Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 23 >> 

1Predata kabèh nuli padha ngadeg, lan ngirid Gusti Yésus menyang ngarsané Gubernur Pilatus.

2Ana ing kono wong-wong mau padha nggugat, aturé: "Kula sami sumerep, bilih tiyang menika nasaraken rakyat. Piyambakipun ngojok-ojoki tiyang, supados mboten sami mbayar pajeg dhateng Kaisar, sebab manut Piyambakipun, Yésus piyambak menika Sang Kristus."

3Gubernur Pilatus nuli ndangu marang Gusti Yésus: "Apa bener yèn kowé kuwi ratuné wong Yahudi?" Pangandikané Gusti Yésus: "Inggih leres mekaten."

4Gubernur Pilatus nuli ngandika marang para pengareping imam lan wong akèh sing ana ing kono: "Yèn manut aku, wong iki ora salah apa-apa."

5Nanging wong-wong mau padha ngangseg, aturé: "Srana piwulangipun, tiyang menika ngojok-ojoki dhateng tiyang satanah Yudéa sedaya kapurih mbaléla, kawiwitan saking tanah Galiléa, lan samenika sampun dumugi ing ngriki."

6Bareng Gubernur Pilatus mireng aturé wong-wong mau, nuli ndangu: "Apa wong iki asalé saka tanah Galiléa?"

7Bareng pirsa, yèn Gusti Yésus kuwi asalé saka daérah wewengkoné Sang Prabu Hérodès, panjenengané nuli utusan ngirid Gusti Yésus marang Sang Prabu, sing nalika semana pinuju ana ing kutha Yérusalèm.

8Sang Prabu Hérodès bareng pirsa Gusti Yésus, bungah banget, sebab wis kepara suwé midhanget pawartané, mulané kepéngin pirsa dhéwé, malah uga ngarep-arep bisaa pirsa olèhé nindakaké mujijat.

9Mulané Sang Prabu Hérodès ngajokaké pitakonan akèh marang Gusti Yésus, nanging Panjenengané ora kersa ngandika babar-pisan.

10Para pengareping imam lan para ahli Torèt uga padha sowan ana ing kono, sarta padha nggugat Gusti Yésus srana pandakwa sing abot.

11Gusti Yésus digawé geguyon lan dipoyoki déning Sang Prabu Hérodès lan para prejurité. Gusti Yésus nuli diagemi ageman keprabon, nuli diirid bali menyang ngarsané Gubernur Pilatus.

12Wiwit dina kuwi uga Sang Prabu Hérodès lan Gubernur Pontius Pilatus, sing mauné padha sesatron, padha memitran menèh.

13Gubernur Pilatus nuli ngumpulaké para pengareping imam lan para pemimpin, apa déné rakyat,

14nuli ngandika marang wong-wong mau: "Kowé padha ngladèkaké wong iki marang aku, lan kowé kandha yèn wong iki nasaraké wong akèh. Wong kuwi wis dakpriksa ana ing ngarepmu, nanging mungguh ing aku, aku ora nemokaké keluputan sing kokgugataké.

15Semono uga Sang Prabu Hérodès, sebab panjenengané uga wis ngirim Yésus iki bali mréné. Wong iki ora nglakoni apa-apa sing patut diukum pati.

16Mulané wong iki mung arep dakgebugi, banjur dakluwari."

17[Wis dadi padatan, saben Riaya Paskah Gubernur Pilatus ngluwari wong ukuman siji sing disuwun déning rakyat.]

18Wong akèh sing ana ing kono padha bengok-bengok: "Tiyang menika kasirnakna. Kula nyuwun luwaripun Barabas."

19(Barabas kuwi dikunjara, merga enggoné brontak ana ingkutha lan matèni wong.)

20Sarèhné Gubernur Pilatus kepéngin ngluwari Gusti Yésus, mulané Panjenengané ndangu sepisan menèh marang wong akèh mau.

21Nanging wong akèh mau padha bengok-bengok: "Dipun salib kémawon! Dipun salib!"

22Gubernur Pilatus nuli ngaping teloni, enggoné ndangu marang wong akèh mau, pangandikané: "Nanging salahé apa? Aku ora nemokaké luputé wong iki, sing patut dipatrapi paukuman pati! Wong iki arep dakgebugi, nuli dakluwari."

23Nanging wong akèh mau malah padha bengok-bengok sarosané, yèn Gusti Yésus kudu disalib. Pungkasané wong akèh mau menang.

24Gubernur Pilatus nuli mutusaké ukuman pati, kaya sing dikarepaké déning wong-wong mau.

25Gubernur Pilatus ngluwari wong ukuman sing padha disuwun, yakuwi Barabas, wong sing dikunjara, merga kesangkut pembrontakan lan matèni wong. Gubernur Pilatus nuli masrahaké Gusti Yésus marang wong akèh mau, supaya dipatrapi manut sakarepé.

26Gusti Yésus nuli diirid metu saka kutha Yérusalèm. Ana ing dalan, iring-iringan mau kepethuk wong, jenengé Simon, asalé saka Kiréné, arep mlebu kutha. Simon mau diundang lan dipeksa manggul salibé Gusti Yésus, ana ing sawingkingé.

27Akèh wong sing padha ngetutaké tindaké Gusti Yésus. Ing antarané wong akèh mau uga ana wongé wadon sawetara. Wong-wong wadon mau padha nangisi Gusti Yésus karo ngadhuh-adhuh.

28Gusti Yésus tumolèh lan ngandika marang wong-wong wadon mau: "Kowé, wong wadon kutha Yérusalèm! Aja padha nangisi Aku; tangisana awakmu dhéwé lan anak-anakmu.

29Sabab bakal ana wektuné wong muni: ‘Begja temen wong wadon sing gabug, sing ora tau nglairaké lan ora tau nusoni bayi!’

30Bakal ana wektuné wong padha muni marang gunung-gunung: ‘Aku jugrugana!’ lan muni marang punthuk-punthuk: ‘Aku urugana.’

31Sebab yèn kaya mengkéné penggawéné wong marang kayu sing urip, méndahané menèh kayu sing garing bakal dikapakaké!"

32Ana durjana loro sing uga padha diirid bebarengan karo Gusti Yésus.

33Bareng wis tekan panggonan sing disebut "Pacumplungan," Gusti Yésus nuli disalib, bebarengan karo durjana loro mau, sing siji ana ing tengené, sijiné ana ing kiwané.

34Gusti Yésus nuli ndedonga: "Dhuh Rama, kalepatanipun tiyang-tiyang menika mugi Paduka apunten, amargi mboten sami mangertos menapa ingkang sami dipun tindakaken."

35Agemané Gusti Yésus nuli diedum-edum srana diundhi. Wong akèh padha ngadeg nonton apa sing kelakon ana ing kono. Para pengareping wong Yahudi padha moyoki Gusti Yésus, uniné: "Dhèwèké wis nylametaké wong liya, jajal apa saiki bisa nylametaké awaké dhéwé, yèn nyata wong kuwi Sang Kristus utusané Allah."

36Para prejurit iya padha moyoki, lan banjur padha marani Gusti Yésus sarta nyaosaké anggur kecut.

37Banjur padha muni: "Yèn kowé ratuné wong Yahudi, nulungana awakmu dhéwé!"

38Ing sandhuwuré mestakané Gusti Yésus ana tulisan sing uniné mengkéné: "Yésus ratuné wong Yahudi."

39Salah sijiné durjana sing disalib mau ngala-ala Gusti Yésus. Wong mau muni: "Yèn kowé kuwi Sang Kristus, nulungana awakmu dhéwé lan aku wong loro iki pisan."

40Nanging durjana sing sijiné melèhaké kancané mau karo muni: "Apa kowé ora éring karo Gusti Allah? Kita kabèh iki diukum mati.

41Tumraping aku lan kowé, ukuman iki wis samesthiné. Nanging wong iki rak ora salah!"

42Wong mau banjur matur marang Gusti Yésus: "Gusti, Panjenengan mugi kersa ngèngeti dhateng kawula, menawi Panjenengan mbénjing jumeneng ratu."

43Pangandikané Gusti Yésus: "Ngandela, dina iki uga kowé bakal bareng karo Aku mlebu ana ing Firdus."

44Kira-kira jam rolas awan, srengéngé ora nyunaraké padhangé. Satanah kono kabèh dadi peteng ndhedhet, nganti jam telu.

45Kacrita gebering Pedalemané Allah suwèk ing tengah, dadi loro.

46Gusti Yésus nuli nguwuh klawan swara sora: "Dhuh Rama! Kawula masrahaken nyawa kawula ing asta Paduka!" Sawisé matur mengkono Gusti Yésus nuli séda.

47Nalika komandhané para prejurit sing padha jaga ana ing kono weruh lelakon kuwi mau kabèh, nuli ngluhuraké Asmané Allah karo muni: "Nyata, wong iki ora luput."

48Wong-wong sing padha teka mrono, arep ndeleng apa sing kelakon ana ing kono, iya padha nyipati lelakon-lelakon kuwi mau kabèh. Mula padha mulih kanthi rasa keduwung banget.

49Lan wong kabèh sing padha kenal karo Gusti Yésus, semono uga para wong wadon sing ndhèrèkaké Panjenengané saka tanah Galiléa mau, padha ngadeg saka kadohan lan ndeleng lelakon kuwi mau kabèh.

50(23:50-51) Ana wong jeneng Yusuf, saka kutha Arimatéa. Yusuf mau wong becik lan kinurmatan, wong mursid sing uga nganti-anti kebabaring Kratoné Allah. Senajan Yusuf mau warganing Predata Agama, nanging ora ngrujuki putusané predata mau tumraping Gusti Yésus.

51(23:50)

52Yusuf nuli sowan marang Gubernur Pilatus lan nyuwun layoné Gusti Yésus. Panyuwuné mau dikabulaké.

53Yusuf nuli ngedhunaké layon mau saka ing kayu salib, banjur diulesi nganggo mori alus. Sawisé kuwi layon mau nuli disarèkaké ana ing pesaréan sing ditatah ana ing punthuk karang. Kuburan kuwi durung tau kanggo.

54Nalika semana pinuju dina pacawisan. Sedhéla menèh wis ngarepaké dina Sabbat.

55Para wong wadon, sing padha ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus saka tanah Galiléa, kuwi iya padha ngetutaké Yusuf, mèlu ngiringaké layoné menyang pesaréan. Wong-wong mau padha weruh dhéwé patrapé enggoné layon mau disarèkaké.

56Wong-wong wadon mau nuli padha mulih lan nyawisaké racikané bumbu lan lenga wangi, sing arep dienggo mborèhi sarirané Gusti Yésus. Ésuké, sarèhné dina Sabbat, wong-wong mau padha ora nerusaké enggoné nyambut-gawé, jalaran padha netepi angger-anggering dina Sabbat.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel