandhaa, kowé iya ora bakal ngandel,

68lan senajan Aku takona apa-apa, kowé kabèh iya ora bakal mangsuli.

69Nanging saiki Putraning Manungsa bakal lenggah ana ing tengené Allah Kang Mahakwasa."

70Wong mau padha muni: "Yèn mengkono, apa kowé kuwi Putrané Allah?" Pangandikané Gusti Yésus: "Ya, pancèn mengkono."

71Wong kabèh banjur padha muni: "Kita wis ora prelu seksi menèh! Wis padha krungu saka tembungé dhéwé."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel