Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 8 >> 

1Gusti Yésus mandhap saka ing gunung, kadhèrèkaké déning wong akèh.

2Ing kono ana wong lara kusta. Wong mau sowan lan sujud ing ngarsané Gusti Yésus, sarta matur: "Gusti, menawi Panjenengan kersa, inggih temtu saged nyarasaken kawula."

3Gusti Yésus banjur mulung astané, ndemèk wong mau. Pangandikané: "Ya! Aku kersa. Warasa!" Sanalika iku uga lelarané kusta ilang, lan wong mau waras.

4Gusti Yésus banjur ngandika marang wong mau: "Poma, bab iki aja kokkandhakaké marang sapa waé. Sowana marang imam, aturana mriksa awakmu. Sawisé kuwi saosna kurban miturut préntahé Nabi Musa, kanggo mbuktèkaké marang wong-wong, yèn kowé wis waras tenan!"

5Nalika Gusti Yésus mlebu ing kutha Kapèrnaum, ana perwira tentara Rum sowan ing ngarsané, sarta nyuwun pitulungané Gusti.

6Aturé wong mau: "Gusti, réncang kawula sakit wonten ing griya. Tiyang wau nggluntung ing patileman, lan ngraosaken sakit sanget."

7Gusti Yésus ngandika: "Iya, Aku Dakmrana marasaké."

8Nanging aturé perwira mau: "Ah, mbok mboten sisah rawuh piyambak. Kawula mboten pantes nampèni Gusti ing griya kawula. Panjenengan kawula aturi dhawuh kémawon, mangké réncang kawula mesthi saras!

9Awit kawula piyambak inggih kedah tundhuk dhateng pengageng kawula. Lan sangandhap kawula inggih wonten rèrèhan prejurit-prejurit ingkang kedah tundhuk dhateng préntah kawula. Menawi kawula akèn dhateng ingkang setunggal: ‘Lungaa’, piyambakipun inggih késah. Menawi kawula ngundang sanèsipun: ‘Mrénéa’, piyambakipun inggih nunten dhateng; utawi menawi kawula akèn réncang kawula: ‘Iki lakonana’, piyambakipun inggih tumunten nglampahi."

10Bareng mireng aturé perwira mau, Gusti Yésus gumun banget. Banjur ngandika marang wong-wong sing ndhèrèkaké: "Aku durung tumon pengandel sing semono gedhéné ana ing antarané wong Israèl.

11Titènana waé, bakal akèh wong sing teka saka Wétan lan saka Kulon padha bungah-bungah bebarengan karo Bapa Abraham, Iskak lan Yakub ana ing Kratoné Allah.

12Nanging wong-wong sing samesthiné dadi umat ing Kratoné Allah, malah bakal ditundhung lan diukum. Ing kono wong-wong mau bakal padha nangis lan krasa keduwung banget."

13Gusti Yésus banjur ngandika marang perwira mau: "Wis, muliha. Apa sing dadi pengandelmu bakal kelakon." Sanalika iku uga abdiné perwira mau waras.

14Gusti Yésus tindak menyang omahé Pétrus. Ing kono Panjenengané mirsa ibuné maratuwa Pétrus mau lagi lara panas ana ing peturon.

15Tangané banjur didemèk, temahan mari larané. Wong mau banjur tangi lan ngladosi Gusti.

16Nalika ngarepaké peteng akèh wong sing kesurupan dhemit padha disowanaké ana ing ngarsané Gusti Yésus. Dhemit-dhemit mau padha ditundhungi, cukup mung srana didhawuhi waé. Semono uga Panjenengané marasaké wong-wong sing padha lara liyané.

17Gusti Yésus nindakaké kuwi mau kabèh, supaya kelakon temenan apa sing wis dingandikakaké déning Nabi Yésaya, mengkéné: "Panjenengané wis nyanggi kasangsaran kita lan marasaké sakèhing lelara kita."

18Nalika mirsa wong akèh ngrubung Panjenengané, Gusti Yésus nuli dhawuh marang murid-muridé, supaya nyabrang Tlaga Galiléa.

19Ana ing kono ana sawijining ahli Torèt sing sowan lan matur: "Guru, kawula badhé ndhèrèk Panjenengan dhateng pundi kémawon tindak Panjenengan."

20Gusti Yésus ngandika: "Asu ajag padha duwé rong, lan manuk padha duwé susuh, nanging Aku, Putraning Manungsa, ora duwé papan kanggo nggléthak lan ngaso."

21Nuli ana murid liyané sing matur: "Gusti, kawula nyuwun pamit badhé ngubur bapak kawula."

22Nanging Gusti Yésus ngandika: "Mèlua Aku! Wong mati cikbèn padha ngubur panunggalané sing padha mati."

23Gusti Yésus banjur minggah ing prau lan para muridé padha ndhèrèk.

24Ora wetara suwé ing tlaga mau ana prahara, nganti prauné diontang-antingaké déning ombak. Nalika semana Gusti Yésus lagi saré.

25Para muridé nuli padha marani, mungu Panjenengané, lan padha bengok-bengok: "Gusti, nyuwun tulung! Praunipun badhé kèrem!"

26Pangandikané Gusti Yésus: "Yagéné kowé padha wedi? Kowé padha cupet ing pengandel." Gusti Yésus banjur jumeneng. Angin lan ombak nuli didhawuhi supaya sirep. Banjur iya sirep.

27Sakèhing wong sing ana ing kono padha gumun. Lan padha muni: "Wong iki sapa ta, déné tekan angin lan ombak barang kokpadha ngèstokaké dhawuhé!"

28Gusti Yésus enggoné nyabrang tlaga wis tekan tanah Gadara. Tumuli dipethukaké déning wong loro, sing metu saka guwa-guwa kuburan. Wong-wong mau padha kesurupan dhemit, lan mbebayani banget, mulané ora ana wong siji-sijia sing wani liwat cedhak kono.

29Dumadakan wong-wong sing kesurupan dhemit mau padha bengok-bengok: "Kawula badhé Panjenengan menapakaken, dhuh Putranipun Allah? Menapa Panjenengan sampun badhé ngukum kawula? Samenika rak dèrèng wekdalipun?"

30Ora adoh saka kono ana pepanthan babi sing lagi padha golèk pangan.

31Dhemit-dhemit mau nuli padha matur marang Gusti Yésus: "Menawi kawula sami kadhawuhan medal, keparenga kawula sami mlebet ing babi-babi menika."

32Dhawuhé Gusti Yésus: "Padha metua." Dhemit-dhemit nuli padha metu saka wong-wong sing kesurupan mau, banjur mlebu ing babi-babi. Babi-babi kuwi nuli padha njegur saka pinggiring jurang menyang tlaga, temahan padha mati kleleb.

33Wong sing padha ngengon babi banjur mlayu menyang kutha lan nyritakaké lelakon kuwi, uga bab wong loro sing kesurupan dhemit mau.

34Wong sakutha kabèh nuli padha metu marani Gusti Yésus. Bareng ketemu banjur padha nyuwun kanthi banget, supaya Panjenengané kersa nilar wilayah kono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel