Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 7 >> 

1"Aja padha ngadili wong liya, supaya kowé dhéwé iya ora diadili déning Gusti Allah.

2Awit Gusti Allah ngagem wewaton sing kokenggo ngadili wong liya mau kanggo netepaké ala-becikmu. Lan ukuran-ukuran sing kokenggo ngukur wong liya, iya ukuran kuwi sing diagem déning Gusti Allah kanggo ngukur kowé.

3Apa sebabé déné tatal sing ana ing mripaté wong liya, kowé weruh, nanging balok sing ana ing mripatmu dhéwé, kowé ora weruh?

4Kokwani-wanimu ngandhani wong liya: ‘Tatal ing mripatmu dakilangané’, mangka ing mripatmu dhéwé ana baloké?

5Dhasaré kowé kuwi wong lamis! Balok ing mripatmu kuwi ilangana dhisik, banjur kowé lagi bisa ndeleng klawan cetha lan bisa ngilangi tatal sing ana mripaté wong liya mau.

6Barang sing suci aja kokuncalaké nyang asu, awit asu mau bakal minger lan nyander kowé. Lan mutiara aja kokuncalaké nyang babi, jalaran mutiara mau mung bakal diidak-idak."

7"Padha nyenyuwuna marang Gusti Allah, temah kowé bakal diparingi. Padha nggolèkana Panjenengané, mesthi bakal ketemu. Padha nothoka koriné Gusti Allah, temah kowé bakal padha diwengani.

8Awit wong sing padha mantep ing panyuwun marang Gusti Allah, bakal kaparingan, lan wong sing tansah nggolèki Gusti Allah, bakal ketemu Panjenengané; lan wong sing tansah thothok-thothok ing koriné Gusti Allah, bakal diwengani.

9Apa panunggalanmu ana sing dijaluki roti anaké kokmènèhi watu?

10Utawa mènèhi ula, yèn anaké njaluk iwak?

11Senajan kowé alaa kaya apa, kowé padha ngerti mènèhi barang sing becik marang anak-anakmu. Apa menèh Gusti Allah, Ramamu ing swarga. Panjenengané bakal maringi barang sing becik marang saben wong sing nyenyuwun marang Panjenengané!"

12"Apa sing kokkarepaké supaya ditindakaké déning wong liya marang kowé, kuwi tindakna marang wong mau. Iya kuwi sariné Angger-anggering Torèt, sing diwulangaké déning Nabi Musa lan nabi-nabi liyané."

13"Padha mlebua metu lawang sing ciyut, awit lawang sing amba lan dalan sing jembar kuwi anjog ing nraka! Mangka akèh wong sing padha milih dalan mau.

14Kosokbaliné lawang sing ciyut lan dalan sing rumpil, kuwi anjog marang kauripan, lan mung sethithik cacahé wong sing milih dalan kuwi."

15"Padha sing ngati-ati; ana nabi-nabi palsu. Wong-wong mau padha nekani kowé méndha-méndha wedhus gèmbèl, mangka sejatiné asu ajag sing galak.

16Ketitiké wong mau saka penggawéné. Apa ana thethukulan eri ngetokaké woh anggur lan apa ana rerungkudan ngetokaké woh ara?

17Wit sing waras ngetokaké woh sing becik, lan wit sing geringen ngetokaké woh sing ala.

18Wit sing becik ora bisa ngetokaké woh sing ala, lan wit sing geringen ora bisa ngetokaké woh sing becik.

19Saben wit sing ora ngetokaké woh sing becik, ditegor lan diobong.

20Mengkono uga kedadéané para nabi palsu mau. Kowé bakal padha bisa nitik wong-wong mau saka wohing penggawéné."

21"Sing dadi umat ana ing Kratoné Allah kuwi dudu angger wong sing matur marang Aku: ‘Gusti, Gusti’, nanging mung wong sing padha nglakoni kersané Rama-Ku ing swarga.

22Ing Dina Kiamat bakal akèh wong sing padha matur marang Aku: ‘Gusti, Gusti, kawula rak sampun martosaken pangandikanipun Gusti Allah atas asma Paduka? Lan kawula rak sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, menapa malih sampun damel mujijat kathah atas asma Paduka?’

23Nanging Aku bakal mangsuli: ‘Aku ora wanuh karo kowé! Padha sumingkira saka ing kéné, kowé wong sing seneng gawé piala!’"

24"Wong sing ngrungokaké lan nglakoni piwulang-Ku, kuwi padha karo wong pinter sing ngedegaké omahé ana ing padhasan.

25Bareng ana udan deres lan ana banjir, sarta ana angin gedhé nempuh, omah mau ora rubuh, awit ngadeg ana ing padhasan.

26Nanging sapa sing ngrungokaké piwulang-Ku, mangka ora nglakoni, kuwi padha karo wong bodho, sing ngedegaké omahé ing lemah pasir.

27Bareng ana udan deres lan ana banjir, sarta ana angin gedhé nempuh, omah mau nuli ambruk, lan rusak banget!"

28Bareng Gusti Yésus wis rampung enggoné memulang, wong kabèh padha gumun banget marang piwulangé.

29Awit enggoné mulang kanthi pangwasa, ora kaya pamulangé ahli Torèt.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel