Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 7 >> 

1Bareng wis rampung enggoné ngandika marang wong akèh, Gusti Yésus banjur mlebet ing kutha Kapèrnaum.

2Ing kono ana perwira tentara Rum duwé abdi, sing ditresnani banget. Abdi mau lara banget, wis mèh mati.

3Bareng krungu bab Gusti Yésus, perwira mau nuli akon marang pengareping wong Yahudi sawetara, ngaturi Gusti Yésus, supaya kersa rawuh marasaké abdiné sing lara mau ana ing omahé.

4Wong-wong sing padha didhawuhi, sawisé ketemu Gusti Yésus, banjur nyuwun kanthi adreng, supaya kersa rawuh lan paring pitulungan marang perwira mau. Aturé: "Perwira menika pantes Panjenengan paringi pitulungan,

5awit tiyang menika tresna dhateng bangsa kita, malah sampun ngedegaken sinagogé kanggé kula sedaya."

6Gusti Yésus nuli tedhak bebarengan karo wong-wong mau menyang omahé perwira Rum kuwi. Nalika tindaké wis cedhak karo omahé, wong mau akon kanca-kancané methukaké Gusti Yésus karo matur: "Guru, mboten prelu répot-répot tindak dhateng griya kawula. Kawula mboten pantes Panjenengan rawuhi.

7Kawula piyambak inggih rumaos mboten pantes sowan dhateng ngarsa Panjenengan. Pramila prayogi menawi Panjenengan kersa ngandika sakecap kémawon, mangké réncang kawula temtu lajeng saras.

8Awit kawula piyambak inggih kedah tundhuk dhateng pengageng kawula. Lan sangandhap kawula inggih wonten prejurit-prejurit ingkang kedah tundhuk dhateng préntah kawula. Menawi kawula akèn dhateng ingkang setunggal: ‘Lungaa’, piyambakipun inggih késah. Menawi kawula akèn dhateng sanèsipun: ‘Mrénéa’, piyambakipun inggih dhateng; utawi menawi kawula akèn dhateng réncang kawula: ‘Iki lakonana’, piyambakipun inggih nglampahi."

9Bareng mireng aturé perwira mau, Gusti Yésus gumun banget. Panjenengané nuli mirsani wong akèh sing padha ndhèrèkaké sarta ngandika: "Aku durung tau tumon pengandel sing semono gedhéné, senajan ing antarané wong Israèl pisan."

10Nalika wong-wong sing padha diutus déning perwira Rum mau bali tekan omahé menèh, abdi sing lara mau ketemu wis waras.

11Ora let suwé Gusti Yésus tindak menyang kutha Nain. Para sekabaté padha ndhèrèkaké, lan wong akèh iya padha gumrudug ngetutaké.

12Bareng tindaké Gusti Yésus wis mèh tekan sekèthèngé kutha, ana layon lagi dipikul metu saka sekèthèng mau. Sing mati kuwi nom-noman, anak ontang-anting. Embokné wis randha. Akèh wong sakutha kono sing padha mèlu ngiringaké layoné bebarengan karo randha sing kepatèn mau.

13Gusti Yésus trenyuh penggalihé, merga saka welasé, nuli ngandika: "Aja nangis, bu!"

14Gusti Yésus nyelaki bandhosané lan didemèk. Wong-wong sing padha ngusung bandhosa mau nuli mandheg. Gusti Yésus banjur ngandika: "Nggèr, Aku dhawuh marang kowé: ‘Tangia!’"

15Nom-noman sing wis mati mau nuli njenggèlèk, lungguh, sarta caturan. Gusti Yésus banjur masrahaké nom-noman mau marang embokné.

16Wong kabèh padha wedi, lan banjur ngluhuraké Gusti Allah, tembungé: "Ana nabi gedhé jumeneng ing antara kita! Gusti Allah wis rawuh arep nylametaké umaté!"

17Kabar bab Gusti Yésus kuwi sumebar sanegara Yahudi kabèh lan ing sakiwa-tengené.

18Nalika Yohanes Pembaptis mireng kabar bab Gusti Yésus mau saka para sekabaté, nuli nimbali sekabaté loro,

19diutus sowan Gusti Yésus, didhawuhi matur: "Menapa Panjenengan menika Sang Kristus ingkang sampun kaweca badhé rawuh, menapa kawula kedah ngentosi tiyang sanèsipun?"

20Sekabat loro mau nuli padha sowan marang Gusti Yésus, sarta matur: "Nabi Yohanes Pembaptis ngutus kawula kekalih nyuwun pirsa dhateng Panjenengan, menapa Panjenengan menika Sang Kristus, ingkang sampun kaweca badhé rawuh, menapa kawula sami kedah ngentosi tiyang sanèsipun?"

21Nalika semana Gusti Yésus lagi marasaké wong akèh sing padha lara; dhemit-dhemit ditundhungi, lan wong wuta diwarasaké nganti bisa ndeleng.

22Gusti Yésus nuli ngandika mengkéné: "Balia, Nabi Yohanes aturana pirsa apa sing kokdeleng lan kokrungu, matura yèn wong wuta padha bisa ndeleng, wong lumpuh bisa mlaku, wong lara kusta padha waras, wong budheg bisa ngrungu, wong mati ditangèkaké, lan Injil diwartakaké marang wong miskin.

23Begja wong sing atiné ora mangu-mangu karo Aku!"

24Sawisé para utusané Nabi Yohanes Pembaptis mau padha mulih, Gusti Yésus nuli ngandikakaké bab Nabi Yohanes marang wong akèh mengkéné: "Yèn kowé padha marani Nabi Yohanes ana ing ara-ara samun, sejatiné apa sing kokdeleng ana ing kana? Apa glagah sing kanginan?

25Apa sing arep koksawang? Apa wong sing nganggo sandhangan mentèrèng? Wong-wong sing sandhangané mentèrèng, lan wong sing uripé méwah kuwi manggoné ana ing kraton!

26Coba kandhaa, kowé padha lunga menyang ara-ara samun mau arep apa? Apa arep ndeleng nabi? Ya bener. Malah ngungkuli nabi.

27Awit Nabi Yohanes kuwi utusan, sing tekané wis kaweca ana ing Kitab Suci, mengkéné: ‘Pangandikané Gusti Allah: Iki utusan-Ku, sing Dakutus ndhisiki laku-Mu supaya nyawisaké dalan sing bakal Kokambah.’"

28Sabanjuré Gusti Yésus ngandika: "Tembung-Ku iki gatèkna: Yèn saka antarané wong kabèh sing urip ana ing donya iki, ora ana wong siji waé sing luwih unggul ketimbang karo Nabi Yohanes Pembaptis. Éwasemono sing cilik dhéwé drajaté ana ing Kratoné Gusti Allah, kuwi luwih luhur ketimbang karo Nabi Yohanes."

29Wong akèh, klebu uga para pegawé pajeg, padha krungu pangandikané Gusti Yésus mau. Wong-wong kuwi wis padha mratobat, sarta padha njaluk dibaptis déning Nabi Yohanes.

30Nanging wong-wong Farisi lan para ahli Torèt padha nampik kersané Gusti Allah tumrap dhèwèké. Mulané padha ora gelem dibaptis déning Nabi Yohanes.

31Gusti Yésus nuli ngandika menèh: "Wong-wong golongan iki arep Dakupamakaké lan kena dipadhakaké karo sapa?

32Wong-wong kuwi kaya bocah-bocah sing padha dolanan ana ing pasar; sing sakrompol kandha karo liyané: ‘Aku nglagokaké lagu pengantèn, kowé kokora padha njogèd! Wis dakkidungaké lagu pelayatan, kokpadha ora nangis!’

33Nabi Yohanes Pembaptis rawuh !!— panjenengané siyam lan ora ngunjuk anggur !!— kokunèkaké: ‘Kuwi wong kepanjingan dhemit!’

34Putrané Manungsa rawuh !!— Panjenengané dhahar lan ngunjuk !!— kokunèkaké: ‘Delengen, wong nggragas, wong sing seneng ndem-ndeman, kancané pegawé pajeg lan wong ala!’

35Senajan mengkono, sing bener kuwi kawicaksanané Gusti Allah, lan diakoni déning wong-wong sing padha nampani kawicaksanané mau."

36Ana wong Farisi, jenengé Simon, ngaturi dhahar Gusti Yésus ana ing omahé. Gusti Yésus nuli rawuh ing omah mau lan lenggah dhahar.

37Ing kutha kono ana wong wadon tuna susila. Bareng krungu yèn Gusti Yésus lagi dhahar ana ing omahé wong Farisi, wong wadon mau teka mrono nggawa botol isi lenga wangi.

38Wong wadon mau ngadeg ana ing mburiné Gusti Yésus cedhak sampéyané karo nangis, luhé dlèwèran, tumètès nelesi sampéyané mau, kang nuli diusapi nganggo rambuté, diambungi lan dilengani nganggo lenga wanginé.

39Simon, wong Farisi, sing ngaturi dhahar Gusti Yésus weruh apa sing ditindakaké déning wong wadon kuwi. Wong Farisi mau mosik ing atiné: "Yèn Yésus kuwi nabi temenan, mesthi iya pirsa, yèn wong wadon sing ndemèk sampéyané kuwi wong tuna susila."

40Mulané Gusti Yésus nuli ngandika marang Simon: "Simon, Aku arep omong sethithik karo kowé." Wangsulané Simon: "Mangga Guru, kawula aturi ngandikakaken."

41Gusti Yésus nuli ngandika: "Ana wong loro sing padha duwé utang marang tukang motangaké. Sing siji utangé limang atus dinar, sijiné sèket dinar.

42Wong loro mau padha-padha ora bisa nyaur utangé. Mulané wong sing motangaké nuli nglilakaké utangé wong loro mau. Saiki Aku takon: ‘Ing antarané wong loro mau, endi sing luwih gedhé tresnané marang wong sing motangaké mau?’"

43"Kawula kinten inggih tiyang ingkang sambutanipun langkung kathah wau!," mengkono wangsulané Simon. Pangandikané Gusti Yésus: "Bener!"

44Gusti Yésus nuli mirsani wong wadon mau, banjur ngandika menèh marang Simon: "Kowé rak weruh wong wadon iki? Nalika Aku mlebu omahmu, kowé ora nyawisi banyu kanggo wisuh sikil. Nanging wong wadon iki wis nelesi sikil-Ku srana luhé, banjur diusapi nganggo rambuté.

45Nalika Aku mlebu ing omahmu, Aku ora kokambung, nanging wong wadon iki ngambungi sikil-Ku marambah-rambah, wiwit Aku teka ana ing kéné.

46Kowé ora nglengani rambut-Ku, nanging wong wadon iki wis nglengani sikil-Ku nganggo lenga wangi.

47Ngertia: Saka katresnané wong iki, sing semono gedhéné, ketitik sepira aboting dosané sing wis diapura déning Gusti Allah. Wong sing nampani pangapura mung sethithik, katresnané iya sethithik."

48Gusti Yésus nuli ngandika marang wong wadon mau: "Dosa-dosamu wis diapura."

49Wong akèh sing padha bebarengan mangan karo Gusti Yésus nuli padha rerasanan: "Wong kuwi sapa, kokwani-wani ngapura dosané manungsa?"

50Nanging Gusti Yésus ngandika marang wong wadon mau: "Pengandelmu sing mitulungi kowé. Wis lungaa kanthi slamet."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel